Dhagelan Mataram

Dhagelan Mataram inggih punika salah satunggaling jinis kagunan Jawi, ingkang dipun wiyosaken déning bebrayan Jawi ing Ngayogyakarta.[1] Dhagelan Mataram boten naming winates dhagelan kémawon nanging ugi ngemot piwucalan.[2] Dhagelan punika lair wonten ing lingkungan Karaton Ngayogyakarta, nalika Gusti Pangéran Hangabèhi, Putra Sultan Hamengkubuwana VIII, ing saben – saben dinten miyosipun nimbali para punggawa kraton ngocèh dhateng dalemipun supados nggujeng tiyang ingkang ningali saha mirengaken rembagipun. Ing tradhisi Kraton ingkang boten patos cetha kapan dipun wiwiti, lan dinuga amargi pangaribawa cariyos-cariyos kuna lan gegayutan kalihan kapitayan lan kewarganegaraan raja puniki, tiyang-tiyang ingkang kagungan ciri fisik lan bajang kalebet ing golongan puniki, sarira ingkang kanthi dhawuhipun raja sengaja dipun padosi saking punjer negari. Ing upacara keraton tinamtu, kadosta upacara temantèn, tiyang-tiyang aèng puniki dipun paringi gati kanggé nindakaken upacara ingkang dipun wastani édan-édan ing ngajengipun temantèn. Nunggang jaran képang sinambi ébah lan jogèd. Pangeran Hangabèhi nggatosaken babagan seni, utamanipun babagan banyol. Pangèran Hangabehi katingal remen sanget, amargi kedah dolanan ing ngajengipun para kerabat kedhaton, para punggawa karaton ugi kudu nggatosaken unggah-ungguh nanging ugi kedah lucu.[3][4][5]

Dhagelan wonten kabudayan Jawi wujudipun manéka warni

Pagelaran Sepisan

besut

Ing bacira Dalem Ngabéan, panggénanipun Pangeran Hangabehi, wonten pemancar radhio Walandi ingkang naminipun MAVRO (Mataramsche Vereneging Radio Omroep). Salah satunggaling giyaran ajeg MAVRO inggih punika uyon-uyon gendhing Jawi.[6] Saking prakarsa Pangéran ingkang mesthi kathah kalodhangan kanggé giyaran ing radhio Walandi, guyon-guyon para punggawa karaton dipun giyaraken minangka rubéda ing giyaran gendhing Jawi sarta uyon-uyon. Selingan puniki naminipun "Dhagelan". Sasampunipun ngalami macem-macem perkembangan ing bentuk aslinipun, dhagelan puniki katingal kados ciri-ciri kados puniki: (1) ngemot cariyos tinamtu; (2) migunakaken basa Jawi minangka basa piwucalan, (3) materi cariyos kaangkat saking sosial budaya bebrayan Jawi; (4) kairing gamelan lan sindhèn minangka gegambaran, (5) kadhangkala nganggé jogèd; (6) ) paraga kadang–kadang nembang;(7) nganggé busana utawi busana Jawi asalipun saking kagunan Jawi sanèsipun.[7] Piranti kadosta gamelan, sindhèn, beksan, tembang, rasukan, saged kagunakaken kanggé banyol utawi kanggé bahan gumujeng. Kajawi puniku, tradhisi lan tata krama ing tlatah Jawi mliginipun Ngayogyakarta pancèn maringi warni marang gaya tutur lan gaya nyariyosaken cariyos-cariyos ingkang dipun tembangaken. Kanthi ciri lan jangkep ingkang kados makaten. Dhagelan Mataram rumiyin katinngal sanget lan dipun tampi déning bebrayan Jawi, nalika budaya Kilenan. Kawontenan punika ugi dipun sengkuyung déning kirangipun jinis-jinis klangenan ingkang wonten ing jaman punika.[8] Dhagelan Mataram, minangka salah satunggaling banyolan kas Ngayogyakarta, kober kuncara ing wiwitan 1970-an ngantos 1980-an, utamanipun nalika maéstro dhagelan Yogya, Basiyo, wira-wiri ing panggung. Tontonan Dhagelan Mataram asring dipun gelar ing tingkat desa lan kapanéwon.[9]

Babak

besut

Praktèkipun, durasi pagelaran Dhagelan Mataram inggih punika antawis 45 ngantos 90 menit ingkang kaperang dados tigang babak wigatios, inggih punika ngararasa, wacana, kalihan liding dongèng. Tigang lampah puniki minangka limrah ingkang dipun panggihi ing lampah Dhagelan Mataram.[10] Ing ngandhap punika andharan babak ing dhagelanipun, inggih punika

1. Ngudarasa

Wonten ing peéangan punika, lampah dipun wiwiti kanthi munculipun paraga ingkang wonten ing monolog nyaruwé masalah gesangipun piyambak, kulawarga saha tiyang sakiwa tengenipun. Kanthi gaya humoripun, paraga ing jejer puniki asring sambat marang nasib ingkang dipun temahi. Sasampunipun sawetawis wekdal ngudarasa lumantar monolog, muncul paraga sanèsipun ingkang nanggapi sambatipun paraga sadèrèngipun. Lumantar tanggapan punika kadhang-kadhang dados regejegan ingkang kawungkus dolanan tetembungan ingkang ngguyokaken, awujud cangkriman utawi malah poyok-poyokan.

