Tuduhaké menu pokok

Sulaiman (basa Arab:سليمان) (kurang luwih 975-935 SM)[1] ya iku putrané Nabi Daud. Awit cilik baginda wis nunjukaké kapinteran pikirané. Panjenengané diangkat dadi nabi taun 970 SM. Jenengé disebutake kaping 27 ing Al-Quran.[1] Dhèwèké tilar donya ing tlatah Rahbaam, Baitul Maqdis-Palestina.[1]

Sulaiman
Digambarake Nabi Sulaiman ing Karajane
Holy Monarch, Prophet, 'Solomon the Wise', Constructor of the Temple
Dipun urmati ingJudaism
Christianity
Islam
MangaruhiDavid
Dipun pangaruhi déningMany Jews, Christians and Muslim monarchs

GenealogiBesut

Sulaiman bin Daud bin Aisya bin Awid saka keturunan kulawarga Yahuza bin Ya'qub.

BiografiBesut

Artikel utama: Mukjizat Sulayman

Raja kabèh maklukBesut

Allah ngangkat Sulaiman dadi nabi lan rasul.[2] Sawisé cukup umur lan ramané séda, Sulaiman diangkat dadi raja ing kraton Israil.[2] Dhèwèké nguwasani ora mung manungsa, nanging uga kéwan lan lelembut kaya ta jin lan liya-liyané. Baginda bisa mahami basa kabèh kéwan.[2]Kraton Nabi Sulaiman éndah tenan.[2] Dibangun kanthi gotong royong manungsa, kéwan, lan jin.[2] Temboke saka watu pualam, saka lan lawange saka emas lan tembaga, pyane saka perak, rerenggan lan ukiranne saka mutiara lan inten, berlian, pasir ing taman disebari mutiara, lan sakpiturute.[2]

Interaksi Sulaiman karo jin, kéwan lan liyanéBesut

Nabi Sulaiman diparingi anugrah kewicaksanan déning Allah awit rumaja.[2] Dhèwèké uga duwé kaistimewan, ya iku bisa micara lan mahami basa kéwan, jin, lan sebangsane saéngga kabèh makluk iku mau manut déning perintahe baginda.[2]

Panjenengané uga bisa nundukake jin lan angin, saéngga bisa dikon ngapa baé kalebu jupuk tembaga cuer saka bumi kanggo gawé perkakas, yasan kraton, bètèng, piring-piring gedhé, lan tungku-tungku.[2]

Cathetan sukuBesut