Tuduhaké menu pokok
Vitamin K1 (phylloquinone). Kakalihipun ngandhut cincin naftokuinona kaliyan satunggal ranté lurus. Filokuinona gadhah ranté fitil
Vitamin K2 (menaquinone). Ing salebeting menaquinone ranténipun kadamel saking manéka jinis komposisi residu isoprenoid.

Vitamin K (K saking "Koagulations-Vitamin" ing Basa Jerman kaliyan Basa Denmark[1]) inggih punika saklompok vitamin lipofilik kaliyan hidrofobik ingkang dipunbetahaken kanggé modhifikasi pasca translasi saking manéka jinis protéin, kados ta ing prosès mbekunipun getih. Sacara kimia, vitamin K turunan saking 2-metil-1,4-naftokuinona.[2]. Sifat Vitamin K inggih punika tahan panas, nanging énggal risak manawi kénging senyawa asem, basa, kaliyan sinar srengéngé.[2]

Ing manungsa, vitamin K angsal saking nutrisi panganan kaliyan mikroflora ing saluran pencernaan. Ing salebeting ati, vitamin K dipunbetahaken kanggé ngaktivaken protombin mawi réaksi karboksilasi gugus Glu ing rèsidèu protéin perkusoripun. Asam glutamat ingkang ngalami réaksi karboksilasi bakal éwah dados asem karboksiglutamat gamma.[3]

Vitamin K2 (menakuinona, menatetrenona) kanthi normal dipunkasilaken déning baktèri ing salebeting saluran pencernaan manungsa, kaliyan defisiensi gizi amargi diet ingkang jarang sanget kadadosan kajawi saluran pencernaan punika ngalami karisakan ingkang parah sanget.[2] Saéngga boten saged nyerep molekul.[2] Vitamin K pinanggih ing janganan ijem, kados ta bayem, katuk, kol, selada, kaliyan brokoli.[2]

Vitamin K kaliyan Kasarasan BadanBesut

Para peneliti ing Tufts nemokaken déne vitamin K saged ngelongi risiko resistensi insulin saéngga mbanttu nglawan diabetes.[4] Penemuan ini diterbitkan dalam Diabetes Care.[4] Vitamin K ugi saged mbantu metabolisme ing badan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan resistensi insulin.[4] Ing badan, vitamin K menet prosès pendarahan ing ati ingkang asring tuwuh amargi nganggé aspirin utawi antibiotik ingkang kathah.[5] Liwat mekanisme ingkang sami, vitamin K saged ngrendhetaké prosès mbentuk sèl kanker ati kaliyan kanker paru-paru.[5]

Panalitèn sanès ugi mbuktèkaken déné kajawi diabetes, vitamin K ugi saged ningkataken kepadhetan balung, saéngga kawangun struktur rangka badan ingkang kuwat.[6] Khususnya pada wanita, vitamin K juga dapat menurunkan risiko terkena osteoporosis.[7] Kanggé tiyang wadon, vitamin K saged ngudhunaken resiko kénging osteoporosisi.[7] Ing salebeting balung, vitamin K saged mbantu senyawa osteokalsin ing ginanipun nyerep mineral kanggé mbantuk struktur balung ingkang kuwat.[7] Osteokalsin punika dipunkasilaken déning osteoblas, kempalan sèl ingkang mbentuk balung.[7]

Ugi pirsaniBesut

Pranala njawiBesut

Cathetan sukuBesut

  1. Dam, Henrik (1935), "The Antihaemorrhagic Vitamin Of The Chick" (PDF), Biochemical Journal XXIX (82): 1273–1285  line feed character ing |title= ing posisi 29 (pitulung)
  2. a b c d e Vitamin Basics. DSM Nutritional Products. http://www.vitamin-basics.com/index.php?id=41
  3. "Abnormal Prothrombin (DES-γ-Carboxy Prothrombin) in Hepatocellular Carcinoma". Departments of Surgery and Pathology, University of Pittsburgh School of Medicine and the Veterans Administration Medical Center; A. Nakao, A. Virji, Y. Iwaki, B. Carr, S. Iwatsuki, dan E. Starzl. Dijupuk 2010-12-10. 
  4. a b c Yoshida MY, Jacques PF, Meigs JB, et al. 2009. {gamma}-Carboxylation of osteocalcin and insulin resistance in older men and women. Am J Clin Nutr 90:1230-35.
  5. a b Wilson AC, Fasco MJ. 1986. Vitamin-K-dependent proteins in microsomes of primary lewis lung tumors. Int J Cancer 8(6):877-82.
  6. Price PA. 1988. Role of vitamin-K-dependent proteins in bone metabolism. Annu Rev Nutr 8:565–83.
  7. a b c d Tsukamoto Y, Ichise H, Kakuda H, Yamaguchi M. 2000. Intake of fermented soybean (natto) increases circulating vitamin K2 (menaquinone-7) and gamma-carboxylated osteocalcin concentration in normal individuals. J Bone Miner Metab 18(4):216–22.