Tanjung Selor, Bulungan

kutha krajan Provinsi Kalimantan Lor, kecamatan ing Indonésia

Tanjung Selor ya iku sawijing kutha kang dadi kutha krajané Kalimantan Lor lan Kabupatèn Bulungan. Papan iki namung siji-sijiné kutha krajan provinsi (karo Mamuju, Sulawesi Kulon) ing Indonésia kang awujud kacamatan lan ing taun 2021 durung duwé status minangka kutha. Papan iki duwéni jembar 677,7 km2 lan miturut sensus taun 2010 duwéni padunung 39.439 cacah jiwa. Ing tengah taun 2019, pamaréntah ngira-ngira menawa padunungé cacah 52.432 cacah jiwa.[2]

Tanjung Selor
Kutha
Sesawangan Tanjung Selor
Sesawangan Tanjung Selor
Tanjung Selor kapernah ing Kalimantan
Tanjung Selor
Tanjung Selor
Tanjung Selor kapernah ing Indonésia
Tanjung Selor
Tanjung Selor
Pernah ing Kalimantan lan Indonesia
Koordhinat: 2°51′0″N 117°23′0″E / 2.85000°N 117.38333°E / 2.85000; 117.38333Koordhinat: 2°51′0″N 117°23′0″E / 2.85000°N 117.38333°E / 2.85000; 117.38333
Nagara Indonesia
ProvinsiKalimantan LorKalimantan Lor
KabupatènKabupatèn Bulungan
Diyasa12 Oktober 1790
Laladan
 • Gunggung677,77 km2 (26,169 sq mi)
Élepasi24 m (79 ft)
Cacah warga (tengah 2019)
 • Gunggung52.432
 • Pepadhet0,77/km2 (2,0/sq mi)
 [1]
Zona wektuWektu Indonésia bagéyan Tengah (UTC+8)
Kodhe laladan(+62) 553

YeyasanBesut

Ing laladan iki diyasa Papan Anggegana Tanjung Harapan. Ing taun 2020, kabèh dalan wis diaspal lan kahanané apik. Ing taun 2019, laladan iki duwéni 35 sekolah dhasar, 19 sekolah menengah pertama, lan 10 sekolah menangah atas, telu sekolah menengah kejuruan, lan telu pawiyatan luhur. Ing fasilitas kasehatan ana siji griya sakit, 11 puskesmas, telu klinik tambahan, pitu punjering kaséhatan, lan pitulas apotek.[2][3] Sakèhé laladan iki éntuk sinyal tanpa kabel 4G lan telekomunikasi dhasar. Griya sakit laladan Dr. H. Soemarno Sosroatmojo iku rumah sakit umum kang diduwéni déning pamaréntah kang diyasa nalika taun 1984. Griya sakit iki kalebu kelas C déning Mentri Kaséhatan Republik Indonésia.[4][5]

PamaréntahanBesut

Minangka kacamatan, laladan tataran katelu ing sakngisoré kabupatèn. Camat diangkat déning bupati adhedhasar usul saka sekretaris laladan. Tanjung Sèlor durung duwé Déwan Perwakilan Rakyat.[6] Kacamatan iki kaperang dadi sanga kalurahan. Kalurahan iku:

  • Gunung Seriang
  • Tanjung Selor Hulu
  • Jelarai Selor
  • Gunung Sari
  • Bumi Rahayu
  • Apung
  • Tengkapak
  • East Tanjung Selor
  • Tanjung Selor Hilir

Ing Pilkada (Pemilihan Umum Daerah), laladan iki karo Kacamatan Tanjung Palas Wétan ngirimaké 11 wakil kanggo maju ing Dhéwan Perwakilan Rakyat Daérah.[7]

GéografiBesut

Laladan iki awujud lètèran kang duwéni èrèngan kang dhuwuré 0-500 meter sakdhuwuré banyu segara. Tanjung Sèlor diwatesi déning Kacamatan Tanjung Palas Tengah ing sisih lor, Kacamatan Tanjung Palas Wétan ing sisih wétan lan kidul, lan Kali Kayan ing sisih kulon. Lemah ing laladan iki duwéni pH 4 nganti 6 (asam). Laladan iki juga diiléni Kali Selor.[8]

Tanjung Selor duwéni iklim tropis (Af) kanthi udan kang deres ing sadawané taun.

