Aksara Siddhaṃ

Siddhaṃ, sabubaré owah dadi rupa anyar banjur kondhang mawa aran Siddhamātṛkā,[1] ya iku jeneng aksara kang dianggo nulisaké basa Sangsekerta kawit taun 600-an tekan taun 1200-an. Aksara iki tumurun saka aksara Brahmi sarana aksara Gupta, lan nurunaké aksara Tirhuta, aksara Assam, aksara Bengali, lan aksara Tibèt. Panulisé jeneng aksara iki rada mbingungaké amarga tembung Siddhāṃ karo Siddhaṃ loro-loroné kaprah dianggo, sanajan ana kang ngarani tembung Siddhaṃ iku kang "bener".[2] Aksara iki kasil besutan aksara kang dianggo nalika mangsané Kraton Gupta. Jenengé aksara dijupuk saka tembung Siddhaṃ utawa Siddhaṃ astu (muga-muga sampurna) kang asring tinulisaké ing sesirahé pustaka.

Siddhaṃ
Siddham.jpg
Tembung Siddhaṃ nganggo aksara Siddhaṃ
Jinis
BasaSangsekerta
Kala
udakara 600-1200 M ing India, lan tekan sepréné Asia Wétan
Aksara babon
Brahmi
Aksara turunan
Assam
Bengali
Tibèt
Aksara sadulur
Nāgarī
Śāradā
Arah nulisKiwa manengen
ISO 15924Sidd, 302
Jeneng Unicode
Siddham
Larik Unicode
U+11580–U+115FF

Layang Palamaran Aksara Pungkasan Sing Tinampa

Warna-Warna Rupa Aksara

Tembung Siddhaṃ ateges "paripurna" utawa "sampurna" cara Sangsekertané. Jejuluk liya aksara iki ya iku ing Jepang: 梵字; bonji lan ing basa Tradisional: 悉曇文字; Pinyin: Xītán wénzi.

Siddhaṃ iku kalebu abugida, dudu alfabèt, amarga saben pralambangé (karakteré) nglambangaké sawiji wanda. Hurup-hurup wyanjana tanpa sandhangan mesthi mawa swara hraswa 'a'. Panrapé sandhangan ngasilaké swara liya, anuswara, utawa wisarga. Tandha wirama bisa dianggo saperlu nandhani wyanjana wantah utawa tanpa swara kang kala-kala dadi pungkasané tembung-tembung Sangsekerta.

BabadBesut

 
Layang Siddhaṃ Sutra Wardaya. Bibliothèque nationale de France
 
Layang Siddham kawitan, saka wiwitan abad angka 6 (kawentar mawa aran "rontal Horiuzi" kang kareksa ing Hōryū-ji, Jepang). Rontal iki ngandhut tulisan Sangsekerta Sutra Wardaya lan Uṣṇīṣa Vijaya Dhāraṇī Sūtra. Larik pungkasan ya iku abugida Siddhaṃ.
 
Panganggoné aksara Siddhaṃ tumrap Mantra Pratisara ing Cina, saka mangsa Tang Lanjutan. 927 M.
 
Panganggoné aksara Siddhaṃ tumrap Mantra Mahāpratyaṅgirā ing Cina. 971 M

Akèh pustaangka pustaka Buda kang ginawa menyang Cina turut Dalan Sutra ditulis nganggo aksara Siddhaṃ. Aksara iki tansah owah lan nglantari tuwuhé selingan-selingan cilik sajeroning aksara iki ing saben mangsa lan papan. Nanging, pigunané panggah ya iku kanggo nularaké pustaangka pustaka tantra Buda. Kala samana, wigati anggoné ngreksa pangucapé mantra, déné aksara Cina ora trap manawa dianggo nulisaké uni-uni Sangsekerta. Kanthi jalaran iki, aksara Siddhaṃ mèlu kareksa ing Asia Wétan. Adat nulis nganggo aksara Siddhaṃ lestari ing Asia Wétan sarana agama Buda Tantra.

Kūkai nepungaké aksara Siddhaṃ menyang Jepang nalika dhèwèké bali saka Cina taun 806 saperlu maguru basa Sangsekerta marang pandhita-pandhita Nalanda, kang salah sijiné ajeneng Prajñā (Tionghoa: 般若三藏; Pinyin: Bōrě Sāncáng, taun 734–810-an). Rikala Kūkai nuju sinau aksara iki, dalan dharat kanggo merdagang lan jiarah menyang India ditutup déning Kakalifahan Abasiyah kang nembé mbabrahaké wewengkoné.

Ing Jepang, nulis mantra lan nurun sutra nganggo aksara Siddhaṃ dadi kalumrahan ing papan pamulangan kawruh Buda Shingon lan Tendai saha ing sékté sinkrètis Shugendō. Hurup-hurup kang dianggo dijenengi shittan (悉曇?) utawa bonji (梵字? Cina: Fànzì). Tripiṭaka Taishō kang kalebu wewatoné Buda Cina ngreksa panganggoné hurup-hurup Siddhaṃ ing mantra. Wong-wong Buda Koréa uga isih ajeg nulis bīja nganggo aksara Siddhaṃ rékan. Rerékan gagrag modhèren ya iku nulisaké unèn-unèn abasa Jepang menyang kaos oblong nganggo Bonji. Aksara Siddhaṃ Jepang wis malih saka aksara asliné kang dianggo nulisaké sūtra, lan saiki wis rada béda saka aksara kunané.

