Kalimantan Lor

provinsi ing Indonésia

Provinsi Kalimantan Lor (basa Indonésia: Provinsi Kalimantan Utara), iku katata sajeroning 4 kabupatèn lan 1 kutha. Kutha krajané yaiku Tanjung Selor.

Kalimantan Lor
Provinsi
Gendéra Kalimantan Lor
Gendéra
Lambang Kalimantan Lor
Lambang
Peta lokasi Kalimantan Lor
Peta lokasi Kalimantan Lor
Negara Indonesia
Dina dadi25 Oktober 2012
Pamaréntahan
 • GubernurIrianto Lambrie (pj.)
Laladan
 • Gunggung85.618 km2 (33,057 sq mi)
Cacah warga (2010)
 • Gunggung524.656
 • Pepadhet6,1/km2 (16/sq mi)
Dhémografi
 • Suku bangsaTidung, Dayak, Bulungan, Suluk, Bugis, Jawa, Banjar dll
 • AgamaIslam (75,1 %), Protèstan (20,4 %), Katulik (2,6 %), Buda (1,7 %), Hindu (0,05 %), dan Kong Hu Cu (0,15 %)
 • BasaTidung, Dayak, Indonésia
Zona wektuWITA (UTC+8)
Lagu daerahBebilin
Omah tradhisionalRumah Baloy
Senjata tradhisionalMandau
Situs wèbhttps://kaltaraprov.go.id/

Pamérangan Wewengkon

besut

Kalimantan Lor diperang dadi 5 wewengkon, yaiku 1 kutha lan 4 kabupatèn.

Kutha Tarakan

besut

Kutha Tarakan iku pusate perékonomian lan jasa paling gehde ing wewengkon lor Kalimantan Wétan. Cacahe penduduk 239.787 jiwa rikala taun 2011 ing pulo cilik kang ambané 250,80 km² lan padete arep tekan 1.000 jiwa per/km². Tarakan uga dadi pusate transportasi udara lan laut ing Kalimantan Lor, Papan Anggegana Juwata dadi papan anggegana kang statuse internasional gedhé dhéwé ing wewengkon Kalimantan lor kang rata-rata penumpang saben tahune nganti 1 yuta penumpang, lan Pelabuhan Malundung iku pelabuhan gedhé dhéwé ing Kalimantan Lor kang dikelola déning PT. Pelindo IV. Kutha Tarakan uga duwé pelabuhan-pelabuhan cilik, kaya Pelabuhan Tengkayu I lan II sarta Pelabuhan Ferry Juata Laut.

Kabupatèn Bulungan

besut

Kabupatèn Bulungan iku dadi induk kanggo kabèh wewengkon ing Kalimantan Lor sadurungé taun 1997 kang mekar saka Kutha Tarakan lan taun 1999 mekarake Kabupatèn Malinau lan Kabupatèn Nunukan sarta 2007 pamekaran pungkasan yaiku Kabupatèn Tana Tidung. Kabupatèn cilik kang ambané 18.010,50 km² lan duwé penduduk kang cacahé 135.915 jiwa ing taun 2011 sarta pusate ing Kacamatan Tanjung Selor. Bulungan uga dadi laladan kang ingaran kutha krajan calon provinsi Kalimantan Lor, nanging fasilitas kang diduwèni isih akèh kang kurang, saéngga ndadèkaké Kacamatan Pulo Bunyu kang ngrasa kurang digatèkaké lan pengen misah sarta nggabung karo Kutha Tarakan kang dianggep luwih cedhak karo Pulo Bunyu.

Kabupatèn Malinau

besut

Kabupatèn Malinau iku kabupatèn kang paling amba sak Kalimantan Lor kang ambané 39.799,90 km² sarta penduduke palik sithik nomer loro sawisé Kabupatèn Tana Tidung yaiku 62.423 jiwa. Pusate Malinau yaiku ing Kacamatan Manau Kutha kang penduduke sakiwa-tengené 50% saka cacah penduduk total. Kabupatèn Malinau panggonane ana ing Pedalaman kang lumrahé panggonane suku Tidung lan tangga nagara yaiku Malaysia. Kabupatèn mau uga duwé Papan Anggegana domestik yaiku papan anggegana Kolonel Robert Atty Bessing lan akèh papan anggegana perintis perwatesan salah sijiné yaiku Papan Anggegana Long Apung.

Kabupatèn Nunukan

besut

Kabupatèn Nunukan iku kabupatèn gedhé dhéwé nomer loro sawisé Kutha Tarakan. Penduduke 140.842 jiwa ing taun 2010, amba wilayhe 14.493 km² kang pusate ana ing Pulo Nunukan Wétan mligi ing Kacamatan Nunukan. Kabupatèn Nunukan iku kabupatèn kang watesan karo praja Malaysia yaiku Sabah lan Sarawak, saben dinane ing Pelabuhan Tunon Taka kang dadi pelabuhan kang dikelola BUMN utawa PT. Pelindo IV mesthi dikebaki penumpang kang lumrahé bakul lan TKI kang lelungan menyang Tawau, Sabah, Malaysia Wétan. Nunukan uga duwé papan anggegana domestik kang dicalonke dadi papan anggegana internasional yaiku Papan Anggegana Nunukan.

Kabupatèn Tana Tidung

besut

Kabupatèn Tana Tidung iku kabupatèn paling enom, paling cilikk lan penduduke palik sitik ing Kalimantan Lor kang ana ing pinggiran Kali Sesayap lan cacahé penduduk ana 22.503 jiwa ing taun 2011 lan amba wewengkone 4.828,58 km². Tana Tidung padha karo Kabupatèn Malinau kang lumrahé penduduke Suku Tidung nanging arang banget Suku Dayak malah anané mung Suku Berushu.

Cathetan suku

besut