Tembung ngentas pitulus

Tembung ngentas pitulus kang dianggo minangka lira-liruné utawa gegantiné tetembungan ngomah-omahaké anak iku lumrahé dianggo déning juru sesorah utawa panatacara ing pasamuwan dhauping pengantèn. Wong sesorah kuwi lumrahé mesthi mbudi daya amrih narik kawigatèné wong kang padha ngrungokaké. Carané narik kawigatèn iku warna-warna. Salah sawijining cara kang asring ditindakaké déning para juru sesorah (panatacara), ya iku njaga amrih basané bener, becik, nengsemaké, ora njuwarèhi. Amrih basané ora njuwarèhi utawa ora mboseni, juru sesorah (panatacara) mbudi daya golèk tembung utawa tetembungan kang trep maknané, laras rasa basané, éndah dirungokaké, Ian ora mung ajeg nganggo tembung satembung kang dibolan-balèni. Kanggo nyebut "dayoh", upamané juru sesorah (panatacara) bisa nganggo tetembungan para tamu (ingkang minulya), para rawuh (ingkang dahat kinurmatan), para lenggah (ingkang kula urmati), Ian sapituruté kanthi lira-liru.

Tembung ngentas pitulus kang dianggo minangka lira-liruné utawa gegantiné tetembungan ngomah-omahake anak iku lumrahé dianggo déning juru sesorah utawa panatacara ing pasamuwan dhauping pengantèn.

TegesBesut

Tembung utawa tetembungan ing basa Jawa kang bisa dianggo kanthi lira-liru iku satemené wis cukup akéh. Ewa samono, ana sawenèhing wong (juru sesorah lan panatacara) kang ora marem yèn ta mung nganggo tembung utawa tetembungan kang wis lumrah dianggo ing akèh. Kanggo nuruti mareming ati lan ngiras pantes mekaraké basa Jawa, wong mau banjur dhudhah-dhudhah tembung lawas ing susastra Jawa Kuna nyipta utawa ndhapuk tetembungan anyar kang dianggep luwih trep, Iaras, Ian pèni.

Tetembungan ngentas pitulus kuwi kalebu tetembungan dhapukan anyar. Tetembungan iku dumadi saka rong tembung, ya iku ngentas Ian pitulus. Tembung ngentas mengku teges:

  1. Njupuk saka ing (paméméan, kebon, pategalan, Ian sapituruté).
  2. Njupuk saka jeron (anglo, panggorèngan, banyu, lan sapituruté).
  3. Ngunggahaké saka ing papan kang jero (kali, jurang, jugangan, Ian sapituruté).
  4. Teges entar "mitulungi saka ing (bebaya, reribed, Ian sapituruté)".
  5. Teges entar "ngomah-omahaké".

Tembung pitulus kadhapuk saka tembung lingga tulus olèh wuwuhan ater-ater pi-. Tembung lingga tulus mengku teges warna-warna, déné teges kang cundhuk utawa trep karo kang dikarepaké ing kéné, ya iku "terus utawa lestari slamet, ora ana sambékala". Dadi, tembung pitulus kuwi tegesé "kang nerusaké (kaslametan)" utawa "kang nglestarékaké (kaslametan)". Sing dikarepaké "kang nglestarékaké kaslametan" ing kéné, ya iku anak utawa turun, jalaran anak utawa turun kuwi kang bakal nerusaké sajarahé wong tuwané utawa leluhuré, kang digegadhang tansah mujèkaké kaslametan, kang bisa mikul dhuwur mendhem jero. Kanthi mangkono, tetembungan ngentas pitulus kuwi maknané padha karo ngomah-omahaké anak utawa ngrabèkaké anak. Genéa ing kéné migunakaké tembung ngentas? Jalaran, anak kang wis gedhe lan isih urip legan kuwi kena diupamakaké ana ing sajroné juranging kasangsaran. Yèn anak mau nemu reribed ing uripé, luwih-luwih yèn wong tuwa wis ora ana ing mengkoné, mesthi waé ora ana kang diajak rembugan kanggo ngudhari reribed utawa sangganing uripé. Mula, anak kang wis gedhe banjur diomah-omahaké utawa dipalakramakaké supaya duwé kanca kanggo ngembat ruwet rentenging uripé. Kanthi mangkono, malakramakaké anak kuwi kena dibasakaké ngentas anak utawa tembungé kang pèni ngentas pitulus.[1]

Uga delengenBesut

RujukanBesut

  1. Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. pp. 40–42. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jabaBesut