Sana Warisan Donya

(Kaelih saka Situs Warisan Donya)

Situs Warisan Donya UNESCO iku wujud situs-situs spesifik (kaya déné alas, gunung, tlaga, sagara wedhi, monumèn, yasan, komplèks, utawa kutha) kang wis dinominasèkaké lan disarujuki kanggo dilebokaké sajeroning pratélan kang direksa déning Program Warisan Donya Internasional kang digulawenthah déning Komité Warisan Donya UNESCO, kang dumadi saka 21 nagara anggota, kang dipilih déning Majelis Umum Nagara-nagara Anggota kanggo mangsa kalungguhan tinamtu.[1] Tujuan program yaiku gawé katalog, milih, lan ngreksa situs-situs warisan budaya kang kawentar (pinunjul) utawa warisan alam kang wigati minangka warisan kanggo kamanungsan. Kanthi kondisi tartamtu, situs-situs kang wis kadaftar bisa olèh dana saka "Dana Warisan Donya". Program iki diadegagaké bareng karo anané Konvènsi bab pangreksan budaya donya lan warisan alam, kang disahké déning Konferènsi Umum UNESCO ing 16 November 1972. Wiwit iku, 184 (data Juli 2007) nagara-nagara anggota wis ngratifikasi konvènsi mau.

Nalika taun 2007, ana 851 situs kang wis kadaftar: 660 situs budaya, 166 situs alam, lan 25 campuran, dumunung ing 142 nagara anggota. UNESCO nyathet saben situs kanthi nomer idhentifikasi kang béda siji lan sijiné; nanging usulan anyar sok kalebu situskang wis lumebu sadurungé, banjur didaftar minangka pérangan wedharan kang luwih gedhé. Akibaté, sistem penomeran nganti punjul 1200, sanajan luwih sethithik ana ing pratélan kang sabeneré.

Saben situs warisan donyaiku tetep darbèké nagara miturut dunungé, nanging dianggep dadi kapentingan masarakat internasional kanggo ngreksa situs mau kanggo génerasi kang bakal teka. Protèksi lan konsèrvasi situs-situs iki dadi kawigatèn kabèh nagara ing donya.

Sajarah

besut

Pra-konvènsi

besut

Ing taun 1959, pamaréntah Mesir mutusaké arep yasa bendungan Aswan, sawijining proyèk kang bakal ngelepaké lembah kang ngandhut warisan peradababn kuna kaya déné kuil Abu Simbel. UNESCO banjur nganakaké kampanye gedhèn-gedhèn ing donya kanggo njaga situs mau kanggo ngadhepi usulan Mesir lan Sudan. Kuil Abu Simbel lan Kuil Philae sidané diprithili secuil mbaka secuil lan ditata manèh, dipindhah menyang papan kang luwih dhuwur. Béya kanggo proyèk mau udakara US $80 yuta, watara $40 yuta saka béya mau dikumpulaké saka 50 nagara. Bab iku dianggep suksès, lan dadi conto kanggo kampanye proyèk-proyèk liya yaiku ing antarané panylametan Venesia lan lagunané, ing Italia, reruntuh Mohenjo-daro ing Pakistan, lan Candhi Borobodur ing Indonésia). UNESCO banjur miwiti gawé rancangan konvènsi Déwan Internasional bab Monumèn lan Situs, kanggo ngreksa warisan budaya umum kanggo kamanungsan.

Konvènsi lan latar mburi

besut

Amérika Sarékat miwiti gagasan kanggo nggabungaé konsèrvasi budaya lan konsèrvasi alam. Konferènsi Gedhung Putih ing taun 1965 mutusaké kanggo ngadegaké sawijining Badan Warisan Donya (World Heritage Trust) kanggo ngreksa "situs-situs alam lan tlatah éndah pang pinunjul ing donya lan situs mawa sajarah kanggo sing ndunungi donya mangsa saiki lan sing bakal teka." Badan Internasional kanggo Konsèrvasi Alam (International Union for Conservation of Nature) uga gawé usulan kang padha ing taun 1968, lan diusulaké taun 1972 marang Konferènsi Lingkungan Urip PBB ing Stockholm, Swèdhen.

Pungkasané siji tèks disarujuki déning kabèh nagara kang mèlu guyub, lan Konvènsi bab protèksi warisan budaya lan alam donya" disahaké déning Konferènsi Umum UNESCO ing tanggal 16 November 1972.

Prosès nominasi

besut

Sadéngah nagara kudu gawé pratélan inventarisasi kabèh situs alam lan budaya pinunjul kang diduwèni. Pratélan iki karan Pratélan Tentatif, lan wigati sebab sawijining nagara ora bisa ngajokaké usulan tumrap situs kang ora ana ing pratélan. Sabanjuré, bisa dipilih situs saka pratélan iki kang dilebokaké sajeroning file nominasi. Pusat Warisan Donya bakal mènèhi advis lan mbiyantu nyepakaké file iki, kang sabisa-bisané kudu komprehènsif.