2. Wacana

Wonten ing pérangan punika paraga nggayutaken paraga sanèsipun wiwit nedahaken antawacana ingkang ndadosaken pangrembakanipun gagasan cariyos. Kanthi variasi antawacana lan improvisasi minangka ciri, jejeran puniki kraos nyimpang saking topik ingkang dipun rembag. Nanging, ing wekdal ingkang sami wangsul menyang perkawis ingkang kedah dipun tanggulangi.

3. Liding dongèng

Pérangan puniki minangka pungkasan utawi dudutan saking cariyos. Ing pérangan puniki paraga taksih guyon senajan lampahan sampun rampung. Dudutan saking lampahan ingkang dipun laampahaken wekasanipun ngrujuk dhateng tuturan basa Jawi kang ngemot piwucal moral tinamtu, kadosta “aja dumèh” (aja mung nindakake), “becik ketitik ala ketara” (apik lan ala manungsa bakal katon.), lan sapanunggalanipun.

Paraga

besut

Basiyo

besut

Basiyo jaya ing jagad perkasetan ing wiwitan taun 1970-an ngantos seda ing taun 1979.[11][12] Maneka warni sandiwara saking banyolanipun asring dipun giyaraken ing radiho-radhio swasta nalika semanten, utamanipun ing laladan ingkang nganggé basa Jawi, kadosta Jawi Tengah, Yogyakarta lan Jawi Wétan. Kasèt dhagelan dipun sadé ing toko rekaman. Banyolanipun Basiyo malah kepireng dugi Suriname.[13][14]

 
Satunggaling kasèt Dhagelan Mataram déning Basiyo

Ngabdul

besut

Dul Hadi (Ki Ngabdul) miyos ing désa Keloran, Kapanéwon Kasihan, Kabupatèn Bantul 15 Maret 1947. Bapakipun nami Karya Ikrama, aktivis kesenian tradhisional ing masyarakat. Wiwit alit Ngabdul sampun rumaket kalihan kesenian tradhisional satemah Ngabdul nututi laampahipun keng bapak ing seni tradhisional. Panjenenganipun sampun wonten ludira seni saking bapakipun kanggé damel laré ingkang bakat ing seni. Kagunan ingkang njalari Ngabdul ngertos jati dhiri ingkang sayektos. Lumantar seni ugi sampun kathah bebingah ingkang dipun tampi. Wiwit miwiti pakaryan wonten radhio RRI kados Basiyo, Ngabdul ugi sampun giyaran dumugi télévisi TVRI.[15]

Rujukan

besut
  1. Morisson, James (2002). Petunjuk Wisata Lengkap Jawa–Bali. Jakarta: PT Ghalia Indonesia. kc. 180.
  2. Agus, Dwi (2014-10-18). "Dhagelan Mataram Boten Naming Tontonan (saking basa Indhonesia)". Jawa Pos. Dibukak ing 2022-02-22.
  3. WBTB, Admin (2019-01-01). "Warisan Budaya Dhagelan Mataram (saking Basa Indhonésia)". Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. Dibukak ing 2023-02-22.[pranala mati permanèn]
  4. Sartono, Frans (2022-03-14). "Basiyo saking Karaton Dumugi Kaset (saking basa Indhonésia)". Bentara Budaya. Dibukak ing 2023-02-22.
  5. H, Yanuar (2020-01-30). "Ngreksa Ngayogyakarta Panggah Lucu Kanthi Dhagelan Mataram (saking Basa Indhonésia)". Liputan 6. Dibukak ing 2022-02-22.
  6. Maula, Fiqih Rizqiyyatul (2017-12-31). "Peranan Radio Dalam Menggerakkan Perjuangan di Daerah Yogyakarta Tahun 1934 - 1945". E Jurnal Sejarah. 2: 5–17.
  7. Prabowo, Dhanu Priyo. 2007. “Pemikiran Kejawen dalam Dagelan Basiyo Pak Dengkek”. Kejawen edisi 3
  8. Kurniyanto (2013-12-03). "Dhagelan Mataram Bangkit Sasampunipun Dangu Mati Suri (saking basa Indhonésia)". Solopos.com. Dibukak ing 2023-02-22.
  9. Kurniyanto (2013-09-08). "Dhagelan Mataram Pejah Awrat Wangsulipun". Solopos.com. Dibukak ing 2023-02-22.
  10. Sumaryono (2021-04-19). "Dhagelan Mataram Antawis Banyolan Pasemon saha Piwucalan (saking basa Indhonésia)". Jogja Belajar. Dibukak ing 2023-02-22.
  11. Fitri (2014-12-16). "Cariyos Pranata Panggung Dhagelan Mataram (saking basa Indhonésia)". Medcom.id. Dibukak ing 2023-02-22.
  12. Subarkah, M (2022-06-15). "Juru Ndhagel Basiyo saking Dhagelan Mataram-Jong Islamieten Bond Dumugi The Beatles". Algebra Republika. Dibukak ing 2023-02-22.
  13. Sartono, Frans (2022-04-14). "Basiyo saking Karaton dumugi Kasèt (saking basa Indhonésia)". Kompas.id. Dibukak ing 2023-02-22.
  14. Wahyono, Tri dkk (2021). Basiyo (1916 -1979) Mestro Lawak Dagelan Mataram. Yogyakarta: BPNB Yogyakarta. kc. 58. ISBN 9786237654100.
  15. Firdaus, M Nur (2015). Legenda Dagelan Mataram (Biografi Ki Ngabdul). Yogyakarta: Sekolah Vokasi Program Studi Kearsipan Universitas Gadjah Mada. kc. 5.

Pranala Jaba

besut