Wong Banten
Suku Banten, langkung pasipun Tiyang Banten minangka penduduk asli ingkang dumunung ing tilas laladan kekuasaan Kesultanan Banten ing njawi Parahiyangan, Cirebon lan Jakarta. Miturut sensus BPS taun 2000, suku Banten populasinipun 2,1% saking penduduk Indonésia.[1]
Tiyang Banten migunakaken basa Banten[2]. Basa Banten inggih punika salah satunggaling dhialèk basa Sunda ingkang langkung celak kaliyan basa Sunda Kuna. Bedanipun tata basa antawisipun Basa Banten lan Basa Sunda amargi wewengkon Banten boten naté dados péranganing Kesultanan Mataram saéngga boten ngenal tataran alus lan alus sanget ingkang dipunkenalaken déning Mataram. Basa punika dipunlestantunaken salah satunggaling kanthi program berita Beja ti Lembur ing basa Banten ingkang dipunsiaraken déning giyaran télévisi lokal ing wewengkon Banten.[3]
Asal tembung Banten
besutTembung Banten wonten sadèrèngipun jumenengipun Kesultanan Banten. Tembung punika dipun-ginakaken kanggé nyukani namasawijining kali lan laladan saklilingipun inggih punika Cibanten utawi Kali Banten. Rujukan kaserat pisanan babagan Banten saged kapanggih ing naskah Sunda Kuno Bujangga Manik ingkang nyebutaken nama-nama papan ing Banten lan sakanan kiringipun, kados makaten:[4]
tanggeran Labuhan Ratu.
Ti kaler alas Panyawung,
tanggeran na alas Banten.
Itu ta na gunung (...)lèr,
tanggeran alas Pamekser,
nu awas ka Tanjak Barat.
Itu ta pulo Sanghiang,
heuleut-heuleut nusa Lampung,
Ti timur pulo Tampurung,
ti barat pulo Rakata,
gunung di tengah sagara.
Itu ta gunung Jereding,
tanggeran na alas Mirah,
ti barat na lengkong Gowong.
Itu ta gunung Sudara,
na gunung Guha Bantayan,
tanggeran na Hujung Kulan,
ti barat bukit Cawiri.
Itu ta na gunung Raksa,
gunung Sri Mahapawitra,
tanggeran na Panahitan,
Dataran langkung inggil ingkang dipunlangkungi kali punika dipunsebut Cibanten Girang utawi dipunsebut Banten Girang ("Banten atas"). Adhedhasar panaliten ingkang dipuntindakaken ing Banten Girang nalika taun 1988 ing program Franco-Indonésian excavations, ing laladan punika sampun wonten pemukiman wiwit abad ke 11 dumugi 12 (nalika kraton Sunda). Adhedhasar riset punika ugi dipunmangertosi bilih laladan punika ngrembaka nalika abad ke-16 nalikaIslam mlebet pisanan ing wewengkon punika. Perkembangan pemukiman punika lajeng jembar utawi geser ing arah Serang lan ing arah pasisir. Ing laladan pasisir punika lajeng dipunyasaKesultanan Banten déning Sunan Gunung Jati. Kesultanan punika kedahipun nguwaosi sadaya tilas Karajan Sunda ing Jawa Barat. Nanging Sunda Kalapa utawi Batavia dipunrebut déning Walanda sarta Cirebon lan Parahiyangan dipunrebut déning Mataram. Laladan kesultanan punika lajeng dipunewahi dados karesidenan.[4]
Uga delengen
besutCathetan suku
besutRujukan
besut- Claude Guillot, The Sultanate of Banten, Gramedia Book Publishing Division, Jakarta, 1990
- Adolf Heuken SJ, Sumber-sumber asli sajarah Jakarta, Jilid II, Cipta Loka Caraka, Jakarta,2000
- Adolf Heuken SJ, Sumber-sumber asli sajarah Jakarta, Jilid III, Cipta Loka Caraka, Jakarta,2000