Sastra Jéndra Hayuningrat Pangruwating Diyu
Sastra Jéndra Hayuningrat Pangruwating Diyu, inggih mĕnika salah satunggaling wĕjangan ingkang awujud mantram sakti kagĕm kawilujĕngan saking tumindak-tumindak awon wontĕn ing alam donya. Tĕmbung Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu, dumadosan saking tĕmbung sastra, jéndra, hayuningrat, saha diyu. Tĕmbung sastra tegĕsipun tulisan. Jéndra, gadhah suraos kawruh utawi sesĕrĕpan. Lajĕng hayuningrat, ngandhut suraos kawilujĕngan tiyang menapa déné alam jagad raya. pangruwating(Indonesia: pembersih), tegĕsipun sĕsuci utawi srana ngicali rĕrĕgĕt, déné tĕmbung diyu, tegĕsipun inggih mĕnika rasěksa ingkang kasinungan tumindak angkara.[1] Sastra Jéndra Hayuningrat Pangruwating Diyu gadhah kathah nama sanèsipun. Wondéné nama sanèsipun ing antawisipun inggih mĕnika Sastra Hajéndra Yuning Rat , Sastra Harjèndra Wadiningrat, Sastra Hajéndra Wadiningrat, saha Sastrayu. Sastra Hajéndra Yuning Rat, inggih mĕnika ngèlmu wucalan ingkang paling inggil magĕpokan kaliyan kawilujěngan alam jagat měnika. Sastra Harjéndra Wadiningrat, tegĕsipun ngèlmu wucalan prĕkawis kawilujěngan kagěm ngruwat rasĕksa. Salajĕngipun Sastra Hajéndra Wadiningrat, inggih mĕnika ngèlmu wucalan paling inggil prĕkawis kawilujěngan alam donya kalĕbĕt wĕwadi donya. Déné ingkang pungkasan Sastrayu, tegĕsipun ngèlmu wucalan kawilujĕngan.[2]
Prĕlu dipun-gantos mĕnawi ngèlmu Sastra Jéndra Hayuningrat Pangruwating Diyu mĕnika boten parĕng dipunwucalaken dhumatĕng sabĕn tiyang saha cara mucalakĕn kĕdah mapan wontĕn papan ingkang mligi, boten parĕng dipunrawuhi déning wanodya miwah mbotĕn parĕng dipunpirĕngaken déning sato kéwan, kutu-kutu walang ataga, amargi sipatipun sayĕkti wĕwadi sanget. Tiyang kĕdah ngupados piyambakan saha mĕnawi mbotĕn prĕmana utawi ngatos-atos sagĕd njalari rĕribet, bĕbĕndu. Mĕnawi manungsa utawi jalma midhangĕtaken sagĕt salin wujud dados rasĕksa ingkang kasinungan pakarti awon tuwin angkara murka. Déné manawi sato kéwan ingkang mirĕngaken saha mangĕrtos prĕkawis Sastra Jéndra Hayuningrat Pangruwating Diyu sagĕt salin wujud dados manungsa wontĕn ing tĕmbé wingking. Caos uninga bilih lampahan pĕwayangan, kawruh utawi ngèlmu Sastra Jéndra Hayuningrat Pangruwating Diyu mĕnika sampun misuwur sangĕt dipunwucalakĕn déning Bĕgawan Wisrawa dhatĕng Prabu Sumali tuwin Dèwi Sukèsi. Kĕjawi saking mĕnika ngèlmu mĕnika ugi dipunwucalakĕn déning Bĕgawan Bima Suci dhumatĕng satriya panĕngah Pandhawa, Radèn Janaka wontĕn ing lampahan Bima Suci utawi Nawaruci utawi Séna Rodra utawi Bima Paksa.[3]
Wontĕn ing salĕbĕting tradhisi sastra Jawi Kino, istilah sastra jéndra wiwit dipuntĕpangaken wontĕn tèks Uttarakanda Jawi Kino, asil éwah-éwahan saking tèks Uttarakanda Sansěkěrta rikala pungkasan abad kaping sědasa Masèhi. Tèks mĕnika kalawau ngĕmot lĕlampahan Ravanotpatti saha wiyosanipun Ravana. Isinipun magĕpokan kaliyan pĕpinginanipun Sumali ingkang badhé malakramakakĕn putrinipun ingkang wujud rasěksi nama Kaikasi kaliyan Visrava kanthi pangajap supados ing tĕmbé piyambakipun sagĕt gadhah tĕdhak turun ingkang mèh sami kaliyan Vaisravana,sawijining pĕpĕthingan Déwa. Nalikanipun jaman Majapahit warsa 1379 Masèhi, lĕlampahan Ravanotpatti mĕnika dipungubah malih déning Mpu Tantular dados Kakavin Arjunavijaya. Wontĕn kakawin punika,dipuncariyosakĕn bilih wiwit saking sĕpatanipun Visrava dhatĕng Sumali ibunku san ahayu, pasuryan Kaikasi dipunéwahi dados sawijining putri. Déning Mpu Tantular sĕpatanipun Visrava dipundadosakĕn punjĕr maringi nama Kaikasi minangka san stry ahajon.[4]. San stry ahajon, sěbatan Kaikasi sasampunipun piyambakipun dipunéwahi saking wujud rasěksi dados Dèvi, lajěng dumados sastra hajén. Miturut Sindu Sastra, sastra hajén ingkang minangka sěbatan sanès sastra jéndra hayuningrat pangruwating diyu měnika nggadhai suraos piwucal suci utawi mantram sěkti ingkang dipunginakakěn déning Visrava kagěm ngruwat Kaikasi. Wontěn ing salěběting pérangan cariyos Ravanotpatti, lairipun Ravana wontěn sastra pědhalangan langkung nyetitikakěn dhatêng kědadosan ingkang dipuntuwuhakěn nalikanipun sastra jéndra hayuningrat pangruwating diyu mbotěn kasil dipunwucalakěn déning Visrava utawi Wisrawa dhumatěng Kaikasi utawi Sukèsi, saéngga lair Rahwana minangka raja angkara murka ingkang nyěpěng panguwaos saha ngrisak jagat.