Sariamin Ismail
Sariamin Ismail ingkang miyos ing Talu, Pasaman, Sumatera Barat, tanggal 31 Juli 1909 saha séda ing Pekanbaru, Riau ing taun 1995 ing yuswa 86 taun inggih punika pujangga wanita ingkang sapisan ing Indonésia.[1] Piyambakipun asring ngginakaken sandhi asma Selasih saha Seleguri, utawi gabungan saking kalih sandhi asma kasebat, inggih punika, Selasih Seleguri. Novelipun ingkang sapisan medal inggih kanthi irah-irahan Kalau tak Untung dipuncithak déning Balai Pustaka ing taun 1934. Piyambakipun ugi aktip nyerat kathah artikel ing médhia massa saha koran kados ta Pujangga Baru, Panji Pustaka, Asyara, Sunting Melayu, saha Bintang Hindia, piyambakipun ugi sampun naté dados editor ing ariwarta Suara Kaum Ibu ing Padang Panjang nalika taun 1934. Kajawi punika, piyambakipun ugi sampun naté kepilih dados anggota parlemen laladan kanggé provinsi Riau sasampunipun kepilih ing taun 1947.
Sariamin Ismail | |
---|---|
Jeneng pèn | "Selasih", "Seleguri" atau "Selasih Seleguri" |
Pakarya | Guru |
Bangsa | Indhonésia |
Suku | Minangkabau |
Warga nagara | Indhonésia |
Obahan sastra | Pujangga Baru |
Karya gedhé | Kalau tak Untung |
Bojo | Ismail |
Anak | Suryahati Ismail, Tini Hadad |
Biografi
besutSariamin miyos kanthi nama asli Basariah ing tanggal 31 Juli 1909 ing Talu, Pasaman Barat. Piyambakipun naté ngampungaken sekolah dhasar ing laladan miyosipun, lajeng ing yuswa 10 taun, piyambakipun sampun miwiti nyerat syair saha wujud-wujud puisi sanèsipun. Sasampunipun lulus ing taun 1921, piyambakipun lajeng nerasaken sekolah dhateng sekolah guru mirunggan wanita ing Padang Panjang, sah ing yuswa 16 taun sampun kathah nyerat ing mapinten-pinten koran okal kados ta “Pandji Poestaka”. Piyambakipun lajeng dados guru sasampunipun ngrampungaken pendhidhikan ing sekolah guru ing taun 1925. Selasih sepisanan makarya wonten ing Bengkulu lajeng pindhah dhateng Bukittinggo.[2] Lajeng piyambakipun kondur malih ing Padang Panjang ing taun 1930 lan wiwit taun 1939, wiwit mucal malih ing Acèh, lajeng dipunkintun dhateng Kuantan, Riau ing taun 1941.[3] Kajawi mucal dados guru, Sariamin ugi tetep nerasaken anggènipun nyerat kanggé nyekapi kabetahanipun. Lajeng piyambakipun misuwur dados Selasih saking karya novelipun ingkang sapisan. Ing novèl kasebat, piyambakipun ugi ngginakaken sandhi asma dados Seleguri, Sri Gunung, Sri Tanjung, Ibu Sejati, Bundo Kanduang, saha Mande Rubiah. Lajeng ing tengahing taun 1930 Sariamin nyerat malih kanggé majalah Poedjangga Baroe. Piyambakipun medalaken novelipun ingkang sapisan, Kalau Tak Untung (If Fortune Does Not Favour) ing taun 1933, ingkang punika ndadosaken piyambakipun dados novelis wanita ingkang sapisan ing sajarah Indonésia. Novelipun dipuncithak déning Balai Pustaka, Lajeng piyambakipun medalaken malih novèl sanèsipun kanthi irah-irahan Karena Keadaan (Because of the Situation), ing taun 1937. Ing antawisipun taun 1928 ngantos 1930, Sariamin dados pandhega ing pakempalan Jong Islamieten Bond, ing Bukittinggi saha dados anggota DPRD Bukittinggi ing taun 1947-1948.
Asiling Karya
besut- Kalau Tak Untung (1933)
- Prabawa Keadaan (1937)
- Puisi Baru (1946; poetry anthology)
- Rerangkèn Sastra (1952)
- Seserpih Pinang Sepucuk Sirih (1979; poetry anthology)
- Panca Juara (1981)
- Nakhoda Lancang (1982)
- Cerita Kak Murai, Kembali ke Pangkuan Ayah (1986)
- Ungu: Antologi Puisi Wanita Penyair Indonesia (1990)
Cathetan suku
besut- ↑ [1] Archived 2012-12-03 at the Wayback Machine. Sastra Perempuan Tempo Dulu (dipunundhuh tanggal 21 Januari 2013)
- ↑ [2] Archived 2021-03-02 at the Wayback Machine. Penulis Selasih (dipunundhuh tanggal 21 Januari 2013)
- ↑ [3] Archived 2016-03-05 at the Wayback Machine. Nama saya Selasih (dipunundhuh tanggal 21 Januari 2013)