Basa Pèrsi

basa
(Kaelih saka Basa Persia)

Basa Parsi (jeneng lokal: Farsi, Tajiki utawa Dari), iku basa golongan Indo-Éropa saka kulawarga basané. Dituturaké ing Iran, Tajikistan, Afganistan lan Uzbekistan. Gunggung penutur total watara 75 yuta. Déné ing Iran, penutur asli basa iki watara 60% sing ndunungi.

Basa Parsi
 فارسی  
Dituturaké ing Iran, Tajikistan, Afganistan, Bahrain, Uzbekistan, Pakistan, Ruslan.
Wilayah Asia Kulon, Asia Tengah
Gunggung panutur kurang lebih 61,7–110 juta
Ranking 29
Rumpun basa
Status resmi
Basa resmi ing Iran, Tajikistan, Afganistan
Regulated by Akademi basa lan sastra Pèrsi
Akademi Ilmu Pengetahuan Afghanistan
Kodhe basa
ISO 639-1 fa
ISO 639-2 per (b)/fas (T)Cithakan:Infobox Language/SIL14
ISO 639-3



Cithakan:Infobox Language/IPA notice

Sajarah

besut

Basa Parsi kagolong anak cabang basa basa Indo-Arya. Para nimpuna basa lan sajarawan yakin yèn perkembangan basa Parsi diliwati kanthi tahapan:

Basa iki kagolong basa tuwa dhéwé, sing dikira-kira umuré luwih tuwa tinimbang Basa Sangskreta. Basa iki terus tuwuh, lan sawisé Islam lumebu tanah Parsi (Pèrsi), kurang luwih 40 persèn kosakata basa Parsi wis kapengaruhan déning kosakata basa Arab. Saliyané iku unsur-unsur basa Yunani, basa Aram, basa Inggris lan basa Prancis sarta sethithik Turki, uga lumebu sajeroning basa iki.

Cabang-cabang basa Pèrsi

besut

Basa Parsi sabeneré dumadi saka manéka rupa basa lan varian, sing kasebar saka Iran nganti ujung Khumzari ing Oman. Dhialèk lan varian iku antarané:

Déné ing wewengkon Iran dhéwé antarané:

Sistem panulisan

besut
Artikel utama: Aksara basa Pèrsi

Sadurungé lumebu Islam, masarakat Pèrsi migunakaké rong vèrsi aksara ing mangsa Pahlavi, yaiku aksara sing dimodhifikasi saka Basa Aram, lan vèrsi sijiné yaiku aksara asli saenggon sing karan 'Dindapirak' utawa sajeroning basa Pèrsi Modhèrn karan 'Din dabireh' (aksara suci).

Basa Parsi modhèren migunakaké aksara Arab kanthi tambahan 4 aksara kanggo nulisak’e 'zh', 'ch', 'p', lan 'g'.

Deleng uga

besut