[4]. Kějawi saking měnika, sastra hayuningrat pangruwating diyu měnika kamot wontěn Kitab Arjunasasrabahu. Wondéné uninipun kirang langkung kados mekatěn: Sastra Jéndra Hayuningrat, pangruwat barang sakalir, kapungkur sagung rarasan, ing kawruh tan wontên malih, wus kawêngku sastradi, pungkas-pungkasaning kawruh, ditya diyu raksasa, myang sato sining wanadri, lamun wêruh artiné kang sastrarjéndra. Rinuwat déning bathara, sampurna patinirèki, atmané wor lan manusa, manusa kang wus linuwih, yèn manusa udani, wor lan déwa panitipun, jawata kang minulya mangkono prabu Sumali, duk miyarsa tyasira andhandhang sastra. Měnawi dipuntěrjemahakěn kirang langkung suraosipun inggih měnika ngèlmu utawi piwucal langkung inggil magěpokan kaliyan kawilujěngan jagat sakisinipun, dipunginakakěn kagěm ngruwat sědaya prĕkawis, rumiyin sědaya manungsa sami ngrěmbag ngèlmu měnika, sampun kabingké déning sastradi. Sěsěrěpan utawi kawruh mĕnika dipunsimpulakĕn bilih sĕdaya wujud rasĕksa saha sêdaya sato kéwan ing wana, mĕnawi sumĕrĕp suraos sastra jendra, badhé dipunruwat déning Déwa dados sampurna pějahipun, dados Déwa ingkang dipunagungakěn, mekatěn Prabu Sumali, nalika miyarsa, pěnggalihipun gadhah niyat kumacèlu, kèpi-kèpi kěpranan sangět ngawuningani Sastra Jendra.[2]
Miturut lampahan Palasara Krama ingkang kapundhut saking lampahan ringgit wacucal vèrsi Brantakusuman, sastra jéndra hayuningrat pangruwating diyu měnika naté dipunwatĕk déning sang tapa Běgawan Palasara. Dipuncariyosakěn nalika sĕmantĕn,sang tapa Běgawan Palasara nitih baita ingkang dipunsatangi déning Déwi Durgandini. Dumugi samadyaning běngawan, sang tapa mambět ganda ingkang amis, lajěng kěcoh sarwi matěk aji [[Sastra Jéndra Hayuningrat Pangruwating Diyu. Kědhawahan kěcohipun sang běgawan, baita ambyar. Pěcahan-pěcahaning baita wau dados janma manungsa: ingkang wontěn saliranipun Déwi Durgandini dados satriya: Radèn Séta, gandanipun sang putri dados titah sakěmbaran: Déwi Gandawati miwah Radèn Gandamana, lèmèking lěnggah inggih punika ron rodamala dados satriya: Radèn Rajamala, katiring baita kiwa těngěn dados satriya sakěmbaran: Raden Kencaka saha Raden Rupakenca, satanging baita dados naga: Naga Watang Aputung, dwajaning baita dados wanara langking: Radèn Tunggul Wulung, yuyu ingkang nèmplèk ing baita dados putri: Dewi Rěkathawati.[5].
Cariyos Gancaran Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu
besutDipuncariyosakěn měnawi wontěn ing nĕgari Lokapala, Prabu Danaraja nĕmbé nandhang asmara, kĕpéngen sangĕt nggarwa satunggaling putri nĕgari Alĕngkadiraja inggih punika Dèwi Sukèsi. Lajĕng Prabu Danaraja, matur dhumatĕng ramanipun inggih punika Rĕsi Wisrawa prĕkawis kalawau. Nanging, mĕnawi badhé nggarwa Dèwi Sukèsi kĕdah sagět mupu sayĕmbara ingkang dipundamĕl piyambak déning Dèwi Sukèsi. Sayěmbara punika suraosipun kědah sagět mbabarakěn prěkawis Sastra Jéndra Hayuningrat. Sampun mapintěn-pintĕn, raja manca nagari ingkang nyobi mupu sayěmbara kalawau, nanging éwa sĕmantĕn sĕtunggal kémawon mbotĕn wontĕn ingkang kasil. Prěkawis punika ingkang ndadosakĕn Prabu Danaraja kuciwa. Pramila saking punika, Prabu Danaraja nyuwun pambiyantunipun Rĕsi Wisrawa ingkang minangka ramanipun, supados kĕrsa nglamarakĕn Dèwi Sukèsi kagěm Prabu Danaraja, sĕkaliyan mbabar mĕnapa ingkang sampun dipunsayĕmbarakakĕn. Karana awit agĕnging katrĕsnanipun dhumatĕng ingkang putra, Rĕsi Wisrawa sagah bidhal dhateng nĕgari Alĕngkadiraja, saprĕlu nglamarakěn Dèwi Sukèsi kagěm Prabu Danareja.[6]
Cathĕtan Suku
besut- ↑ SastraJendra[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 18 September 2012)
- ↑ a b SastraJendra2[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 18 September 2012)
- ↑ SastraJendra3[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 19 September 2012)
- ↑ a b SastraJendra4[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 27 September 2012)
- ↑ SastraJendra5(dipunundhuh tanggal 3 Oktober 2012)
- ↑ SastraJendra6(dipunundhuh tanggal 13 Oktober 2012)