Antioksidan
Antioksidan yaiku substansi kang bisa nétralaké utawa ngejur radikal bébas.[1] Pangertèn liya ngenani antioksidan yaiku senyawa kang bisa nunda, ndadékaké aloné prosés lan nyègah prosès oksidasi lipid.[2] Arti mligi, antioksidan yaiku zat kang bisa nunda utawa nyégah réaksi antioksidasi radikal bébas ing oksidasi lipid(Kochhar dan Rossell, 1990).[2] Radikal bébas iku jinis oksigé́n kang duwé tingkat réaktif dhuwur, saka reaksi biokimia ing jèro awak.[1] Radikal bébas uga ana ing lingkungan kang asalé saka polusi udara, pèga mbako, penguapan alkohol kang kakéhan, bahan pèngawét lan pupuk, sinar Ultraviolet, X-Rays, dan ''ozon''.[1] Radikal bébas bisa ngrusak sel awak nalika awak kekurangan zat anti oksidan utawa nalika awak kaluwihan radikal bébas. Iki bisa ngrèmbakakake sel kanker, lelara ati, arthritis, katarak, lan pènyakit degènèratif liyané, malah uga bisa nyèpètaké prosès tuané kulit.[1] Radikal bébas bisa ngrusak mémbran sél sarta ngrusak lan ngowahi DNA.[1] Ngowahi zat kimia kang ana ing jero awak bisa ngundakaké résiko kena kanker sarta ngrusak lan menonaktifkan protéin.[1] ''Karotenoid'' berinteraksi karo vitamin C, vitamin E, lan sélénium dadi zan antioksidan.[1] Karoten duwé peran kanggo ngundhakaké sistem imunitas awak liwat éfék antioksidan.[1] Vitamin A uga njamin ngembangé kulit séhat, mémbran mukosa, klanjer tyimus lan jaringan lymphoid, lan apa baé kang ana sesambungane karo sistem kekebalan awak.[1] Vitamin C karo vitamin E bisa njaga sél lan nglawan ''peroksidasi'' lemak ing jero sel.[1] Vitamin C uga duwé fungsi kanggo nyègah kanker.[1] Manfaat nggabungaké fungsi antioksidan vitamin E kaya ta nyègah rantai réaksi radikal bébas.[1] Cara kerjané vitamin E minangka antioksidan kang paling kuat yaiku golék, bèréaksi, lan ngrusak kankèr, lara ati, lan ndandani sistèm kèkèbalan awak.[1] Selenium minangka mineral wigati kang fungsiné njaga kèwarasan awak lan nyègah pènyakit. selenium karo vitamin E kèrja bèbarèngan nyègah rusaké sel awak.[1]
Sumber-sumber Antioksidan
besutSumber-sumber antioksidan bisa dipérang dadi rong kelompok, yaiku antioksidan sintétik (antioksidan saka asil sintésa réaksi kimia) lan antioksidan alami (antioksidan saka ékstraksi bahan alami).[2]
Antioksidan sintetik kang diparengake kanggo pakanan lan wis kerep diènggo yaiku butil hidroksi anisol (BHA), butil hidroksi toluen (BHT), propil galat, tert-butil hidoksi quinon (TBHQ) lan tokoferol.[2] Antioksidan-antioksidan mau iku digawé saka antioksidan alami kang disintesis kanggo tujuan komersial.[2]
Antioksidan alami ing jero pangan bisa saka (a)senyawa antioksidan kang pancen ana ing sapérangan panganan, (b) senyawa antioksidan kang dumadi saka reaksi-reaksi nalika prosès ngolah, (c) senyawa antioksidan kang diisolasi saka sumber alami lan ditambahake ing pakanan kanggo bahan tambahan pangan (Pratt,1992) [2]
Tuladha Panganan kang Ngandung Antioksidan
besutSaka ekstrak jahe kang wis dibuwang komponèn volatil-e kanthi destilasi uwab, mangka saka fraksi non volatil-e sawisé pemurnian, ditokake ana patang senyawa turunan gingerol lan patang macem diarilheptanoid kang duwé aktivitas antioksidan kuat (Nakatani,1992).[2]
- ''Theaflavin'' teh ireng dinyatakake luwih potensial antioksidane saka ''katekin'' déning para peneliti amarga gugus hidroksine luwih akèh.[3]
- Kuaci salah siji panganan kang ngandung vitamin E, yaiku vitamin kang bisa ngewangi mbentuk kolagen, nangkal radikal bébas kang bisa ngrusak kulit, lan mbalekake keséhatan sel kulit. Nanging,aja mangan kuaci kang ake uyahe.[4]
- Minyak ikan iku ngandut Omega-3 kang wigati kanggo kulit supaya awet enom, rambut kuat, mata éndah, lan kuku séhat.[4]
- Tomat.Kandungan lycopene tomat ora bisa Anda tinemu saka buah liyané. Lycopene iku kanggo ngurangi rusake sel lan iritasi kulit.[4]
- Blackberry lan blueberry dikenal amarga kandhutan antioksidane kang dhuwur. Ora mung iku, blackberry lan blueberry iki uga duwé kaluwihan bisa nguatake formasi kolagen. Blueberry uga diyakini bisa nglancarake sirkulasi getih,lan marakake séhate kulit.[4]
- Kacang-kacangan duwé senyawa hyaluronic acid kang bisa ngilangi kerut-kerut kulit. Luwih apik yèn kacang-kacangan dimasak kanthi cara diobong, didang, utawa digodhog amarga kandhutan lengane kang akèh banget.[4]
Tanda-Tanda Awak Kurang Antioksidan
besutTanda-tanda wong kang kurang antioksidan ing awake yaiku:[5]
- kerep kena infeksi lan angèl warase
- gampang memar
- kulit tipis
- kulit pating njekitu, katon luwih tuwa
- deg-degan utawa lara sawisé ulah raga abot
- lara sawisé kena polusi
Cathetan suku
besut- ↑ a b c d e f g h i j k l m n Wyeth Indonesia Archived 2011-07-18 at the Wayback Machine. (kaundhuh tanggal 29 Maret 2011)
- ↑ a b c d e f g h Kamus Ilmiah[pranala mati permanèn](kaundhuh tanggal 29 Maret 2011)
- ↑ [1][pranala mati permanèn](kaundhuh tanggal 29 Maret 2011)
- ↑ a b c d e Metronews Archived 2011-04-01 at the Wayback Machine.(kaundhuh tanggal 29 Maret 2011)
- ↑ clubséhat[pranala mati permanèn](diunduh tanggal 7 April 2011)