Daging asu utawa daging anjing iku daging kang diprodhuksi saka asu kang disembelèh. Saliyané dadi kéwan klangenan kang diingu, asu uga isih dibudidayakaké minangka sumber protéin ing sawetara papan ing donya. Ing nagara-nagara kang nyayangi asu minangka kéwan ingon, mangan daging asu iku tindakan tabu lan nglawan tata krama. Dadi konsumsi daging asu lumrahé olèh kecaman keras. Ing agama Islam, mangan asu iku dianggap karam, amarga asu iku kéwan karnivora.

Masakan daging asu ing Hanoi, Vietnam.

Situasi ing donya

besut

Daging asu dikonsumi ing saindenging donya.

China

besut

Ing Tiongkok dharatan, daging asu wis dikonsumsi wiwit jamané Kong Hu Cu.

Indonésia

besut
 

Sanadyan dilarang agama Islam, ing sawetara papan ing Indonesia, daging asu ya dipangan minangka sumber protéin. Ya terang-terangan utawa meneng-menengan. Nanging ya lumrahé dilakoni ing tlatah kang mayoritas kang ndunungi dudu wong Muslim, utawa akèh wong Muslim abangan.

Ing Sulawesi Lor, ing Manado lan Minahasa, daging asu ditepungi mawa jeneng "RW" (dibawa: èrwé, cekakan saka "rintek wuuk" kang ing basa Tombulu tegesé wulu alus). Masakan Batak uga nepungi masakan daging asu, sanadyan daging asu dudu panganan populèr ing pawon Tapanuli.

Ing Jawa Tengah daging asu lumrahé diarani "daging jamu" mawa istilah eufemisme. Sate asu mula diarani sate jamu lan tongsèng asu diarani "sèngsu".

Koréa

besut

Ing Koréa daging asu iku populèr dikonsumsi. Ing kono daging iki diarani gaegogi.

Taiwan

besut

Daging asu ing basa Minnan utawa basa China Taiwan istilah resminé 狗肉 káu-bah. Nanging lumrahé diarani mawa istilah eufemismené 香肉 xiāng ròu ing basa Mandarin kang tegesé "daging arum". Lumrahé daging asu dipangan nalika mangsa atis, nanging saiki saya langka amarga akèh diprotès wong.

Viètnam

besut

Ing Viètnam, daging asu uga dikonsumsi, lumrahé ing mangsa adem. Sing mangan lumrahé namung para lanang waé.