Dajjal

tukang gawa fitnah ing akir jaman

Dajjal (Arab: الدّجّال al-dajjāl‎‎) iku sawijining paraga sing digambaraké wengis lan ambeg angkara budi candhala ing Eskatologi Islam, sing jumedhul sadurungé kiyamat. Dajjal kasebutake nggawa fitnah ing pungkasaning jaman. Miturut hadist, Kanjeng Nabi Muhammad dhawuh, "Wiwit Gusti Allah ngriptakake Nabi Adam a.s. nganti mengko ing dina kiyamat, ora ana bebendhu sing luwih ngédab-édabi saliyané Dajjal"[1].

Lukisan Indhi kang nggambarake Kanjeng Nabi Isa kasil mateni Dajjal, dipirsani dening Imam Mahdi (ing ndhuwur kang digambarake pasuryane putih).

Ètimologi

besut

Tembung Dajal iku mula bukane saka basa Arab sing lumrahé katujokaké kanggo "nabi palsu". Nanging istilah Ad-Dajjal, ngrujuk marang "panyinglon" atau "tukang mitenah" sing katon sadurungé kiyamat. Istilahé ya iku Al-Masih Ad-Dajjal (Basa Arab kanggo "Al Masih Palsu") iku alihan basa saka Syria Meshiha Deghala sing wis jamak kagunakaké ing Wétan Tengah luwih saka 400 taun sadurungé tumuruning Kuran.

Biografi

besut

Dajjal ora sinebut ing Kuran, nanging sinebut ing kadis lan Sunah. Adhedasar kapitayan kang tuwuh ing kalangan muslim, ad-Dajjal iku nduwèni ciri:

  • Pandelenge sisih tengen cacat amarga wuta (picek), lan pandeleng sisih kiwa bisa weruh nanging sayu. Ing sawatara kadis mau yèn Dajjal iku mung nduwé pandelengan siji. Dhèwèké bakal nunggang kuldi putih sing saklangkahané padha karo sak mil. Kuldi mau mangani geni lan ngetokaké keluk sarta bisa mabur uga ngliwati samodra.
  • Dajal iku sawijining nom-noman kang dedegé lemu, kulité semu abang, rambute kriting, pandelenge wuta sesisih, kaya woh anggur sing wis mateng (ora cumlorot), kaya Abdul Uzza bin Qathan (wong lanang Kurès saka bani Khuza'ah sing urip ing jaman Jahiliyah).[2]
  • Dhèwèké bakal anggorohi lan ngapusi wong-wong muslim sarta saguh nggawa swarga, nanging satemene malah suwaliké, yaiku neraka.
  • Aksara Arab Kaf Fa Ra (kafir, nduwéni teges kufur) bakal katon ing jidhaté (bathuke) lan bakal gampang diweruhi déning wong muslim sing bisa maca utawa ora bisa maca.
  • Dhèwèké bisa meruhi lan bisa krungu swara ing sadhengah papan bebarengan.
  • Dhèwèké prigel ngapusi manungsa.
  • Dhèwèké bakal nggorohake manungsa kanthi sarana ngaku-aku gusti.
  • Dhèwèké bakal mratélakaké yèn dhèwèkè iku gusti lan bakal ngapusi manungsa ing sajeroning pikiran. Dhèwèké bakal mratélakaké menawa manungsa bubar tangi saka pati. Salah sawijining wong wigati bakal dipatèni lan dhèwèké bakal diuripaké manèh. Sawisé iku Allah bakal nguripaké wong sing dipatèni mau lan bakal éntuk kakuwatan manèh. Kanthi dhasar prakara akhirat sing tinulis Anwar al-Awlaki, wong mukmin saka Madinah tumuju menyang papane Dajjal, ngadeg ing Gunung Uhud, lan kanthi cetha ngakoni yen iku satemene Dajjal. Banjur Dajjal bakal takon, "Apa kowé percaya yèn aku iki gusti kang murbeng jagad yèn aku matèni kowé terus dakuripaké manèh?" Banjur Dajjal matèni wong mukmin mau. Sawisé diuripaké manèh, wong mukmin mau tambah ora percaya yèn Dajjal iku gusti.
  • Sapa sing nulak lan ora percaya marang Dajjal bakal nemahi pageblug kanthi mangsa katiga lan kurang pakan. Sapa sing gelem nampa bakal urip mulya.
  • Sawetara ulama percaya yèn Dajjal wiwit katon ing Kutha Isfahan
  • Dhèwèké ora bakal lumebu Kuta Mekah utawa Madinah amarga dijagani dening para malaékat.
  • Imam Mahdi lan para pandhèrèké bakal perang lumawan Dajjal kanggo mbelani agama Islam.
  • Dajjal bakal dipatèni dening Kanjeng Nabi Isa ana ing sacedhaké gapura Lud, papan iku saiki lumebu wewengkon negara Israèl.

Cathetan suku

besut
  1. Kadis riwayat Muslim
  2. Kadis riwayar al-Bukhari, dan Muslim