Allamanda cathartica

Allamanda cathartica
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Filum: Basidiomycota
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Apocynales
Famili: Apocynaceae
Génus: Allamanda
Spésies: A. cathartica
Jeneng binomial
Allamanda cathartica
L.[1]

Allamanda cathartica ya iku tuwuhan hias kang racaké diarani kembang alamanda lan lan uga kerep diarani kembang trompet emas, kembang lonceng kuning, utawa kembang buttercup.[2] Kembang alamanda asalé saka laladan Amérika Tengah lan KIdul lan akèh tinemu ing Brazil. Ing kono kembang iki kerep digunakaké minangka rerenggan amarga wujudé éndah.[2]

Ciri-ciri besut

Tuwuhan alamanda éwoning perdu kayu kang dhuwure ngancik 2 mèter.[3] Tuwuhan iki asipat evergreen (tansah ijo saben taune).[4] Gagange kang wis tuwa wernane coklat amarga wektu iku mbentuk kayu, déné tunas enome warna ijo.[4] Kembang alamanda wernane kuning lan wujudé kaya trompet kanthi diameter 5-7.5 cm.[3] Tuwuhan iki duwé kembang kang ambune wangi.[3]

Panggonan urip besut

Alamanda lumrahé urip ing jejere kali utawa ing panggoan kang kena sinare srengéngé lan kena banyu udan kang cukup.[4] Tnduran iki ora bisa urip ing lemah kang ngndhut uyah lan tuwuhan iki uga ora tahan suhu cendhèk.[4] Suhu -1 °C bisa matèni tuwuhan mau amarga tandura iki sensitif banget marang suhu atis.[4]

Alamanda bisa urip apik lan ngasilaké kembang ing intensitas srengéngé tanpa alangan.[4] Yèn diwènèhi alangan, kembange bisa mudhun.[4] Tuwuhan iki urip kanthi apik nalika ana ing lemah pasir kaya ta, akèh bahan organike, lan aerasi kanthi apik uga.[3] Surasane, alamanda ya iku tuwuhan kang gampang urip ing kondisi kang cocog mula ing pirang-pirang laladan uga diarani gulma.[3]

Iklim kang cocog kanggo pertumbuhan alamanda ya iku laladan kanthi iklim tropis. Pada laladan kanthi iklim tropis, alamanda bisa urip ing lingkungan kang mlakune lumayan rikat.[5] Di habitat Asline, alamanda urip ing ketinggian 0-700 mèter saka laut (dpl) kanthi curah udan 1000 nganti 2800 mm saben taun.[3] Karena modote kang rikat, alamanda racaké kanggo ornamen kanggo rerenggan pager lan témbok.[2]

Reproduksi besut

Tanaman alamanda berbunga sepanjang taun di banyak habitat.[4] Tanaman ini dapat berkembangbiak dengan biji, namun perbanyakan yang umum dilakukan ya iku dengan stek batang. Hal ini disebabkan, beberapa varietas hibrida sulit memunculkan kapsul biji.[4] Alamanda tergolong tanaman yang tumbuhnya cepat sehingga harus sok dilakukan pemangkasan untuk menjaga penampilannya.[4]

Manfaat besut

Kembang alamanda duwé pirang-pirang fungsi medis, salah sijiné ya iku diengo minangka laksatif.[6] Dhadhak tuwuhan iki duwé sipat antibakteri. Kembang alamanda uga duwé sipat antibiotik tumrap bakteri Staphylococcus.[6] Kembange tuwuhan iki dimanfaatake minangka obat kanggo nyegah komplikasi saka malaria lan abohe limpa.[6] Saliyané iku, oyote bisa minangka nyegah lelara kuning.[6]

Rujukan besut

  1. [UTS] Universal Taxonomic Services. 2008. The Taxonomicon [terhubung berkala]. http://taxonomicon.taxonomy.nl/TaxonTree.aspx?id=9456 [28 Okt 2015].
  2. a b c Simoes AO, Castro MM de, Kinoshita LS. 2006. Calycine colleters of seven species of Apocynaceae (Apocynoideae) from Brazil. Botanic J Linn Soc 152(3):387-98.
  3. a b c d e f Thomas V, Dave Y. 1989. Histochemistry and senescence of colleters of Allamanda cathartica (Apocynaceae). Ann Bot 64:201-3.
  4. a b c d e f g h i j Francis JK. 2002. Allamanda cathartica L. [terhubung berkala]. http://www.fs.fed.us/global/iitf/pdf/shrubs/Allamanda%20cathartica.pdf [23 Agu 2009].
  5. Austin DF. 2002. Healing plants of peninsular India. Eco Bot 56(3):292.
  6. a b c d Nayak S, Nalabothu P, Sandiford S, Bhogadi V, Adogwa A. 2006. Evaluation of wound healing activity of Allamanda cathartica. L. and Laurus nobilis. L. extracts on rats. BMC Comp Alt Med 6:12.