Tembung gudhek lan gudheg

Tembung gudhek (wanda pungkasan sigeg aksara k) iku amarga kadadéan saka cara panulising tembung ing basa Indonésia. Ing basa Indonésia tembung ing wandané pungkasan ditulis kanthi sigeg aksara g iku meh ora ana.

Gudhek apa gudheg?

PanuliséBesut

Ing jaman saiki sok ana bocah sing nulis tembung gudhek (wanda pungkasan sigeg aksara k) Ian ana uga sing nulis tembung gudhek (wanda pungkasan sigeg aksara g). Tumrapé tembung iki ditulis gudhek utawa gudheg pancèn ora njalari bédané tegesing tembung. Tetembungan tuku gudhek ora béda tegesé karo tuku gudheg. Ananging yèn ana tembung siji (satembung) ditulis kanthi cara warna loro kaya mangkono mau mesthi ana salah siji sing ora bener, sing nyebal saka paugeran.

Yèn ana tembung utawa tetembungan sing mula bukané ditulis kanthi sigeg aksara g ing pungkasaning wandané, panulisé kudu dilarasaké karo paugeran panulisé basa Indonésia, ya iku sigegan aksara g diganti sigegan k. Mulane ing basa Indonésia tembung guhek, godok, goblok, rontok, cocok, upamané, ditulis kaya mangkono kuwi, ora ditulis gudeg, godog, goblog, rontog, cocog.

PaugeranBesut

Paugeran panulising tembung ing basa Jawa iku ora kabèh padha karo paugeran panulising tembung ing basa Indonésia. Ing basa Jawa ana sawetara tembung sing béda tegesé yen ditulis kanthi sigeg aksara g lan aksara k ing pungkasaning wandané. Tembung sisig “ngireng untu ngango banyon” béda tegesé karo sisik “kuliting ula, iwak loh, lan sapanunggalané kang lelingkapan”, popog 'ajeg' béda tegesé karo popok "lèmèk utawa tapihing bayi", kecocog "kecubles barang lancip" béda tegesé karo kecocok "kelebon pangan kang disirik". Conto-conto iki minangka bukti yèn g lan k ing kono asipat distingtif utawa mbédaké tegesing tembung. Kanthi mangkono, panganggoné aksara g lan k ing basa Jawa iku ora kena digebyah uyah. Sing bener, panulisé tembung gudheg iku sigeg aksara g (dudu sigeg aksara k) ing pungkasaning wandané amarga pakecapan kang dumunung ing pungkasaning wanda mau anteb. Tembung-tembung liyané kang wandané pungkasan kudu ditulis kanthi sigeg aksara g, kaya ta, budheg, judheg, wareg, kreteg, gribig, gudhig, gedhig, nggobig, grobag, blabag, bedhag, bedhug, gubug, gludhug, godhog, goblog, rontog, gogrog.[1]

Uga delengenBesut

RujukanBesut

  1. Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. pp. 15–16. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jabaBesut