Surtsey (basa Èslan: "Pulo Surtur") inggih punika sawijining pulo vulkanis ing sisih kidul Èslan. Papan punika ugi papan ingkang paling kidul ing Èslan. Surtsey dumadi akibat jeblugan gunung ingkang asalipun saking 130 mèter (426 kaki) ing ngandhap lumah laut, lan dumugi lumah nalika tanggal 14 November 1963. Jeblugan lajeng kalajengaken dumugi tanggal 5 Juni 1967, nalika pulo punika ngancik ing jembaripun 2,7 km2. Wiwit punika, angin lan erosi njalari pulo punika samsaya alit: wiwit taun 2002, jembar pulo dumugi 1,4 km2.[1]

Sana Warisan Donya UNESCO
Surtsey
Janeng ing Pratélan Warisan Donya
Surtsey
JinisNatural
Wewatonix
Rujukan1267
Tlatah UNESCOÉropa
Sujarah prasasti
Prasasti2008 (Sési 32)

Nama pulo punika asalipun saking Surtr, jotun utawi raksasa saking mitologi Nordik. Pulo punika lajeng dipunsinaoni déning vulkanologi wiwit jebluganipun, lajeng dipunsinaoni déning botanis lan biologis amargi pagesangan wiwit saking pulo punika. Gunung punika dumadi déning sitem gunung berapi ngandhap laut Vestmannaeyjar. Piyambakipun ugi ngasilaken sapérangan jeblugan sanèsipun kados ta gunung Eldfell ing pulo Heimaey nalika taun 1973. Jeblugan ingkang ngasilaken pulo Surtsey ugi ngasilaken sapérangan pulo ing rerangkén gunung berapi mau, kados ta Jólnir lan sapérangan pulo sanèsipun ingkang déréng dipunsukani nama. Kathah-kathahipun pulo punika ical amargi erosi ingkang rikat.

Géografi

besut

Pembentukan

besut

Sadèrèngipun Jeblugan taun 1963

besut
Ciri-ciri jeblugan Surtseyan
 
Surtseyan Eruption-numbers
1: Awan uwab banyu
2: Awu
3: Kawah
4: Tirta
5: Lapisan lava lan awu
6: Lapisan watu
7: Pipa
8: Dhapur magma
9: Embarau

Nalika tabuh 07:15 UTC+0 nalika tanggal 14 November 1963, koki saking kapal Ísleifur II, ingkang nglayar saking Vestmannaeyjar ing sisih kidul Èslan, ningali peluk cemeng. Kapal mau nuju ing kapal punika. Wiwitanipun, kaptén kapal ngira asep punika asalipun saking pérangan kapal ingkang kobong. Ananing jebulipun asep punika asalipun saking sawijining jeblugan gunung berapi ing ngandhap laut.[2]

Éwadéné jeblugan punika boten dipunira-ira, wonten sapérangan tandha-tandha sadéréngipun gunung mau njeblug. Wiwit 6 dumugi 8 November, getaran alit saged dipunraosaken ing Kirkjubaejarklaustur saking episenter ingkang jarakipun 140 km (87 mi) (kirnten-kinten jarak Surtsey), déné nalika ing 12 November, seismometer ing Reykjavík nyathet lindhu alit dangunipun sedasa jam, nanging lokasinipun déréng dipuntemtokaken.[3] Kalih dinten sadéréngipun jeblugan, sawijining kapal riset ngandhap laut ngrosaken laut ing sakitaripun kraos langkung anget tinimbang limrahipun,[4] nalika wekdal ingkang sami, tiyang-tiyang ing désa Vík ingkang jarakipun 80 km (50 mi) saking mrika saged ngambu ganda hidrogen sulfida.[2]

Wonten kemungkinan jeblugan dipunwiwiti pinten-pinten dinten sadéréngipun tanggal 14 November. Nanging manawi dhasar laut dumunung 130 mèter (426 kaki) ing sangandhapipun laut, ing jero punika jeblugan bakal sirep déning tekanan banyu. Nanging amargi jeblugan gunung punika caket saking lumah laut, jeblugan boten saged direp, pungkasanipun njeblug lan medal wonten ing lumah laut.[2]

Cathetan suku

besut
  1. Jakobsson, Sveinn P. (2007-05-06), Surtsey — Geology, The Surtsey Research Society
  2. a b c Decker, Robert; Decker, Barbara (1997), Volcanoes, New York: Freeman, ISBN 0716731746
  3. Sigtryggsson, Hlynur; Sigurðsson, Eiríkur (1966), "Earth Tremors from the Surtsey Eruption 1963-1965: a preliminary survey", Surtsey Research Progress Report II, Reykjavík, Iceland: The Surtsey Research Society: 131–138, dibukak ing 2013-01-22
  4. Malmberg, Svend-Aage (1965), "The temperature effect of the Surtsey eruption: a report on the sea water", Surtsey Research Progress Report I, Reykjavík, Iceland: The Surtsey Research Society: 6–9, dibukak ing 2013-01-22