Pagelaran tari Singo Ulung menika salah setunggaling pagelaran ingkang tansah dipunleksanakaken sadèrèngipun wulan Ramadan, inggih menika wulan Sya'ban sesarengan pahargya bersih desa. Kejawi menika, tari Singo Ulung biyasanipun ugi dipungelar kanggé manembrama tamu utawi ing gelaran festival kebudayaan ing Kabupatèn Bondowoso. Kesenian tradhisional tari Singo Ulung dyasa kanggé nggambaraken mila bikanipun dhusun Blimbing ing Bondowoso, Jawa Wétan. Kesenian tradhisional menika sampun dados warisan turun-temurun ingkang dados identitas budaya Bondowoso.

Pagelaran Singo Ulung dipentasaken ing festival budaya.

Amargi menika, kesenian Singo Ulung ugi dipunpitotonaken ing sajumlah agenda penting ing kabupatèn sakiwa tengenipun. Kesenian menika inggih nggadhahi sajarah panjang lan cariyos mranani ingkang eman menawi boten dipunpirsani.

Sajarah besut

Tari Singo Ulung dipunciptakaken déning ngedegaken dhusun Blimbing, yaiku Kyai Singo Wulu. Tari ingkang dipunyasa menika lair saking sajarah ngadegipun dhusun Blimbing ing Kabupatèn Bondowoso, Jawa Timur.

Kala semanten, Kyai Singo Wulu tindak dhateng laladan sanès. Ing sajroning lampah, piyambakipun lèrèh wonten ing wana lan ngiyup ing sangandhapipun wit belimbing.

Karawuhanipun Kyai Singo Wulu ing panggen menika ndadosaken pangwasa wana ingkang nama Jasiman duka, lajeng sami kerengan. Nalika kerengan kalih-kalihipun nyepeng rotan mingka gaman kanggé nggecak lan nglindhungi diri piyambak-piyambak. Ujug-ujug, Kyai Singo Wulu malih ujud dados singa pethak. Amargi menika, Jasiman boten sagah nglawan singa pethak émba-émbanipun Kyai Singo Wulu.

Sabibaripun padudon menika, Kyai Singo Wulu lan Jasiman sami ngendikan. Jebulipun, kekalihipun menika sinau saking padepokan ingkang sami. Jasiman nggumun kaliyan kasèktenanipun lan sikep prasaja Kyai Singo Wulu ingkang ngédab-édabi. Salajengipun, Jasiman badhe maringaken rayinipun dados sèmahipun Kyai Singo Wulu.

Ing wekdal samangké, bibar krama Kyai Singo Wulu kaliyan semahipun saha Jasiman mbangun dhusun ing wana ing pundi tiyang kalih menika naté pepanggihan. Dhusun menika dados gemah ripah loh jinawi lan dipunsebat dhusun Blimbing. Masarakat sakiwa tengenipun panggenan menika ugi netepaken Kyai Singo Wulu dados kepala dhusun ingkang sepindah ing dhusun Blimbing.

Sabrèbètan tari menika mirip kaliyan barongsai. Ingang bèntènaken inggih menika tema ingkang dipunpitontonaken kaliyan kostum pambeksanipun.

Singo Ulung dipunanggep minangka tetunggilaning antawis seni tari Topeng dan Ojhung. Tari menika dipuntarèkaken déning kalih pambeksa ingkang ngagem kostum singa pethak. Tari menika dipunbinarung musik tradhisional mirunggan.

Piji lan Paédah Tari Singo Ulung besut

Piji-piji budaya ingkang dipunkandhut cariyos Singo Ulung menika wonten tiga. Piji wau awujud piji kapribadèn, religius, lan sosial.

Piji kapribadèn kaprawiraning gesang, tanggel jawab, lan kasetyan
Piji religius manungsa kedah tansah kemutan dhateng Gusti Mahakwasa lan tansah mituhu dhateng Panjenenganipun
Piji sosial karukunan, gotong-royong, miturut dhateng adat, lan tulung-tinulung ing bot-repoting sesami

Tari Singo Ulung ugi nggadhahi paédah kados ta ngèngetaken babagan tuladhanipun pemimpin, mingka pangurmatan dhateng leluhur, pirantos kanggé kalestantunanipun budaya, minangka pirantos pawiyatan nilai budaya, minangka pirantos pawiyatan sajarah, lan minangka iburan.