Tekan seméné, file iki diévaluasi kanthi swatantra déning loro organisasi: Déwan Internasional bab Monumèn lan Situs lan Badan Konsèrvasi Donya. Badan-badan iki banjur gawé rékomendhasi marang Komité Warisan Donya. Komité iki rapat setaun pisan kanggo nemtokaké pilihan endi usulan kang bisa lumebu Pratélan Warisan Donya, lan kadhangkala angèl mutusaké saéngga njaluk katrangan luwih akèh saka nagara kang ngajokaké. Ana sepuluh kritéria pemilihan kang kudu diduwèni supaya bisa lumebu pratélan Warisan Donya.

Kritéria pamilihan

besut

<!PLEASE do not add or remove any images without discussion on the talk page first>

 
Site #86: Memphis kanthi Necropolis, kalebu Piramid Giza (Mesir).
 
Site #114: Persepolis (Iran).
 
Site #307: Reca Liberty (Amérika Sarékat).
 
Site #389: Studenica monastery (Serbia)
 
Site #438: The Great Wall (China).
 
Site #444: Ksar saka Aït Benhaddou (Maroko).
 
Site #483: Chichen Itza ing Yucatán (Meksiko).
 
Site #540: Pusat sajarah St. Petersburg lan suburb (Ruslan).
 
Site #723: Panorama budaya Sintra (Portugal).
 
Site #772: Banaue Rice Terraces ing gunung Ifugao (Filipina).
 
Site #776: Shinto Itsukushima Shrine Miyajima, Hiroshima (Jepang).
 
Site #936: Cueva de las Manos ing Patagonia (Argentina).
 
Site #960: Geghard Monastery (Armenia).

Nganti pungkasan taun 2004, ana enenm kritéria kanggo warisan budaya lan papat kritéria kanggo warisan alam. Ing taun 2005, kritéria iki diowahi dadi siji sèt kritéria waé. Situs kang dadi nominasi kudu "duwé biji pinunjul kang universal" lan njukupi paling ora siji saka sepuluh kritéria.[2]

Kritéria budaya

besut
  • I. "makili sawijining purwarupa utawa masterpiece kréasi manungsa genius";
  • II. "nuduhaké gayutan (interchange) kang wigati ing pangajining manungsa (human values), ing ing sajeroning mangsa tinamtu utawa sajeroning tlatah budaya donya, ing pembangunan babagan arsitèktur utawa tèknologi, seni monumèntal, perancangan kutha utawa disain lansekap;
  • III. "duwé tèstimoni kang unik utawa sak ora-orané istiméwa tumrap tradhisi budaya utawa tumrap sawijining peradaban kang isih ana utawa wis sirna";
  • IV. "minangka conto pinunjul saka jinis wewangunan, arsitèktural utawa rakitan tèknologi utawa sesawangan kang nggambaraké tataran kang wigati ing sajarah manungsa ";
  • V. "minangka conto pinunjul saka sawijining papan panggonan urip manungsa tradhisional, panggunaan lahan, utawa panggunaan sagara kang makili sawijining budaya, utawa interaksi manungsa lan lingkungan urip mligi nalika bab iki dadi rawan saka akibat owah-owahan kang ora bisa dibalèkaké";
  • VI. "kudu langsung utawa nyata-nyata magepokan karo prastawa utawa tradhisi urip, karo gagasan, utawa karo kapercayan, karo karya artistik lan tinulis (literary) ing wigati universal kang pinunjul. (Komité mutusaké yèn kritéria iki luwih becik dipigunakaké magepokan karo kritéria liyané)";

Kritéria alam

besut
  • VII. "ngandhut fénoména alam kang istiméwa (superlative) utawa tlatah kanthi kaéndahan alam kang ngédap-édapi lan wigatining èstètika";
  • VIII. "minangka conto kang pinunjul (outstanding) makili tataran utama sajarah bumi, kalebu rekaman kauripan, prosès géologi wigati kang isih lumaku sajeroning owah-owahan wangun bumi, utawa wujud geomorphic utawa physiographic kang wigati";
  • IX. "minangka conto wigati kang makili prosès ekologis lan biologis wigati kang isih lumaku sajeroning évolusi lan owah-owahan kulit bumi (terrestrial), banyu tawa (fresh water), ékosistem pasisir lan sagara, komunitas tuwuhan lan kéwan ";
  • X. "ngandhut habitat alami kang paling wigati lan pinunjul kanggo konsèrvasi (ing panggonan iku) kaanékaragaman biologi, kalebu spésies kang kaancam bakal cures, kang wigati tumrap aji uiversal kang pinunjul saka kapentingan èlmu utawa konsèrvasi."

