Taman nasional iku tlatah kang dilindhungi, lumrahé déning pamaréntah punjer, saka ulah manungsa lan saka polusi. Taman nasional minangka kawasan kang dilindhungi (protected area) déning World Conservation Union Kategori II. Taman nasional gedhé dhéwé ya iku Northeast Grunlan National Park, kang diadegaké wiwit taun 1974.

Pasisir Bande Alit, Taman Nasional Meru Betiri, Tempurejo, Jember, Jawa Wétan
Taman Nasional Los Cardones, Argentina
Yosemite National Park ing Amérika sarékat
Banff National Park, Alberta, Kanada
Puing di Taman Nasional Tikal, Guatemala

Sajarah

besut

Gagasan ngenani taman nasional pisanan muncul ing wiwitan abad angka 19. Taun 1810 puitris Inggris William Wordsworth nggambaraké Tlaga District minangka "sawijining péranganing hak milik nasional ing ngendi saben wong duwé hak bagi kang duwé mata kanggo nampa lan ati kanggo nikmati". Pelukis George Catlin, sajeroning lelungan menyang Amérika Kulon, kuwatir mangsa ngarep kang ndunungi asli Amérika kang ditemoni lan kaajaiban alami kang dideleng. Taun 1832 George Catlin nulis yèn bab iku perlu dilindhungi:

Déning kawicaksanan pamaréntah kanggo nglindhungi... sawijining taman kang luar biyasa... Sawijining taman nasional, isi manungsa lan kéwan, ing kabébasan lan swasana seger lan alami!

Taman nasional ing Indonésia

besut

Miturut Undhang-Undhang Nomor 5 Taun 1990 ngenani Konservasi Sumber Daya Alam Hayati lan Ekosistem, Taman Nasional didefinisèkaké minangka kawasan pelestarian alam kang duwé ékosistem asli, dikelola kanthi sistem zonasi kang dimupangataké kanggo tujuan panelitèn, kawruh, pendhidhikan, nunjang budidaya, pariwisata, lan rekreasi.

Wektu iki ana 45 Taman Nasional ing Indonésia, kang pengelolaané ana ing sangisoré Kamentrian Kehutanan Républik Indonésia. Enem ing antarané, ditetepkan minangka Situs Warisan Donya (World Heritage Sites).

Uga delengen

besut

Pranala njaba

besut