Tanèyan Lanjhang

Tanèyan Lanjhang inggih punika papan dunungipun tiyang Madura. Tembung tanèyan lanjhang asalipun saking basa Madura ingkang dumadi saking kalih tembung, inggih punika tanèyan ateges "latar", kalihan lanjhang ateges "panjang"; dados tanèyan lanjhang suraosipun "plataran griya ingkang panjang".[1] Sungsunan griya-griyanipun dumadi saking kulawarga kalihan sanak sadhèrèkipun. Pernahing griya punika jumèjèr kanthi urutan saking wétan dhumateng kilèn, saéngga lataripun dipun gadhahi sesarengan. Manut pranatan padatanipun, griya-griya punika namung madhep ngalèr kalihan ngidul. Satunggal tanèyan lanjhang dipun panggèni kulawarga batih ingkang dumadi saking tiyang sepuh, laré, putu, buyut, kalihan salajengipun.[2][3][4][5]

Griya ing Tanèyan Lanjhang.

Mula bukaning griya

besut
 
Dénah tanèyan lanjhang, (a) langgar = langghâr, (b) griya utami = roma tongghu, (c) griya laré = roma, (d) latar = tanèyan, (e) dalan mlebet dhumateng tanèyan = alebbhu ka tanèyan, (f) latar wingking = pamengkang.

Tanèyan lanjhang dipun wiwiti kanthi mbangun griya utami ingkang sinebat roma tongghu ingkang madhep ngidul. Griya punika dipun pandegani déning tiyang sepuh ingkang salajengipun mbangun kobhung (langgar kulawarga), kandhang rajakaya, kalihan pawon. Menawi tiyang sepuh punika gadhah laré èstri, pramila wajib mbangun griya warisan (sangkolan) kanggé laré èstrinipun. Dibangunipun griya laré èstri punika dados tradhisi padatan matrilokal tiyang Madura, garwa ingkang jaler kedah tumut kulawarga èstri.[6] Griya laré èstrinipun dipun bangun wonten ing sisih wétan griya utami. Salajengipun inggih kados mekaten nalika garwa jaler kalihan èstri gadhah laré èstri pramila bakal dipun pandegani griya malih kanggé larénipun. Menawi ing wétan griya sampun boten saged dipun bangun griya malih, pramila griya laré èstri bakal dipun bangun adhep-adhepan kalihan roma tongghu.[7][8]

Sungsunan

besut

Ing salebeting sungsunan tanèyan lanjhang, pernahing langgar mesthi wonten ing pérangan paling kilèn latar, wondéné griya utaminipun tansah wonten ing sisih kiwa langgar. Arah lawang griya utami madhep ngidul, bènten kalihan lawang langgar ingkang madhep ngétan. Ing wétan griya utami wonten griya laré èstri ingkang jèjèr lurus mangétan (menawi laré èstrinipun langkung saking satunggal). Pernahing kandhang rajakaya tansah wonten ing pérangan kidul, wondéné pernahing pawon nyawiji kalihan griyanipun piyambak-piyambak.[6][9]

Griya

besut

Griya ingkang dipun darbèni saben kulawarga limrahipun dumadi saking pinten-pinten kamar, antawisipun: satunggal lawang, satunggal èmpèr, kalihan satunggal kamar. Lawangipun namung wonten ing ngajeng griya. Èmpèr utawi papan kanggé nampi tamu namung mligi kanggé tamu èstri. Èmpèr punika limrahipun satengah binuka, saéngga sasami ingkang ndunungi inggih sami nyumerepi sinten ingkang wonten ing ruwang tamu.[2][10]

Siti ing pérangan griya dipun inggilaken kirang langkung 40-50 cm ingkang dipun pandegani ing siti ingkang wradin.[4] Sacara tradhisional dipun damel saking plèster utawi terakota. Wondéné témbokipun kadamel saking gedhèg, témbok, lan sapanunggalipun. Payon griya kadamel saking gendhèng, kalihan sapérangan kadamel saking kambengan. Lawang griya limrahipun dipun damel saking kajeng ingukir, saya saé ukiranpun saya luhur setatus sosial ingkang gadhah griyanipun. Let témbok ing antawising griya tanèyan lanjhang wonten ingkang gandhèng (dhèmpèt), ugi wonten ingkang boten gandhèng.[7][2]

