Tembung kita lan ulun

Tembung kita lan ulun iku lumrahé diucapaké déning para déwa, kaya ta Bathara Guru, Bathara Narada, Bathara Bayu, utawa Bathara Kamajaya, marang sapepadhaning déwa utawa marang titah marcapada ing crita wayang utawa kethoprak. Ing basa padinan ukara kaya mangkono iku ora kelumrah utawa ora ana. Saupama ing basa padinan ana wong kang migunakaké ukara mangkono mau mesthi malah digeguyu.

Tembung kita lan ulun iku lumrahé diucapaké déning para déwa, kaya ta Bathara Guru, Bathara Narada, Bathara Bayu, utawa Bathara Kamajaya, marang sapepadhaning déwa utawa marang titah marcapada ing crita wayang utawa kethoprak.

Panganggoné

besut

Bab kang njalari ukara béda karo ukara kang kalumrah ing basa padinan satemené mung dumunung ing panganggoné tembung kita Ian ulun, déné panganggoné racikané ukara Ian tetembungan liyané lumrah. Tembung kita Ian ulun ing ukara kasebut kalebu golonganing tembung Kawi utawa Jawa Kuna. Tembung kita mau padha karo tembung kowé utawa sliramu, ya iku minangka tembung sesulih madyama purusa (kata ganti orang kedua). Tembung ulun utawa hulun iku ing sakawit mengku teges “kawula, abdi, utawa batur” minangka éntaré tembung sesulih utama purusa éntaré tembung aku. Dadi, tembung ulun (hulun) mau padha karo tembung aku, ya iku minangka tembung sesulih utama purusa (kata ganti orang pertama). Pribadiné wong kang guneman, ya iku utama purusa, kang dipindhakaké kawula, abdi, utawa batur iku minangka Ieléwaning basa (gaya bahasa) kanggo ngesoraké awaké dhéwé Ian ngajari marang wong kang diajak guneman. Leléwaning basa kaya mangkéné iki uga ana ing basa Jawa saiki, upamané utama purusa (aku) diganti utawa dikramakaké kula, kawula, abdi dalem, kawula dalem, utawa abdi dalem kawula kang kabèh mau ing sakawit mengku teges “abdi”, “batur”, utawa “kawula”.

Ing jaman saiki tembung kita sok dianggo (malah panganggoné wis kepara kaprah) kanthi teges padha karo tegesing tembung kita ing basa Indonésia. Upamané mangkéné:

  1. Kita, bangsa Indonésia, wis mardika wiwit taun 1945.
  2. Para lenggah, sumangga kita ngunjukaken pandonga sesarengan.

Tembung kita ing ukara (1) Ian (2) iku dudu tembung sesulih madyama purusa kaya tembung kita ing ukara kang dadi irah-irahaning tulisan iki, ananging minangka tembung sesulih utama purusa inklusif (jamak) kaya tembung kita ing basa Indonésia. Dadi, tembung kita ing ukara (1) Ian (2) iku mengku teges “aku Ian kowé kabeh” utawa “kula Ian panjenengan sedaya”.

Cundhuk karo bab panganggoné tembung kita kaya kang tumrap ing ukara (1) Ian (2) iku satemené durung sadhéngah wong gelem nampa. Ana panganggep yèn tembung kita ing basa Jawa iku tegesé “kowe” utawa “sliramu” Ian kanggoné mung ing basa padhalangan utawa kethoprak. Tembung kita kang mengku teges “aku Ian kowé kabeh” utawa “kula Ian panjenengan sedaya” kuwi isih dianggep tembung Indonésia, dudu tembung Jawa.

Satemené tembung kita kang mengku teges “aku Ian kowé kabèh” iku dudu mung darbèké basa Indonésia. Tembung kita kaya mangkono mau ing basa Jawa uga ana (pirsanana Bausastra Jawa anggitané Wilfridus Josephus Poerwadarminta, kaca 225), malah wis ana basa Jawa Kuna (pirsanana, upamane Kamus Jawa Kuna Indonésia anggitane L. Mardiwarsito, kaca 146). Kanthi mangkono, tembung kita kang ateges “aku Ian kowe kabeh” kaya kang tumrap ing ukara (1) Ian (2) mau ora luput. Bab isih ana rasa durung sreg, isih nggronjal yèn mrangguli panganggoné tembung kita kaya ing ukara kasebut, mung gumantung pakulinan.[1]

Uga delengen

besut

Rujukan

besut
  1. Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. kc. 16–18. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jaba

besut