Basa Turki Khorasan

Cithakan:Infobox Language/IPA

Turki Khorasan (Basa Turki Khorasan: Xorasan Türkçesi IPA [xorɑsɑn tyrktʃesi] Pèrsi: Zabān Torkī Xorāsānī زبان ترکی خراسانی‎‎) iku salah sawijiné basa-basa Turki utawa bahasa Oghuz. Basa iki dipituturake ing Provinsi Khorasan Lor lan Provinsi Razavi Khorasan ing nagara Iran. Saliyané basa dhéwé, panyatur basa Turki Khorasani meh kabèh uga bisa Persia.[1]

Khorasani Turkic
Dituturaké ing Iran
Wilayah Khorasan
Gunggung panutur 1 yuta
Rumpun basa Basa-basa Turki
Kodhe basa
ISO 639-1 None
ISO 639-2
ISO 639-3 kmz

Tlatah PanyebaranBesut

 
Wong Turki ing Khorasan Lor (provinsi Khorasan Lor lan Razavi Khorasan); kajaba wong Turki sing urip ing kulon lan kidul tlatah Khorasa (Nishapur, Sabzevar lsp.)

Basa Turki Khorasan dipituturake ing provinsi Khorasan Lor Iran, cedhak kutha Bojnord, lan Razavi Khorasan, cedhak Sabzevar, Quchan. Dhialek Oghuz sing dipituturake ing Uzbekistan kulon kadangkala diarani dhialek Turki Khorasan.

DhialekBesut

Turki Khorasan duwé dhialek-dhialek ya iku: dhialek Lor, Kidul lan Kulon. Dhialek lor dipituturake ing Khorasan Lor cedhak kutha Quchan; dhialek Kidul ing Soltanabad cedhak Sabzevar; lan dhialek kulon saindenging kutha Bojnord.

Peprincen lan basa-basa sedhuluranBesut

Basa Turki Khorasan kalebu kelompok Oghuz basa-basa Turki, sing uga sak grup karo Turki, Azerbaijani, Gagauz, Turki Gagauz Balkan, Turkmen, lan Salar, saliyané dhialek Oghuz ing Uzbekistan. Basa Turki Khorasan paling cedhak karo Uzbek Oghuz lan Turkmen kajaba cedhak karo dhialek-dhialek Azeri ing Iran.[butuh klarifikasi]

Basa Turki Khorasan iki diprincakake dadi dhialek sing bedha déning Javad Heyat ing buku judhulé Tarikh-e zabān o lahcayā-ye Türki (History of the Turkic).[2]

Miturut para ahli basa, basa iki dianggep antaraning Azerbaijani lan Turkmen, nanging ora dadi péranganing dhialek basa-basa iku.[3]

KonsonanBesut

Konsonan Fonemik
  Konsonan bibir Konsonan gusi Konsonan langit-langit Konsonan langit-langit mburi Konsonan uvular Konsonan celah swara
Plosif p b t d     k ɡ q      
Konsonan Afrikat         t͡ʃ d͡ʒ            
Konsonan Frikatif f v s z ʃ ɮ x ɣ     h  
Anuswara m n ɲ ŋ        
Konsonan sentuhan     r                
Konsonan sisihan     l                
Konsonan aproksiman         j            

SwaraBesut

Swara
Swara ngarep Swara mburi
Swara bundher Bundher Ora Bundher Bundher
Swara sempit i y ɯ u
Swara tengah e ø o
Swara buka æ ɑ ɒ

Swara buka mburi ngiringi /u/ utawa /i/ ing tembung muxabbat tresna [muxɒbbɑt] lan insan human [insɒn] nanging uga ing tembung yoldaşlık friendship [joldɑʃlɯk]. Sawetara tembung mbunderake swara /ɑ/ ngiring /o/ kanggo swara dawa. Ora kabèh panyatur ngucapake kaya ngono, amarga plural ora duwé swara bundher. Persia ora duwé swara kaya ning basa Turki.

MorfologiBesut

Tembung AranBesut

PenjamakanBesut

Penjamakan ing tembung aran ditengeri karo panambang -lAr, sing duwé rong wujud ya iku -lar lan -lær, didheleng saka cundhuk swara. Swara /ɑ/ jamak ora krungu bundher ing swara /u/ utawa /i/.

KasusBesut

Tembung Aran ing basa Turki Khorasan duwé akhiran sing ngalih miturut cundhuk swara lan ngiringi swara utawa konsonan:

Case After Vowels After Consonants
Kasus Nominatif No Ending
Kasus Genitif niŋ/nin iŋ/in
Kasus Datif ya/yæ a/æ
Kasus Akusatif ni/nɯ i/ɯ
Kasus Lokatif da/dæ
Kasus Ablatif dan/dæn
Kasus Instrumental nan/næn

Tembung DarwyaBesut

Tembung darwya ditengeri karo rimbagan ing tembung aran darwya (possessed noun).

Tunggal Jamak
Utama Purusa (I)m (I)mIz
Dwi Purusa (I)ŋ (I)ŋIz
Pratama Purusa (s)I lArI

SesulihBesut

Basa Turki Khorasan duwé enem Sesulih. Kadangkala sesulih iki duwé akhiran kasus sing béda saka Tembung Aran reguler.

Tunggal Jamak
Utama Purusa mæn bɯz
Dwi Purusa sæn siz
Pratama Purusa o olar

Tembung KriyaBesut

Tembung kriya dikurangi amarga ukara kala, aspek, sambawa, aran lan cacah. Wujud tembung kriya infinitif diiringi karo rimbagan -max.

TuladhaBesut

Excerpt from Tulu (1989) p. 90
Alih Basa IPA Ing Aksara Latin
Thus, there was a padishah named Ziyad. ɑl ɣəssa bir ziyæːd pæːdiʃæːhiː bæːɾɨdɨ Al ğässa bir ziüäd pädişähi bärıdı.
Almighty God had given him no son. xodɒːʷændi æːlæm ona hit͡ʃ ɔɣul ataː elæmɑmiʃdi Xodavändi äläm ona hiç oğul ata elämamişdi.
There he spoke to his vizier: "O Vizier, I have no son. What shall I do about it?" bæːdæn vaziːɾæ dədi, ej vaziːɾ, mændæ ki ɔɣul joxdɨ, mæn næ t͡ʃaːɾæ eylem Bädän vazirä dädi: "Ey vazir, mändä ki oğul yoxdı. Män nä çarä eylem?"
The vizier said: "Ruler of the whole world, what will you do with this possession?" vaziːɾ dədi, pɒːdiʃaː-i ɢɨblæ-ji ɒːlæm, sæn bu mɒːlɨ-æmwɒːlɨ næjlijæsæn Vazir dädi: "Padişai qıbläyi aläm, sän bu malıämvalı näyliyäsän?"

RujukanBesut

Tulu, Sultan (1989). Chorasantürkische Materialien aus Kalāt bei Esfarāyen. Berlin: Klaus Schwarz Verlag. ISBN 3-922968-88-0.

Doerfer, Gerhard; Hesche, Wolfram (1993). Chorasantürkisch: Wörterlisten, Kurzgrammatiken, Indices. Wiesbaden: Harrassowitz. ISBN 3-447-03320-7.

Pranala JabaBesut

Cithakan:Incubator

Cithakan:Basa-basa Turki