Aksara Siddhaṃ lumrah ditulis nganggo cawi kaya hurup-hurup Cina, lan uga ditulis nganggo panuli pring. Ing Jepang, cawi mirunggan aran bokuhitsu (朴筆? Chinese: pǔbǐ) kanggo nggawé kaligrafi Siddhaṃ kang resmi. Gagragé kang ora resmi aran "fude" (? Cina: "máobĭ").

Ing madya abad angka 9, Cina nyingkiraké "agama-agama manca", nglantari dilarangé pustaangka pustaka Siddhaṃ saka Jepang. Kala samana uga aksara-aksara liya, mligi aksara Déwanagari, nggantèni panganggoné aksara Siddhaṃ ing India, déné ing Bangala aksara Siddhaṃ owah dadi aksara Bengali. Kaanan iki njalari mung kari wewengkon Asia Wétan waé papan lestariné aksara Siddhaṃ.

Rupa aksara Siddham kang mbédani dianggo ing Koréa. Gagrag iki adoh bédané saka pakemé kang dianggo ing Cina lan Jepang. Samana uga, tinemokaké bukti manawa aksara Siddham dianggo ing Asia Tengah kawit abad angka 7.

Kayadéné hurup-hurup Cina, sarjana Buda ing Jepang kala-kala nggawé pirang-pirang hurup mawa uni kang padha saperlu nambah surasa marang hurup-hurup Siddham. Kalumrahan iki tundhoné nuduhaké anané 'caruban' gagag tulis Cina lan gagrag tulis India lan dadi lantaran tulisan-tulisan Sangsekerta mawa aksara Siddham panjarwané bisa béda-béda gumantung pamacané, mèmper hurup-hurup Cina kang diaku wong Jepang. Mulané, ana manéka rupa hurup kanggo uni kang padha.[3]

Tulisan Siddham wiyahé diwaca saka kiwa manengen tumuli ndhuwur mangisor manawa kanggo nulisaké basa-basa India. Kala-kala uga, aksara iki ditulis nganggo gagrag Cina lumrahan, ya iku saka ndhuwur mangisor tumuli tengen mangiwa. Tulisan-tulisan dwiaksara Siddham-Jepang kawaca kanthi digèsèr 90 drajat manengen amarga tulisané aksara Jepang ditulis saka ndhuwur mangisor kaya lumrahé, banjur digèsèr 90 drajat bali amarga tulisané aksara Siddham ditulis saka kiwa manengen. Tundhoné, tulisané aksara Jepang katon nepi.

Ing sadawané mangsa, sawenèh sandhangan tambahan diréka kaya ta tandha waca, tandha ulang, tandha pungkas, ligatur mirunggan kanggo wyanjana jèjèr, saha sawatara ornamèn. Pralambang-pralambang iki durung sinandi ing Unicode. Pralambang nuqta uga kanggo ing tulisan-tulisan Siddham modhèren.

HurupBesut

SwaraBesut

Rupa ijèn Latin Minangka sandhangané hurup   Rupa ijèn Latin Minangka sandhangané hurup  
  a     ā  
  i     ī  
  u     ū  
  e     ai  
  o     au  
  aṃ     aḥ  
Rupa ijèn Latin Minangka sandhangané hurup   Rupa ijèn Latin Minangka sandhangané hurup  
     
   
Rupa-rupa liya
  ā   i   i   ī   ī   u   ū   o   au   aṃ

WyanjanaBesut

Andegan Apoksiman Frikatif
Tenuis Aspirat Sinwara Sinwara enggos Nasal
Glotal   h
Vélar   k   kh   g   gh  
Cethak   c   ch   j   jh   ñ   y   ś
Rétroflèks     ṭh     ḍh     r  
Déntal   t   th   d   dh   n   l   s
Bilabial   p   ph   b   bh   m
Labiodéntal   v
Wyanjana jèjèr
  kṣ   llaṃ
Rupa-rupa liya
  ch   j   ñ     ṭh   ḍh   ḍh       th   th   dh   n   m   ś   ś   v

Wyanjana jèjèrBesut

 
Aksara Siddhaṃ déning Kūkai (774–835)
k kṣ -ya -ra -la -va -ma -na
  k   kya   kra   kla   kva   kma   kna
  rk   rkya   rkra   rkla   rkva   rkma   rkna
  kh  
     kabèhé ana 68 larik
  • ↑ Gabungan hurup kang rupané padha dibusak saka tabèl iki.
  ṅka   ṅkha   ṅga   ṅgha
  ñca   ñcha   ñja   ñjha
  ṇṭa   ṇṭha   ṇḍa   ṇḍha
  nta   ntha   nda   ndha
  mpa   mpha   mba   mbha
  ṅya   ṅra   ṅla   ṅva
  ṅśa   ṅṣa   ṅsa   ṅha   ṅkṣa
  ska   skha   dga   dgha   ṅktra
  vca/bca   vcha/bcha   vja/bja   vjha/bjha   jña
  ṣṭa   ṣṭha   dḍa   dḍha   ṣṇa
  sta   stha   vda/bda   vdha/bdha   rtsna
  spa   spha   dba   dbha   rkṣma
  rkṣvya   rkṣvrya   lta   tkva
  ṭśa   ṭṣa   sha   bkṣa
  pta   ṭka   dsva   ṭṣchra
  jja   ṭṭa   ṇṇa   tta   nna   mma   lla   vva  
Rupa gabungan liya kang ngandhut hurup .
  ṇṭa   ṇṭha   ṇḍa   ṇḍha

