Sijo
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Sijo inggih punika satunggaling wujud geguritan (puisi) ingkang wonten ing Koréa.[1] Kawiwitan saking pungkasan periode Dinasti Goryeo, sijo kasususn mawi 3 pada (bait), kaserat mawi 44 dumugi 46 tembung.[1]
Sijo | |
---|---|
Hangul | 시조 |
Hanja | 時調 |
Alihaksara Koréa Kang Sinampurna | Sijo |
McCune–Reischauer | Sijo |
Sijochang
besutSeni nembangaken sijo punika dipunwastani sijochang ("nembang sijo") [2], danga ("tembang cekak"), utawi sijeolga ("tembang mangsa").[3][4]
Sanajan miturut prakiraan tradisi nembang syair sampun wonten dangu ing Koréa, genre sijochang nembé dipuntepangaken nalika masa pamaréntahan Raja Yeongjo (1724-1776) déning satunggaling penyanyi kanthi nama Yi Se-chun.[4] Miturut Gwanseo-akbu, buku musik ingkang dipunserat déning Sin Gwang-su, sarjana-sastrawan jaman Raja Yeongjo, Yi Se-chun saking Hanyang inggih punika tiyang ingkang kapisan damel komposisi musik sijo.[4] Pérangan punika minangka bukti bilih gaya lan komposisi sijo ingkang baku dipuntepangaken déning Yi Se-chun.[4] Salajengipun genre punika mekar kanthi rikat nalika ing masa Raja Jeongjo (1776-1800) lan Sunjo (1800-1834).[4] Gaya ingkang dipunmekaraken Yi Se-chun taksih dipunwarisaken dumugi sapunika nanging mekar dados sapérangan wujud.[4] Sijo ingkang wonten 3 stanza (bait) dados kondhang amargi prasaja lan gampil dipuntampi. Tema-tema ingkang dipunserat sapérangan ageng babagan pagesangan, katresnan, wuyung, sesawangan alam, lan sanèsipun.[1]
Komposisi musik sijo kaping pisan dipunserat wonten ing buku-buku musik Joseon kados ta Imwon Gyeongjeji (karya Seo Yu-gu) lan buku musik kanggé piranti musik kecapi yanggeum kanthi irah-irahan Gura Jeolsa Geumbo.[4] Boten kados seni vokal gasa lan gagok, sijo mekar wonten ing tlatah-tlatah lan vèrsi-vèrsinipun ndhèrèk nambah variasi gaya nembang sijo.[4] Saking Seoul dipunparingi nama gyeongpan, naepoje saking provinsi Chungcheong, Wanje saking Jeolla, Yeongje saking Gyeongsang.[4]
Wujud-wujud ingkang taksih dipuntembangaken:
- pyeong sijo, inggih punika wujuding sijo ingkang paling dhasar.[4] Kaperang dados 45 tembung lan kawentar ugi kanthi nama danyeong (wujud cekak). Gaya nembangaken alus lan anteng.[4]
- jireum sijo, dipuntembangaken kanthi nada ingkang inggil la kadang kala dipunparingi nama ugi minangka sijo "mbengok".[4]
- saseol sijo, sijo awujud dawa lan tembungipun langkung kathah. Dipuntembangaken kanthi ritme lan tempo ingkang sami kados pyeong sijo, nanging dipuntembangaken kanthi swantun ingkang inggil.[4]
- ujo sijo
- hwimori sijo
- jungheori sijo, sami kados pyeong sijo ing pérangan tempo lan ritme, nanging stanza kaping tiga dipuntembangaken kanthi swantun ingkang inggil.
- yeochang jireum sijo, sijo mirunggan kanggé vokal wanita mawi swantun ingkang inggil.[4]
- saseol jireum sijo
- ujo jireum sijo