Dhata iklim Tanjung Selor
Sasi Jan Fèb Mar Apr Mèi Jun Jul Agu Sèp Okt Nov Dhès Taun
Rerata suhu sing dhuwur °C (°F) 30.0
(86)
30.0
(86)
30.2
(86.4)
30.5
(86.9)
30.8
(87.4)
30.5
(86.9)
30.7
(87.3)
30.8
(87.4)
30.9
(87.6)
31.0
(87.8)
30.8
(87.4)
30.3
(86.5)
30.54
(86.97)
Rerata per dina °C (°F) 26.5
(79.7)
26.5
(79.7)
26.7
(80.1)
27.0
(80.6)
27.2
(81)
26.8
(80.2)
26.9
(80.4)
26.9
(80.4)
27.0
(80.6)
27.0
(80.6)
27.1
(80.8)
26.8
(80.2)
26.87
(80.36)
Rerata suhu sing dhuwur °C (°F) 23.0
(73.4)
23.0
(73.4)
23.3
(73.9)
23.5
(74.3)
23.6
(74.5)
23.2
(73.8)
23.1
(73.6)
23.1
(73.6)
23.1
(73.6)
23.1
(73.6)
23.4
(74.1)
23.3
(73.9)
23.23
(73.81)
Rerata curah udan mm (inches) 235
(9.25)
235
(9.25)
212
(8.35)
186
(7.32)
222
(8.74)
189
(7.44)
207
(8.15)
213
(8.39)
229
(9.02)
229
(9.02)
281
(11.06)
278
(10.94)
2.716
(106,93)
Sumber: [9]

ÉkonomiBesut

Babagan tetanèn, padunung Tanjung Sélor nandur lombok, tomat, laos, jahé, lan kunir. Ing taun 2019, laladan iki ngasilaké 337 ton lombok, 295 ton tomat, 57 ton jahé, 52 ton laos, lan 4 ton kunir. Sakliyané iku, laladan iki ngasilaké woh-wohan kaya ta pelem, jeruk, durèn, lan gedhang. Laladan iki duwéni 68 rèstoran kang kadhaptar, 11 hotel, lan 12 toserba ing taun 2019. Rolas bank ana ing ladan iki, kang dumadi saka sanga cabang bank pamaréntah, loro bank swasta, lan siji bank krèdit padunung (BPR). Sakliyané iku ana 45 koperasi kang kadhaptar ing laladan iki.[3]

RujukanBesut

  1. Badan Pusat Statistik, Jakarta, 2020.
  2. a b "Badan Pusat Statistik Kabupaten Bulungan". bulungankab.bps.go.id. Dibukak ing 2021-09-25.
  3. a b "Badan Pusat Statistik Kabupaten Bulungan". bulungankab.bps.go.id. Dibukak ing 2021-09-25.
  4. "Informasi SDM Kesehatan Nasional". bppsdmk.kemkes.go.id. Dibukak ing 2021-09-25.
  5. "RSUD dr. H. SOEMARNO SOSROATMODJO TANJUNG SELOR". rsutanjungselor.com. Dibukak ing 2021-09-25.
  6. "PP No. 17 Tahun 2018 tentang Kecamatan [JDIH BPK RI]". peraturan.bpk.go.id. Dibukak ing 2021-09-25.
  7. "Keputusan KPU Kaltara" (PDF).
  8. "Tanjung Selor". www.bulungan.go.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2021-09-25.
  9. https://en.climate-data.org/location/52115