Ceprotan ya iku upacara adat kang asalé saka Désa Sekar, Danaraja, Pacitan. Upacara iki kalebu merti désa kang katindakaké saben taun nalika dina Senèn Kliwon sasi Sela manut pananggalan Jawa.[1][2] Ing sajeroning reroncènging acara, para kadang kanoman bakal prang lumawan kadang kanoman liyané migunakaké cengkir,[3] krambil enom kang arep dadi degan. Ancasé dianakaké Ceprotan ya iku kanggo wujud sukur marang Allah kang sampun peparing rejeki lan asil tetanèn.[4]

Beksan ing upacara Ceprotan.

Mula bukané besut

Ceprotan iku mula bukané satemené kajupuk saka carita Panji. Panji Asmarabangun lan Déwi Sekartaji dipitayani nduwèni peran kang wigati marang kayasané Désa Sekar. Kekaroné lelana menyang tlatah Danaraja lan ajeg ngganti jeneng saperlu ngéndhani para mungsuhé. Ing kana, Panji ngganti jenengé dadi Ki Godhèg, déné Déwi Sekartaji ngganti jenengé dadi Déwi Sekar. Rikala semana ing Désa Sekar isih akèh alasé kang ing tembé bakal dibabad déning Ki Godhèg saperlu mbukak lemah kanggo tetanèn. Sawisé mbabad alas, dhèwèké lèrèn ngentèni bojoné–Déwi Sekar–tur ngiyup ing ngisor wit krambil, nanging dhèwèké keceblokan degan. Niaté, degan iku péngin diwènèhaké marang Déwi Sekar, nanging wusanané malah ana pasulayan karo Déwi Sekar. Déwi Sekar banjur ngutahaké banyu degan ing alas nganti metu sumber banyuné jalaran ing alas arang ana banyu resik. Ki Godhèg njenengi sumberé aran Sumber Sekar.[5][6][7]

Ing désa, Ki Godhèg ngadegaké padhépokan kang siswané kudu nggawa sawenèh ubarampé kang dumadi saka cengkir, kembang setaman, menyan, pitik ireng, pitik putih mulus, ingkung, mori, beras, lan beras ketan. Ki Godhèg ndhawuhi salah siji siswané supaya ingkungé mau didum marang siswa liyané, nanging anggoné andum ora adhil. Ki Godhèg banjur ngongkon bojoné kepriyé cara andum kang adhil lan rata. Ki Godhèg nyruwé yèn ana wong kang njupuk ingkung turah cacah loro iki bakal dibalang nganggo cengkir, krambil enom kang arep dadi degan. Tumuli ana siji siswa kang njupuk ingkungé lan dibalang nganggo cengkir déning siswa liyané. Bab iki kang dadi dhasar dianakaké upacara ceprotan ing Désa Sekar.[5][8]

Reroncèning upacara besut

Upacara adat iki dileksanakaké sadina wutuh. Senajan ta ana sepuluh dhusun ing Désa Sekar, nanging kang nganakaké upacara adat iki mung Dhusun Krajan Lor lan Dhusun Krajan Kidul. Para warga nindakaké sawenèh kagiyatan kang dumadi saka nyekar kuburané Ki Godhèg, merti dhusun, lan Ceprotan.[6]

Merti dhusun besut

Nalika wayah wengi sadurungé dianakaké Ceprotan, sawetara bebrayan padha nyekar menyang makam Ki Godhèg. Piyambaké iku kang mbabad alas ing Désa Sekar. Sesepuh lan juru kunci uga mèlu nyekar, ngresiki kuburan, mbakar menyan, lan paring donga. Isuké, bebrayan padha menyang Sumber Sekar lan mènèhi sajèn kanggo Dhanyang kang nunggu sumber banyu cedhak wit gedhé. Sabanjuré, sesepuh upacara nindakaké obong-obong, ya iku dedonga lan nyuwun tulung marang para leluhur kanggo nglancaraké acara merti dhusun lan Ceprotan.[6]

