Sastra Banyumasan

Ing tlatah Banyumasan ngrembaka Basa Jawa kanthi cara tutur Banyumasan. Akèh pawongan kang duwé panemu yèn Basa Banyumasan iku luwih tuwa tinimbang basa Jawa kang sumrambah saiki. Ora kaya basa Jawa ing tlatah liyané, ing kéné pangucapan vokal lan konsonan kaya ing basa Jawa Kuna. Huruf-huruf mau diwaca wantah kaya déné maca tulisan Basa Indonesia.

Umpamane, "tiba" diucap "tiba" ora "tibò" kaya ing tlatah Jawa liyané. Jeruk diucap jeruk ora jerok. Mula saka iku, pangucapane dianggep cedhak marang basa Jawa Kuna. Seka kosa-kata, ana sawatara basa Kawi kang isih ana. Umpamane, inyong (Banyumas) karo ingong (Kawi). Rika karo rika

Tembung "rika" iki uga isih tinemu ing Basa Using ing tlatah Banyuwangi. Sawetara tembung ing basa osing uga akèh tinemu sing padha karo basa Kawi.

Sastra ing basa Banyumasan naté ditulis déning Ahmad Tohari. Ing koran Suara Merdeka, pujangga saka tlatah Banyumas iki nyalin basa novèl anggitane dhéwé, Ronggeng Dukuh Paruk, kanthi basa Banyumasan. Carita iku tinulis dadi carita sambung.

Ing sawatara Majalah Basa Jawa, rata-rata ana rubrik kanggo basa Banyumasan iki.