Tétanus kang dikenal uga minangka lockjaw [1], punika lelara kang disebabaké déning tetanospasmin, ya iku sejenis neurotoksin kang diprodhuksi déning Clostridium tetani kang nginfèksi sistem urat saraf lan otot mula saraf lan otot dadi kaku.[1] Kitasato ya iku wong kang wiwitan kasil anggoné ngisolasi organisme saka kurban manungsa kang kena tétanus lan uga nglaporaké manawa toksiné bisa dinétralisasi nganggo antibodi kang spesifik.[1] Tembung tétanus asal saka basa Yunani ya iku tetanos saka teinein kang ateges kaku.[2] Lelara iki nginfèksi nalika spasme otot tonik lan hiperrèflèksia nyebabaké trismus (lockjaw), spasme otot umum, gègèr kang mlengkung (opistotonus), spasme glotal, kejang, lan paralisis pernapasan.[3]

Bayi kang lara tetanus

Karakteristik Clostridium tetaniBesut

 
Clostridium tetani

C. tetani kalebu bakteri Gram positif, anaerob obligat, bisa mbentuk spora, lan bentukke drumstick.[4] Spora kang diwangun déningC. tetani iki resisten banget tumrap panas lan antisèptik.[3] Dhèwèké bisa tahan sanajan wis diautoklaf (1210C, 10-15 menit) lan uga resisten tumrapfenol lan agen kimia liyané.[3] Bakteri Clostridium tetani iki akèh tinemu ing lemah, rusohan manungsa lan kéwan ingon lan ing laladan pertanian.[1][5] Umumme, spora bakteri iki didistribusi ing lemah lan saluran penceranaan sarta feses saka jaran, domba, asu, kucing, tikus, babi, lan pitik.[3] Nalika bakteri mau ana ing di jero awak, dhewee bakal ngasilaké neurotoksin (sejenis protéin kang gawene minangka racun kang nyerang pérangan sistem saraf).[1] C. tetani ngasilaké rong eksotoksin, ya iku tetanolysin lan tetanospasmin.[6] Fungsi saka tetanoysin ora dingerteni kanthi jelas, nanging uga bisa mrabawani tetanus.[1] Tetanospasmin minangka toksin kang lumayan kuat.[6]

Cathetan sukuBesut

  1. a b c d e f Klein J. 2007. Infections tetanus. [terhubung berkala]. http://www.kidshealth.org/parent/infections/bacterial_viral/tetanus.html [31 Mèi 2008].
  2. Farrar JJ, Yèn LM, Cook T, Fairweather N, Binh N, Parry J, Parry CM. 2009. Tetamus. J Neurol, Neurosurg, and Psychia 69 (3): 292–301
  3. a b c d Madigan MT, Martinko JM. 2006. Brock Biology of Microorganisms 11th ed. New Jersey: Pearson Education.Hal. 233-245
  4. Brennen U. 2008. Clostridium tetani. [terhubung berkala] http://bioweb.uwlax.edu/bio203/s2008/unrein_bren/ [12 Mèi 2010].
  5. [CDC]. 2002. Clostridium tetani (tetanus). [terhubung berkala] http://microbes.historique.net/tetani.html [13 Mèi 2010].
  6. a b [CDC]. 2008. Tetanus. [terhubung berkala] http://www.cdc.gov/vaccines/pubs/pinkbook/downloads/tetanus.pdf [31 Mèi 2008].

Pranala njabaBesut

MediaBesut