Taman Nasional Kutai
Taman Nasional Kutai iku taman nasional kang ana ing Kalimantan, pase ing kabupatèn Kutai lan Bontang.[1] Ambane taman nasional iki kira-kira 198.629 ha.[2]
Kutai National Park | |
---|---|
IUCN kategori II (taman nasional) | |
Masalah Lua ing Modhul:Location_map larik 501: Unable to find the specified location map definition. Neither "Module:Location map/data/Borneo Locator Topography.png" nor "Template:Location map Borneo Locator Topography.png" exists. | |
Pernah | East Kalimantan, Indonésia |
Kutha cedhak dhéwé | Samarinda |
Koordhinat | 0°12′S 117°10′E / 0.20°S 117.17°EKoordhinat: 0°12′S 117°10′E / 0.20°S 117.17°E |
Laladan | 1,986 km² |
Dikukuhaké | 1982 |
Bebadan pamaréntahan | Ministry of Forestry |
Taman Nasional Kutai duwé wujud vegetasi kang awujud alas pasisir/mangrove, alas rawa banyu tawar, alas kerangas, alas ulin/meranti/kapur lan alas Dipterocarpaceae. Taman nasional iki dadi alas ulin kang paling amba ing Indonésia.[1]
Flora Fauna
besutAna warna-warna tuwuhan ing taman nasional iki, kaya ta bakau (Rhizophora sp.), tancang (Bruguiera sp.), cemara sagara (Casuarina equisetifolia), simpur (Dillenia sp.), meranti (Shorea sp.), bawanang (Octomeles sumatrana), kapur (Dryobalanops sp.), ulin (Eusideroxylon zwageri), ana telung warna raflesia lan warna-warna anggrek.[1]
Ing taman nasional iki uga ana akèh kéwan, kaya ta orangutan (Pongo satyrus), owa kalimantan (Hylobates muelleri), bekantan (Nasalis larvatus), kethèk buntut dawa (Macaca fascicularis fascicularis), beruk (M. nemestrina nemestrina), lan kukang (Nyticebus coucang borneanus). Kelompok kéwan iki bisa tinemu ing Lempongan Kaba, Prevab-Mentoko lan Sangkimah. Banjur ing kelompok ungulata ana banthèng (Bos javanicus lowi), rusa sambar (Cervus unicolor brookei), kidang (Muntiacus muntjak pleiharicus), lan kancil (Tragulus javanicus klossi). Kelompok kéwan iki bisa tinemu ing Taman Nasional Kutai. Saliyané iku uga ana kelompok carnivora, kaya ta beruang madu (Helarctos malayanus euryspilus) bangau tong-tong (Leptoptilos javanicus), garudha sagara weteng putih (Haliaeetus leucogaster), pergam raja/hijau (Ducula aenea), pitik alas (Gallus sp.), beo/tiong emas (Gracula religiosa), lan pecuk ula asia (Anhinga melanogaster melanogaster).[1]
Cathetan sikil
besut- ↑ a b c d www.dephut.go.id Archived 2009-05-04 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 6 Agustus 2011)
- ↑ www.wisatakaltim.com Archived 2011-08-10 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 6 Agustus 2011)
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |