Thích Quảng Đức

Thích Quảng Đức (Cara Inggris pangucapan: Rungokakéi/ˌtɪ ˌkwɒŋ ˈdʊk/ tich kwong duuk; 1897 – 11 Juni 1963, lair Lam Van Tuc) yaiku siji biksu Buda Mahayana Vietnam kang ngobong awak ing siji persimpangan dalan ing Saigon tanggal 11 Juni 1963. Quang Duc mrotès penganiayaan kaum Buda déning pamaréntahan Katolik Roma Vietnam Kidul [1] kang dibawahi Ngô Đình Diệm sasuwéné Krisis Buda ing nagara mau. Sawisé matiné, badan Quang Duc dikremasi, nanging jantungé tetap wutuh.[2][3]

Thích Quảng Đức
Lair1897
Hoi Khanh, Indochina Prancis
Pati11 Juni 1963 (yuswa 65–66)
Saigon, Vietnam Kidul
Jeneng liyaBo Tat Thich Quang Duc
(Bodhisattva Thich Quang Duc)
Thích yaiku siji jeneng penghargaan Buda. Quảng Đức, kang minangka atribut deskriptif meritori; deleng jeneng dharma.

Aksi ngobong awak iki banjur dianggep titik balik sajeroning Krisis Buda lan krusial ing penggulingan rezim Diệm, kang dipatèni ing tanggal 2 November 1963. Foto kadadéan mau, kang ndadèkaké Malcolm Browne éntuk siji Penghargaan Pulitzer. Mula dhèwèké éntuk simpati saka biksu-biksu Vietnam lan desekan marang rezim Diệm saka sekabèhing penjuru dunya. Sapérangan biksu Vietnam liyané ngetutaké jejak Quang Duc kanthi ngobong awak sawisé tekénan marang wong-wong mau sangsaya gedhé. Aksi ngobong awak iki uga ditiru déning sapérangan pemrotès perang Vietnam ing Amérikah Sarékat sapérangan taun kepengker.

Biografi besut

Riwayat gesang Quang Duc kacathet saka informasi sapérangan organisasi Buda. Kacathét yèn dhèwèké lair ing désa Hoi Khanh, distrik Van Ninh, provinsi Khanh Hoa, Vietnam. Nalika lair, jenengé Lam Van Tuc, siji saka pitung anak kang lair saka pasangan Lam Huu Ung lan bojoné, Nguyen Thi Nuong. Nalika umur 7 taun, dhèwèké sinau ngenani Buda marang Hòa thượng Thích Hoằng Thâm, siji bapak cilik kandhung lan guru spiritualé. Thích Hoằng Thâm nggedhèkaké lan Lam Van Tuc nggenti jenengé dadi Nguyen Van Khiet. Ing umur 15 taun, dhèwèké dadi samanera lan dadi siji biksu ing umur 20 kanthi jeneng dharma Thich Quang Duc. Sawisé diangkat, dhèwèké tumuju ing siji pagunungan cedhaké Ninh Hòa, lan duwé sumpah bakal nglakoni panguripan Buda kanthi tenang, saéngga tapa brata nganti telung taun. Dhèwèké mbesuk bakal mbukak manèh ing pagunungan panggonané tapa brata.[4][5]

Sawisé mangsa isolasiné rampung, dhèwèké banjur ngiteri Viertnam tengah saperlu njlèntrèhaké dharma. Sawisé rong taun, dhèwèké tapa brata ing pagoda Sac Tu Thien An sacedhaké Nha Trang. Ing taun 1932, dhèwèké dadi pengawas Asosiasi Buddhis ing Ninh Hòa sadurungé dadi pengawas biksu ing omahé ing provinsi Khánh Hòa. Nalika periode iki ing Vietnam pusat, dhèwèké banjur yasa 14 kuil.[6] Ing taun 1934, dhèwèké ngalih ing Vietnam sisih kidul lan ngajari Buda ing siji provinsi sakiwa-tengené papan panggonan iku. Saliyané ing Vietnam kidul, dhèwèké uga manggon ing Kamboja saperlu nyinaoni tradisi Buda Theravada.

Sawisé ing Kamboja, dhèwèké duwé rencana kanggo yasa 17 kuil anyar kang wektu iku ing daerah kidul. Pungkasané, 31 kuil anyar minangka péranganing pembangunan pagoda Quan The Am ing Phu Nhuan ing distrik Gia Dinh ing pinggiran kutha Saigon.[6] Sawijining dalan sacedhaké kuil mau banur diarani Quang Duc minangka pakurmatan. Sawisé pembangunan kuil rampung, Đức ditunjuk dadi Ketua Ritus Seremonial Kongregasi Biksu Vietnam, lan minangka ketua pagoda Phuoc Hoa, kang dadi papan panggonan pisanan saka Asosiasi Pembelajaran Buddhis Vietnam (ABSV).[6] Nalika pusat ABSV ngalih ing Pagoda Xa Loi, pagoda utama Saigon, Đức mundur.[4]

Latar kawuryan agama besut

 
Gendéra Buddhis
 
Gendéra Vatikan

Ing siji nagara ing ngendi miturut survei agama wektu iku ngandakaké yèn mayoritas Buda kang cacahé antarané 70 lan 90 persèn,[7][8][9][10] Présidhèn Diem kang minangka siji penganut minoritas Katolik, lan kerep nindakaké diskriminatif, panyiksan, lan pembunuhan marang umat Buda sajeroning kebijakan ngatolik-kaké Vietnam.[11] Diệm tau kandha marang siji perwira paling dhuwur, kang lali yèn perwira mau yaiku keturunan Buddhis, "Mapanaké perwira Katolikmu ing daerah sensitif. Gawé wong-wong mau dadi bisa dipercaya."[12] Sapérangan perwira sajeroning Tentara Republik Vietnam ngalih ing Katolik Roma amarga prospèk militèr wong-wong iku manut marang babagan mau.[12] Ing instansi pamaréntah, mligi militèr, promosi diutamakaké tumrap penganut agama Katolik utawa penganut Buda kang rila pindhah agama dadi Katolik.[13]

Sapérangan pendeta Katolik Roma uga diwénéhi wadyabala pribadi.[14] Wong-wong mau uga nindakaké konversi peksa sarta njarah, ngedol, lan mbongkar pagoda ing sapérangan aréa, gawé pamaréntahan mau dadi ora preduli.[15] Sapérangan désa Buddhis pindhah kanthi massal kanggo golèk bantuan utawa ngindari paksaan saka rezim Diệm.[16] Status "pribadi" kang digawé kanggo Buda déning Perancis, kang meksa idin resmi kang kudu diwajibaké marang wong-wong kang kepéngin nindakaké kegiyatan Buddhis sangareping publik, ora dijabut déning Diệm.[17] Katolik uga kanthi de facto dibebasaké saka kerja paksa, ing ngendi pamaréntah majibaké saben warga nagara nindakaké, lan Amérikah Sarékat mbagi bantuan proposional kanggo désa mayoritas Katolik déning rezim Diệm.[18]

Gréja Katolik Roma dadi pemilik lahan gedhé dhéwé ing nagara mau lan éntuk pengecualian mirunggan sajeroning akuisisi properti, lan lahan duwéké Gréja Katolik Roma dibebasaké saka reformasi lahan.[19] Bendera Vatikan tansah ana ing sekabèhing acara utama publik ing Vietnam Selatan,[20] lan Diệm ndédikasikaké nagarané marang Bunda Maria taun 1959.[18]

Ora maremé Buddhis mletus jalaran siji larangan ing wiwitan Mèi kanggo ora ngibaraké gendéra Buddhis ing Huế ing dina Waisak, dina lairé Buda Gotama. Sadurungé dina iku, para umat Katolik nindakaké pangibaran gendéra Vatikan ing siji acara kanggo Biskop Agung Hue Ngo Dinh Thuc, sadulur tuwa dhéwé Diem. Saklompok gedhé Buddhis banjur mrotes pelarangan mau, nuntut pamaréntah supaya ngolèhi ngibaraké gendéra Buddhis ing dina Waisak lan obah ing Gedung Dewan Pamaréntah. Pasukan pamaréntah banjur nyerang golongan mau, matèni wong sanga. Penolakan Diệm kanggo bertanggung jawab — Dhèwèké disalahaké lumantar matiné Viet Cong — njalari protes Buddhis supaya ngolèhi ngibaraké gendéra Buddhis ing dina Waisak lan bergerak ing Gedung Dewan Pamaréntahan. Pasukan pamaréntah banjur nyerang golongan mau, matèni wong sanga. Penolakan Diệm ana candhaké lan njaluk limang panyuwunan:[21]

  1. Nyabut larangan ngibaraké gendéra Buddhis tradhisional
  2. Mènèhi hak kang padha umat Buddhis karo Katolik
  3. Mandegaké penganiayaan tumrap kaum Buddhis
  4. Mènèhaké biksu dan biksuni hak kanggo praktek lan nyebaraké agama Buda
  5. Mènèhi kompensasi tumrap para kurban lan ngukum para pelaku penganiayaan

Sanajan mangkono, Diem tetep ora gelem ngabulaké tuntutan Buddhis, frekuensi protes uga sangsanya mundak.

Ngobong Awak besut

 
Foto saka jurnalis Malcolm Browne nalika Quang Duc ngobong awak. Sawijining foto kang menang ing World Press Photo of the Year 1963.[22]

Ing tanggal 10 Juni 1963, koresponden AS diinformasikaké yèn siji wigati besuk bakal kadadéan ing siji dalan ing njaba kedutaan Kamboja ing Saigon.[23] Akèh-akèhé wartawan ora nengenaké pesen mau amarga krisis Buda wis lumaku punjul sewulan, lan dina candhaké mung sapérangan jurnalis kang katon, kaya ta David Halberstam saka The New York Times lan Malcolm Browne, kepala biro Associated Press Saigon.[23] Đức teka minangka péranganing prosèsi ing siji pagoda sacedhaké iku. Udakara 350 biksu lan biksuni baris ing rong ruas, diwiwiti déning siji sedan Westminster gawéyané Austin kang nggawa spanduk kang dicetak sajeroning basa Inggris lan Vietnam. Wong-wong mau ngecam pamaréntahan Diệm lan kawicaksanané marang kaum Buddhis, sarta nuntut nuruti janji kesetaraan agama.[23] Biksu liyané sempet nawakaké dhèwèké, nanging nggungu senioritas Đức.[2]

Prastawa mau kadadéan ing persimpangan [b] Jalan Phan Đình Phùng (saikine Jalan Nguyen Dinh Chieu) lan Jalan Le Van Duyet (saikiné Jalan Cach Mạng Thang Tam) kang dumunung ing barat daya Pura Presidensial (saikiné Pura Reunifikasi). Duc métu saka mobil mau bebarengan karo biksu loro liyané. Salah sawijiné biksu mapanake tlemek lungguhan ing tengahing dalan déné biksu kaping loroné mbukak bagasi lan ngetokaké bènsin limang galon. Wong-wong banjur mbéntuk bunderan banjur pada ngiteri, lan Duc lungguh kanthi posisi teratai (kang minangka posisi meditasi Buddhe tradhisional) ing dhuwure tlemek lungguhan. Sawijining murid nyiram sekabèhing kontainer bènsin ing badan Đức. Đức muter kalung doa kang digawé saka kayu lan maca paritta Nianfo ("pakurmatan kanggo Buda Amitābha") sadurungé korek disumet lan geniné ngobong awaké. Geni banjur ngobong jubah lan awaké, lan keluk warna ireng metu saka awaké kang kobong.[23][24]