Ing omah, sesepuh nyepakaké ubarampé kang dumadi saka tumpeng lulut, tumpeng tulak, ingkung, wayang kulit, lan sapanunggalané, déné saben kepala kulawarga saka Dhusun Krajan Lor lan Krajan Kidul nyepakaké siji ingkung lan jadah. Ubarampé iku banjur diteraké menyang balé désa kang bakal dikendurèni bareng-bareng. Sawisé iku, para kulawarga nggawa bali berkaté kanggo kulawargané kanthi pangajab sapa waé kang mangan berkaté bakal bagas waras. Sawisé kendurèn, ana sawenèh pagelaran kang diwetokaké kaya ta drumbèn, Réyog Panaraga, Jathilan, beksan, lan kothèkan lesung.[6][9]

Ceprotan besut

Nalika wayah soré, Ceprotan nembé diwiwiti kanthi pisanané ginelar beksan kang nyaritakaké Ki Godhèg pethukan karo Déwi Sekar lan mula bukaning Désa Sekar. Nalika wayah surup, para kadang kanoman saka Dhusun Krajan Lor lan Kidul kapantha dadi rong klumpukan aran panceprot kanthi nggawa cengkir. Cengkir iki kudu diilangi kulité lan dikungkum sawetara dina supaya empuk ora nglarani.[10] Rong klumpukan mau banjur lumebu lapangan bareng karo sesepuh kang nggawa ubarampé, sajèn, lan gunungan. Ing tengah lapangan, sesepuh nindakaké obong-obongan lan acara donga. Sabanjuré, gamelan diunèkaké. Kaprunguning gamelan iki marakaké panceprot siyap-siyap ngantem sapa waé kang njupuk ingkung ing tengah lapangan. Wong kang njupuk ingkungé mau bakal diantem nganggo cengkir sasuwéné 20 menit. Wong kang kaantem cengkir lan keceprotan banyuné dipitayani bakal akèh rejekiné.[6]

Rujukan besut

  1. Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2018). Katalog Warisan Budaya Takbenda Indonesia 2018 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia. kc. 312–313.
  2. Sumodiharjo, Purwo (28 Maret 2022). "Mengenal Ceprotan, Tradisi Saling Lempar Kelapa Cengkir di Pacitan". detikJatim. Dibukak ing 10 Fèbruari 2023.
  3. Laily, Rizka Nur (6 April 2020). "Mengenal Ceprotan, Tradisi Saling Lempar Kelapa Muda di Pacitan yang Sarat Makna". Merdeka.com. Dibukak ing 10 Fèbruari 2023.
  4. Mulyaningtyas, Dyah (23 Agustus 2019). "Ini Fakta-Fakta Menarik Tradisi Ceprotan Khas Kabupaten Pacitan". Liputan6.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 10 Fèbruari 2023.
  5. a b Setyawan, Bagus Wahyu; Saddhono, Kundharu (2018-08-30). "Ceprotan Performing Art: A Traditional Folkart Based on Urband Legend". Harmonia: Journal of Arts Research and Education. 18 (1): 69–70. doi:10.15294/harmonia.v18i1.9509. ISSN 2541-2426.
  6. a b c d e Yuningtyas, Laras Andita; Pranawa, Sigit; Yuhastina, Yuhastina (Dhésèmber 2020). "The meaning of the Ceprotan tradition in bersih desa for the people of Sekar village". Harmoni Sosial: Jurnal Pendidikan IPS (ing basa Inggris). 7 (2): 153–155. doi:10.21831/hsjpi.v7i2.27978. ISSN 2460-7916.
  7. Mustaqim, Muhammad Khoirul; Nugroho, Krishan Yudi; Dewi, Dian Suluh Kusuma (Fèbruari 2020). "Kebijakan Pemerintah Desa Sekar dalam pelestarian tradisi "Ceprotan"". Academia Praja : Jurnal Ilmu Politik, Pemerintahan, dan Administrasi Publik (ing basa Indonesia). 3 (01): 74. doi:10.36859/jap.v3i01.146. ISSN 2715-9124.
  8. Utomo, Tri (2008), Aspek pendidikan nilai dalam pelaksanaan tradisi Bersih Desa (Ceprotan) tahun 2007, Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Universitas Muhammadiyah Surakarta, kc. 38–40
  9. Liputan6.com (2021-12-15). "6 Fakta Menarik Pacitan, Kota Seribu Gua Kampung Halaman SBY". liputan6.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 10 Fèbruari 2023.
  10. Dhimas Ginanjar, èd. (11 Agustus 2019). "Ceprotan, Budaya Mengenang Dewi Sekartaji dan Panji Asmorobangun". JawaPos.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 10 Fèbruari 2023.