Wanda-wanda ṛBesut

  kṛ   khṛ   gṛ   ghṛ   ṅṛ   cṛ   chṛ   jṛ   jhṛ   ñṛ  

Sawènèh wanda contoBesut

  rka   rkā   rki   rkī   rku   rkū   rke   rkai   rko   rkau   rkaṃ   rkaḥ
  ṅka   ṅkā   ṅki   ṅkī   ṅku   ṅkū   ṅke   ṅkai   ṅko   ṅkau   ṅkaṃ   ṅkaḥ

Fon-fon SiddhaṃBesut

Aksara Siddhaṃ isih ajeg minangka aksara kang ditulis-tangan. Sawenèh pangudi wis lumaksana nggawé fon-fon komputer masiya tekan sepréné durung ana kang kasil ngolah wyanjana jèjèr. Sing moncèr, Paguyuban Tulisan Digital Buda Cina wis nyipta fon Siddhaṃ tumrap Tripiṭaka Tisho digital, sanajan isih durung bisa ngolah kabèh wyanjana jèjèr. Piranti alus Mojikyo uga ngandhut fon-fon aksara Siddham, nanging mérang aksara Siddham marang babagan kang béda lan butuh fon béda-béda kanggo ngolah salayang.

Sistem input siddhaṃ kang gumantung marang fon CBETA, Siddhamkey 3.0, wis dibabar.

UnicodeBesut

Aksara Siddham ditambahaké menyang Pakem Unicode Juni 2014 bareng karo dibabaré édhisi 7.0.

Babagan Unicode kanggo aksara Siddham ya iku U+11580–U+115FF:

Siddham[1][2]
Tabèl sandi Konsorsium Unicode Resmi (PDF)
  0 1 2 3 4 5 6 7 8 9 A B C D E F
U+1158x 𑖀 𑖁 𑖂 𑖃 𑖄 𑖅 𑖆 𑖇 𑖈 𑖉 𑖊 𑖋 𑖌 𑖍 𑖎 𑖏
U+1159x 𑖐 𑖑 𑖒 𑖓 𑖔 𑖕 𑖖 𑖗 𑖘 𑖙 𑖚 𑖛 𑖜 𑖝 𑖞 𑖟
U+115Ax 𑖠 𑖡 𑖢 𑖣 𑖤 𑖥 𑖦 𑖧 𑖨 𑖩 𑖪 𑖫 𑖬 𑖭 𑖮 𑖯
U+115Bx 𑖰 𑖱 𑖲 𑖳 𑖴 𑖵 𑖸 𑖹 𑖺 𑖻 𑖼 𑖽 𑖾 𑖿
U+115Cx 𑗀 𑗁 𑗂 𑗃 𑗄 𑗅 𑗆 𑗇 𑗈 𑗉 𑗊 𑗋 𑗌 𑗍 𑗎 𑗏
U+115Dx 𑗐 𑗑 𑗒 𑗓 𑗔 𑗕 𑗖 𑗗 𑗘 𑗙 𑗚 𑗛 𑗜 𑗝
U+115Ex
U+115Fx
Cathetan
1.^ Kayata Unicode vèrsi 8.0 8.0
2.^ Babagan klawu minangka titik-sandi titik-sandi ora tinugasan

RujukanBesut

Cathetan sikilBesut

  1. Rajan, Vinodh; Sharma, Shriramana (2012-06-28). "L2/12-221: Comments on naming the "Siddham" encoding" (PDF). Dibukak tanggal 2014-08-19.
  2. Monier-Williams Sanskrit-English Dictionary, page 1215, col. 1 http://www.sanskrit-lexicon.uni-koeln.de/monier/
  3. http://www.unicode.org/L2/L2013/13110r-n4407.pdf

BibliografiBesut

  • Bonji Taikan (梵字大鑑). (Tōkyō: Meicho Fukyūkai, 1983)
  • Chaudhuri, Saroj Kumar (1998). Siddham in China and Japan, Sino-Platonic papers No. 88
  • Stevens, John. Sacred Calligraphy of the East. (Boston: Shambala, 1995).
  • Van Gulik, R. H. Siddham: An Essay on the History of Sanskrit Studies in China and Japan (New Delhi, Jayyed Press, 1981).
  • Yamasaki, Taikō. Shingon: Japanese Esoteric Buddhism. (Fresno: Shingon Buddhist International Institute, 1988).

Pranala njabaBesut