Kanyatan Tari Singo Ulung besut

  1. Pagelaran tari Singo Ulung nyariosaken babagan ngadegipun dhusun Blimbing. Ing tari menika wonten pambeksa, singo, panji (nggambaraken Jasiman), tiyang kalih ingkah ngginakaken rotan (nggambaraken tetandhingan Jasiman lan Kyai Singo Wulu), pambeksa putri (nggambaraken sémahipun Kyai Singo Wulu) lan kyai (nggambaraken Kyai Singo Wulu). Para pambeksa menika beksa sinambi ngendikan kados drama.
  2. Tari Singo Ulung dados tradhisi. Sasampunipun ngrembaka, tari Singo Ulung malah dados tradhisi ingkang rutin dipungelar saben taun ing dhusun Blimbing. Tari tradhisional menika dipun gelar saben tanggal 15 sya'ban utawi sadèrèngipun wulan Ramadhan ngleresi wontenipun acara bersih desa. Kajawi niku, tari menika inggih asring dipunpitontonaken ing acara pèngetan dinten ngadegipun Bondowoso.
  3. Kawontenanipun tari Singo Ulung teksih dipunjagi. Tari Singo Ulung teksih dipunlestantunaken lan dipunsinaoni déning sanggar-sanggar seni ing Bondowoso dugi wekdal samenika. Kejawi dipungelar ing acara-acara ageng, tari menika ugi asring dipungelar ing acara sanès umpaminipun manembrama tamu lan festival budaya. Menika dados upaya kagem nglestantunaken lan nepangaken tari Singo Ulung dhateng masarakat ageng.
  4. Kostum pambeksa nylarasaken dhapukanipun. Kados tari sanèsipun, tari Singo Ulung ugi nggadhahi kostum ingkang mranani. Kostum ingkang dipunginakaken déning para pambeksa tari menika bèntèn-bèntèn nylarasaken dhapukan ingkang dipundhapuk. Pambeksa singo ngginakaken kostum mirip singa ingkang didamel saking tali rafia pethak. Tali menika dipunore satemah ketingal kados wulu. Sirah singa ingkang dipunginakaken mirip kaliyan sirah singa nggen Singo Barong, Reog Ponorogo; wondéné kostum Panji utawi Jasiman ngginakaken kostum kados tari Topeng. Déné pambeksa putri ngginakaken busana tradhisional kados kebaya lan sampur. Pambeksa warok ngginakaken rasukan sarwi cemeng kaliyan kaos abrit pethak ciri khas Madura lan ngasta rotan.
     
    Kostum Singo Ulung
  5. Ngginakaken musik tradhisional ingkang sepele. Tari Singo Ulung dipunbinarung gamelan tradhisional ingkang sepele, kados ta kendang, slompet, kenong telo lan sapanunggalipun. Senajan sepele, swanten musik tradhisional menika saged damel gayengipun gelaran lan ébahan atraktif tari Singo Ulung menika.
  6. Dipunpengaruhi budaya Madura. Taun 1806 wonten transmigrasi ageng déning tiyang Madura ing wilayah tapal kuda, kalebet Bondowoso, mila menika caos pengaruh dhateng kesenian. Contonipun cara nyebat Kyai Singo dados Juk Senga ing basa Madura. Musik pangiring ngginakaken gamelan reog dados aransemen Madura lan kostum warok Ponorogo dados busana khas Madura. Awit menika sanggar-sanggar nggadhahi penggalih piyambak-piyambak. Wonten sanggar inggang ngginakaken basa Jawa lan kostum warok kados kesenian Singo Ulung lan wonten ugi sanggar ingkang ngginakaken basa lan rasukan Madura.

Ritual Singo Ulung besut

Ing dhusun Blimbing, Klabang, tari Singo Ulung boten naming dipungelar minangka séndratari, nanging ugi dados ritual kramat mirunggan kanthi nuansa mistis kanggé keslametanipun dhusun menika. Warga ing wewengkon mriku mitadosi bilih ritual menika wajib dipunleksanakaken saben taun supados dhusun Blimbing ditebihaken saking sedaya piawon lan kacilakan.

Kenging menapa kedah wulan Sya’ban? Amargi wonten ing taun Hijriyah, Sya’ban menika wulan saderengipun Ramadan. Mila mekaten, wekdal menika saé sanget kanggé nyucekaken diri sakdèrèngipun nglampahi siam ing wulan Ramadan. Ing séndratari Singo Ulung, tokoh Kyai Singo digambaraken dados singa pethak lan sirahipun ngagem topeng barong saking kajeng. Wondéné badanipun kadamel saking karung plastik pethak ingkang dipunoré.

Tetandhingan para pambeksa ingkang migunakaken gaman ampuh awujud rotan sakmenika dados seni ojhung, ingkang dipunpitadosi kanggé ndhawahaken jawah.

Rujukan besut

  Warisan Budaya Takbenda Archived 2023-09-07 at the Wayback Machine.
  Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2014). Buku Panduan Penetapan Warisan Budaya Takbenda Indonesia Tahun 2014 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
  Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2018). Katalog Warisan Budaya Takbenda Indonesia 2018 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
  Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2015). Panduan Pencatatan, Penetapan, dan Pengusulan Warisan Budaya Takbenda Indonesia (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
  Mancacaritadipura, Gaura; Wirakartakusumah, Daryl Neng (2019). Warisan Budaya Takbenda dan Pembangunan Berkelanjutan (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.

Pranala Njawi besut

  1. Singo Ulung
  2. Mengenal Kesenian Singo Ulung di Bondowoso, Menari Bak Singa untuk Sambut Ramadan
  3. Cerita Singo Ulung dalam Tradisi Lisan Masyarakat Bondowoso/ Archived 2023-03-02 at the Wayback Machine.
  4. Singo Ulung dalam Tradisi Lisan Bondowoso Jawa Timur Archived 2019-09-03 at the Wayback Machine.
  5. Enam Fakta Menarik Tari Singo Ulung Tarian Tradisional Khas Bondowoso
  6. Menguak Legenda Ronteg Singo Ulung Tokoh Bondowoso Berwujud Singa Putih