Tembung-tembung pungkasan Quang Duc sadurungé ngobong awak dicathet ing siji surat kang ditinggalaké:

Sadurungé mripatku daktutup lan nyedhakaké dhiri marang Buda, kanthi kebak rasa urmat aku njaluk marang Présidhèn Ngo Dinh Diem kanggo nuduhaké sithik rasa welas asih marang rakyat lan nindakaké kesetaraan agama kanggo mertahanaké kekuwatan nagari iki selawasé. Aku uga ngundhang wong-wong mau kang minulya, kang paling kinurmatan, anggota-anggota sangha, lan Buddhis awam kanggo kanthi solider nindakaké pengorbanan sajeroning nglindungi Buddhismé.[4]

David Halberstam kandha:

Aku arep ngemataké manèh, nanging sapisan waé wis cukup. Geni mau ana saka siji wong; awaké kanthi alon-alon garing, warna sirahé dadi ireng lan dadi areng. Ing udara mambu daging manungsa kobong; siji manungsa kanthi ngagètaké kobong kanthi rikat. Ing mburiku, aku bisa krungu swara tangising para warga Vietnam kang saikiné wis kumpul. Aku syok banget kanggo nangis, bingung banget kanggo nyatet utawa ngajukaké pitakonan, lan bingung banget kanggo mikir. Nalika kobong, dhèwèké ora tau obah sanajan sithik, ora gawé swara, ketenangané bedha karo wong-wong kang meratap ing saubengé.[25]

Saikine, mobil kang digunakaké Quang Duc kanggo lunga nalika ngobong awaké disimpen ing Pagoda Thien Mu Huế.
 
Mobil Quang Duc, Dhésèmber 2011

Pulisi nyoba njankau, nanging ora bisa nembus barisan bunderan kang digawé déning para Buddhis. Salah siji pulisi malah bersujud ing sangareping Duc kanggo ngurmati.[2] Para penonton akèh-akèhé mung meneng, nanging sapérangan ing antarané nangis lan ngucapaké donga. Akèh biksu lan biksuni, sarta sapérangan wong lumantar syok, sujud ing sangareping sang biksu kang kobong.[2]

Ing basa Inggris lan Vietnam, siji biksu ngomong lumantar mikrofon, "Sawijining pendeta Buda ngobong awaké nganti mati. Sawijining pendéta Buda dadi siji martir." Sawisé kobong sepuluh menit, sekabèhing badan Duc wis dadi angus kabèh lan badané ceblok ing mburi lan gegeré gumlétak. Sawisé geni mati, seklompok biksu nutupi awaké kanthi jubah kuning, njunjung, lan nglebokaké ing siji peti, nanging salah siji anggota badan ora bisa dilurusaké lan salah siji lengené metu saka kotak kayu nalika digawa ing pagoda Xá Lợi ing Saigon tengah. Sanjabaning pagoda, siji pelajar masang spanduk tulisané: "Sawijining pendeta Buda wis ngobong awaké demi limang panjaluké."[23]

Nalika jam 13.30, udakara séwu biksu kumpul saperlu nganakaké patemonan sawatara sakumpulan gedhé pelajar pro-Buddhis jaga-jaga ing saubengé. Patemon bakal rampung lan kabèh kejaba atusan biksu ninggal papan panggonan kanthi alon-alon. Meh sèwu biksu lan warga sipil ing papan panggonan kobongan. Déné para pulisi terus ngiteri. Ing jam 18.00, telung puluh biksuni lan nem biksu dicekel amarga nganakaké donga bebarengan ing dalan ing sajabaning Xá Lợi. Pulisi ngepung pagoda, menging wong lumebu lan gawé pengamanan ketat karo wadyabala mawa gegaman kang dipirantèni perlengkapan anti huru-hara.[26] Soré iku, éwonan warga Saigon ngeklaim wis deleng kenampakan pasuryané Buda ing langit nalika srengéngé angslup. Wong-wong mau ngeklaim yèn ing kenampakan mau Buda lagi nangis.[3]

