Taman Nasional Lore Lindu

Taman Nasional Lore Lindu (TNLL) yaiku taman nasional ing Indonésia sing dumunung ing provinsi Sulawesi Tengah lan salah siji lokasi perlindungan hayati Sulawesi. Taman Nasional Lore Lindu dumunung watara 60 kilomèter kidulé kutha Palu lan dumunung antara 119°90’-120°16’ bujur wétan lan 1°8’-1°3’ lintang kidul.

Taman Nasional Lore Lindu
IUCN kategori II (taman nasional)
PernahSulawesi Tengah, Indonésia
Laladan2.290 km²
Dikukuhaké1982
Habitat Tonkean Macaque.
Watu Megalitik

Yèn dibandhingaké karo taman nasional liya ing Indonésia, ukurané mung sedheng waé, Taman Nasional iki kanthi resmi nyakup kawasan 217.991.18 ha (watara 1.2% wewengkon Sulawesi sing jembaré 189.000 km² utawa 2.4% saka sisa alas Sulawesi yaiku 90.000 km²) kanthi dhuwuring lemah antara 200 nganti 2.610 mèter sadhuwuring sagara. Taman Nasional iki sapérangan gedhé dumadi saka alas pagunungan lan sub-pagunungan (±90%) lan sapérangan cilik alas dhataran cendhèk (±10%).

Taman Nasional Lore Lindu duwé fauna lan flora endemik Sulawesi sarta sesawangan alam sing narik kawigatèn amarga dumunung ing garis Wallace minangka wewengkon peralihan antarané zona Asia lan Australia.

Taman Nasional Lore Lindu sing dunungé ing sisih kidul kabupatèn Donggala lan pérangan kulon kabupatèn Poso dadi laladan tangkapan air kanggo 3 kali gedhé ing Sulawesi Tengah, yaiku Kali Lariang, Kali Gumbasa lan Kali Palu.

Kawasan Taman Nasional Lore Lindu minangka habitat mamalia asli gedhé dhéwé ing Sulawesi. Anoa, babirusa, rusa, kera hantu (Tangkasi), kera kakaktonkea, kuskus marsupial lan kéwan pemakan daging gedhé dhéwé ing Sulawesi, musang Sulawesi urip ing taman iki. Taman Nasional Lore Lindu uga duwé paling sethithik 5 jinis bajing lan 31 saka 38 jinis tikus, kalebu jinis endemik.

Saora-orané ana 55 jinis lawa lan punjul 230 jinis manuk, kalebu maleo, 2 jinis enggang Sulawesi yaiku julang Sulawesi lan kengkareng Sulawesi. Manuk enggang benbuncak uga ingaran rangkong utawa burung allo dadi penghuni Taman Nasional Lore Lindu.

Èwon gegremet anèh lan éndah bisa tinemu ing saubengé taman iki. Akèh reca megalit sing umuré nganti atusan malah èwon taun kasebar ing kawasan Taman Nasional Lore Lindu kaya ta Lembah Napu, Besoa lan Bada. Reca-reca iki minangka monumen watu paling apik ing Indonésia. Ana 5 klasifikasi reca miturut wanguné:

  1. Reca-reca watu: reca-reca iki lumrahé duwé ciri manungsa, nanging mung endhas, bahu lan kelamin.
  2. Kalamba: iki wangun megalit sing akèh tinemu lan mèmper jambangan gedhé.
  3. Tutu'na: iki wujud piringan-piringan saka watu, kamungkinan minangka tutup kalamba.
  4. Watu Dakon: watu-watu awangun rata nganti cembung sing nggambaraké saluran-saluran, bolongan-bolongan ora tumata lan lekukan-lekukan liya.
  5. Liya-liya: mortar watu, cagak penyangga omah lan sawatara wangun liya uga tinemu.

Sajarah lan Status

besut
  • Suaka Margasatwa Lore Kalamanta. 1973
  • Status Biosfer. 1977
  • Hutan Wisata/Hutan Lindung Tlaga Lindu. 1978.
  • Suaka Margasatwa Lore Lindu (Perluasan Lore Kalamanta). 1981
  • Pamaréntah Indonésia nyatakaké Lore Lindu minangka Taman Nasional sajeroning Konggres Donya ngenani Taman Nasional. 1982
  • Dinyatakaké minangka Pusat Keanekaragaman Tanaman. 1994
  • Status Taman Nasional pungkasané diresmèkaké taun 1993.
  • Dinyatakaké minangka péranganing Kawasan Manuk Endemik. 1998
  • Dinyatakan sebagai Kawasan Ekologi Global 200. 1998
  • Perluasan Kulon-lor.

Alas Wisata Tlaga Lindu

besut

Alas Wisata Tlaga Lindu kalebu sajeroning kategori wewengkon Enclave Lindu lan kalebu péranganing wewengkon kacamatan Kulawi sing kanthi géografis dumunung ing sajeroning Kawasan Taman Nasional Lore Lindu, amarga saka iku kabèh désa ing wewengkon iki wewatesan langsung karo TNLL.

Pranala njaba

besut