Statistik

besut
Delengen uga: Tabel Situs Warisan Donya miturut nagara

Sawetara iki ana 851 situs warisan donya duunung ing 142 nagara anggota. Saka cacah iki mau, 660 ing antarané wujud situs budaya, 166 situs alam lan 25 situs campuran. Klasifikasi sabanjuré kalebu klasifikasi miturut nagara anggota ing lima zona géografis: Afrika, Nagara-nagara Arab (dumadi saka nagara-nagara Afrika Lor lan Wétan Tengah), Asia-Pasifik (kalebu Australia lan Oseania), Éropa lan Amérika Lor (mligi, USA lan Kanadha), lan Amérika Latin lan Karibia.

Minangka cathetan: Ruslan lan nagara-nagara Kaukasus diklasifikasèkaké lumebu zona Éropa lan Amérika Lor.

Zona-zona géografis UNESCO uga mènèhi tekanan marang bab administratif tinimbang gayutan géografis. Mula, Pulo Gough, dumunung ing Atlantik Kidul, didadèkaké lumebu zona Éropa & Amérika Lor awit nagara Inggris kang ngusulaké tlatah mau.

Tabel ing ngisor iki nuduhaké pamérangan situs miturut zona lan klasikasiné:

Zona Alam Budaya Campuran Total %
Afrika 33 38 3 74 9%
Nagara-nagara Arab 3 58 1 62 7%
Asia-Pasifik 45 126 11 182[3] 21%
Éropa & Amérika Lor 51 358 7 416 49%
Amérika Latin & Karibia 34 80 3 117 14%

Pratélan Situs Warisan Donya

besut

Rapat Komité Warisan Donya

besut

Komité Warisan Donya nganakaké rapat bola-bali setaun, kanggo ngrembug cara-cara ngemunah situs warisan donya kang ana, lan nampa usul nominasi saka nagara kang ngajokaké. Rapat mau ditindakaké saben taun kanggo nglebokaké sawijining situs sajeroning pratélan situs warisan donya sawisé presentasi déning IUCN lan/utawa ICOMOS, lan tanggapan utawa kabotan saka nagara-nagara anggota.

Rapat taunan ditindakaké pidhah-pindhah ing kutha-kutha ing saidenging donya. Kajaba kang dianakaké ing Paris (Prancis), dunungé kantor markas UNESCO, mung nagara-nagara anggota Komité Warisan Donya kang duwé hak dadi tuan rumah rapat sabanjuré.

Rapat Taun Tanggal wektu Kutha Nagara
1 1977 27 Juni1 Juli Paris   Prancis
2 1978 5 September8 September Washington, DC   Amérika Sarékat
3 1979 22 Oktober26 Oktober Kairo & Luxor   Mesir
4 1980 1 September5 September Paris   Prancis
5 1981 26 Oktober30 Oktober Sydney   Ostrali
6 1982 13 Dhésèmber17 Dhésèmber Paris   Prancis
7 1983 5 Dhésèmber9 Dhésèmber Firenze   Itali
8 1984 29 Oktober2 November Buenos Aires   Argentina
9 1985 2 Dhésèmber6 Dhésèmber Paris   Prancis
10 1986 24 November28 November Paris   Prancis
11 1987 7 Dhésèmber11 Dhésèmber Paris   Prancis
12 1988 5 Dhésèmber9 Dhésèmber Brasilia   Brazil
13 1989 11 Dhésèmber15 Dhésèmber Paris   Prancis
14 1990 7 Dhésèmber12 Dhésèmber Banff   Kanadha
15 1991 9 Dhésèmber13 Dhésèmber Carthage   Tunisia
16 1992 7 Dhésèmber14 Dhésèmber Santa Fe   Amérika Sarékat
17 1993 6 Dhésèmber11 Dhésèmber Kartagena   Kolombia
18 1994 12 Dhésèmber17 Dhésèmber Phuket   Thailand
19 1995 4 Dhésèmber9 Dhésèmber Berlin   Jerman
20 1996 2 Dhésèmber7 Dhésèmber Mérida   Meksiko
21 1997 1 Dhésèmber6 Dhésèmber Napoli   Itali
22 1998 30 November5 Dhésèmber Kyoto   Jepang
23 1999 29 November4 Dhésèmber Marrakesh   Maroko
24 2000 27 November2 Dhésèmber Cairns   Ostrali
25 2001 11 Dhésèmber16 Dhésèmber Helsinki   Finlan
26 2002 24 Juni29 Juni Budapest   Hungaria
27 2003 30 Juni5 Juli Paris   Prancis
28 2004 28 Juni7 Juli Suzhou   Cina
29 2005 10 Juli17 Juli Durban   Afrika Kidul
30 2006 8 Juli16 Juli Vilnius   Litowen
31 2007 23 Juni1 Juli Christchurch Cithakan:Country data Niu Selan
32 2008 2 Juli-10 Juli Quebec City   Kanadha

Deleng uga

besut

Cathetan

besut
  1. "About World Heritage". World Heritage. Dibukak ing 2006-10-14.
  2. "Criteria for Selection". World Heritage. Dibukak ing 2006-10-14.
  3. Uvs Nuur Basin dumunung ing Ruslan lan ing Mongolia dilebokaké ing zona Asia-Pacifik.

Pranala njaba

besut