Panguburan lan Akibat besut

Sawisé aksi ngobong awak, AS mréntahaké Diệm supaya mbukak parundingan manèh. Diệm banjur njadwalaké patemonan kabinèt darurat jam 11.30 ing tanggal 11 Juni kanggo ngrembug krisis Buda kang diyakini bakal suda. Amarga patining Quang Duc, Diệm mbatalaké patemonané lan ketemu kanthi pribadi karo mantri-mentriné. Pamangku kalungguhan (acting) Duta Besar AS ing Vietnam Selatan William Trueheart ngèlingaké Nguyen Dinh Thuan, Sekretaris Nagara Diệm, supaya rikat-rikat nganakaké siji parundingan, lan ngomong yèn kaanan mau "mbebayani amarga kritis" lan ing pangajap Diệm nuruti limang prakara kang dijaluki umat Buddhis. Sekretaris Nagara Amérikah Sarékat Dean Rusk ngèlingaké kedutaan Saigon yèn Gedung Putih bakal mbiwara kanthi binuka manawa ora bakal manèh ngasosiasi dhiri marang rezim yèn babagan mau ora ditindakaké [27] Sawijining Komunike Bersama lan konsèsi kanggo kaum Buddhis ditandatangani tanggal 16 Juni.[28].

15 Juni dadi tanggal kang dipilih kanggo panguburan, lan ing dina iku wong cacah 4.000 kumpul ing njaba pagoda Xá Lợi, nanging acara mau diundhur. Ing tanggal 19 Juni, badan Đức digawa saka Xa Loi tumuju kuburan 16 kilometers (9.9 mi) ing sisih kidul kutha amarga arep dikrémasi manèh lan dikubur. Sawisé penandatanganan Komunike Bersama, dhedhasar pasarujukan udakara 400 biksu kang olèh tek.[28]

Réferènsi besut

  1. Fauzani Mufid (Edisi II Tahun 1 (23-29 Januari 2012)). "Imolasi Diri: Membakar Tirani Lewat Tubuh". Prioritas News. Diarsip saka asliné 2013-06-30. Dibukak ing 2013-09-18. {{cite news}}: Check date values in: |date= (pitulung)CS1 maint: bot: original URL status unknown (link)
  2. a b c d Karnow 1997, kc. 297
  3. a b Jacobs 2006, kc. 148
  4. a b c Nhị Tường 2005.
  5. Huỳnh Minh 2006, kc. 266–267.
  6. a b c Huỳnh Minh 2006, kc. 268
  7. Gettleman 1966, kc. 275–276, 366
  8. Unattributed 1963a
  9. Tucker 2000, kc. 49, 291, 293
  10. Ellsberg 1971, kc. 729–733
  11. Tucker 2000, kc. 291
  12. a b Gettleman 1966, kc. 280–282
  13. Harrison 1963b, kc. 9
  14. Warner 1963, kc. 210
  15. Fall 1963, kc. 199
  16. Buttinger 1967, kc. 993.
  17. Karnow 1997, kc. 294
  18. a b Jacobs 2006, kc. 91
  19. Buttinger 1967, kc. 933.
  20. Harrison 1963a, kc. 5–6
  21. Jacobs 2006, kc. 140–50
  22. Browne 1963
  23. a b c d e Jacobs 2006, kc. 147
  24. Jones 2003, kc. 268
  25. Halberstam 1965, kc. 211
  26. Jones 2003, kc. 270
  27. Jones 2003, kc. 272.
  28. a b Hammer 1987, kc. 149.

Bibliografi besut

Pranala njaba besut