Langgar

besut

Langgar utawi ing basa Madura ingaran langghâr, boten namung kanggé papan ibadah, nanging ugi kanggé nampi tamu, utaminipun tamu jaler. Pernahipun wonten ing pinggir tengah latar kalihan kanggé mérang griya-griya kulawarga dados kalih larik (menawi tanèyan-ipun dumadi saking kalih larik ingkang adhep-adhepan). Ancas langgar ing ngriki kénging dipun samiaken kalihan pendhapa.[10]

Pernahing yasan langgar punika adhep-adhepan langsung kalihan dalan mlebeting griya (pager), pramila tuwan rumah bakal ngertos sinten mawon tiyang ingkang sliweran kalihan tumuju dhumateng tanèyan.[10]

Siti ing pérangan langgar limrahipun dipun damel langkung inggil tinimbang yasan sanèsipun ing tanèyan. Konstruksinipun limrahipun dipun damel kados griya panggung ingkang inggilipun 40-50 cm, kalihan ukuranipun langkung alit tinimbang ukuran griya kulawarga. Mestèripun kadamel saking blabag kajeng, deling, utawi menawi boten awujud griya panggung, saged nganggé pengerasan. Témbokipun ngubengi sekawan pojoking griya ingkang kadamel saking kajeng utawi gedhèg, wondéné payonipun kadamel saking ron tal garing. Sakanipun limrahipun cacah sekawan malah kadhangkala wonten ingkang cacah wolu.[2][7]

Rujukan

besut
  1. Setiani, Setiani; Setiawan, Eko; Huang, Wen-Chi (Januari 2022). "Taneyan Lanjang Shared Home Gardens and Sustainable Rural Livelihoods of Ethnic Madurese in Madura Island, Indonesia". Sustainability (ing basa Inggris). 14 (10): 5960. doi:10.3390/su14105960. ISSN 2071-1050.
  2. a b c d Sattar, Abdul (2015). "Tanian Lanjang Pola Tata Ruang dan Kekerabatan Masyarakat Madura". Sabda: Jurnal Kajian Kebudayaan (ing basa Indonesia). 10 (2). ISSN 2549-1628.
  3. Citrayati, Noviana; Sudikno, Antariksa; Titisari, Ema Yunita (2008). "Permukiman masyarakat petani garam di Desa Pinggir Papas, Kabupaten Sumenep". Arsituektur e-Journal. 1 (1): 1–14.
  4. a b Fauzia, Lisa; Ari, Ismu; Hariyani, Septiana (2009). "Karakteristik Permukiman Taneyan Lanjhang DiKecamatan Labang, Madura (Studi Kasus Desa Jukong dan Desa Labang)". Arsitektur e-Journal. 2 (1): 51–65.
  5. "Taneyan Lanjhang, Rumah Adat Masyarakat Madura". KOMPAS.com. 26 Januari 2021. Dibukak ing 3 Fèbruari 2023.
  6. a b Hafsi, Ainur Rofiq; Hasanah, Sri Indriati (2019-02-14). "Kajian Etnomatematika Pada Rumat Adat Taneyan Lanjeng". Prosiding Silogisme (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 1 (1). ISSN 2656-1360.
  7. a b c Surabaya, Lintu Tulistyantoro; Dosen Fakultas Seni dan Desain, Jurusan Desain Interior Universitas Kristen Petra (2006-02-28). Makna ruang pada Tanean Lanjang di Madura. Institute of Research and Community Outreach - Petra Christian University. OCLC 676800918.
  8. Nancy, Yonada (10 April 2022). "Arsitektur Tanean Lanjang Rumah Adat Masyarakat Madura & Fungsinya". Tirto.ID. Dibukak ing 3 Fèbruari 2023.
  9. Taufiqurrahman (6 Sèptèmber 2021). "Tanean Lanjhang, Rumah Adat Madura, Simbol Kuatnya Kekerabatan dan Keharmonisan Cinta". KOMPAS.com. Dibukak ing 3 Fèbruari 2023.
  10. a b c Maningtyas, R T; Gunawan, A (Oktober 2017). "Taneyan Lanjhang, Study of Home Garden Design Based Local Culture of Madura". IOP Conference Series: Earth and Environmental Science. 91: 012022. doi:10.1088/1755-1315/91/1/012022. ISSN 1755-1307.