Direktorat Jenderal Bea dan Cukai Kamentrian Kauangan Indonesia
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Direktorat Jenderal Bea dan Cukai asring dipuncekak kanthi cekakan DJBC utawi béya cuké inggih punika satunggaling nama saking instansi pamaréntah ingkang nglayani masarakat ing babagan kepabeanan lan cuké. Nalika taksih jaman penjajahan Walanda, béya lan cuké asring dipunsebat kanthi sebatan duane. Nanging kanthi ilining wekdal kanthi rawuhipun éra globalisasi sapunika, béya lan cuké asring dipunsebat customs.
Lembaga
besutSaking sisih lembaganipun, Direktorat Jenderal Bea dan Cukai dipunpandhegani déning satunggaling unit Eselon 1 ingkang mapan wonten ing ngandhap Kamenterian Kauangan Indonesia, kados déné ugi Direktorat Jenderal Pajak, Direktorat Jenderal Perbendaharaan, lan sanès- sanèsipun.[1]
Tugas lan fungsi
besutTugas lan fungsi DJBC inggih punika wonten gayutanipun sanget kaliyan pengelolaan kauangan nagara, ing antawisipun kados mungut béya mlebet ugi pajak impor (PDRI) ingkang ngambah (PPN Impor, PPh Pasal 22, PPnBM) lan cuké. Kajawi punika, tugas lan fungsi DJBC inggih kanggé ngawasi kegiyatan ekspor lan impor, ngawasi edaran unjukan ingkang ngewrat alkohol utawi etil alkohol, lan rokok utawi barang asiling pengolahan tembakau sanèsipun. KAnthi ewahing jaman, DJBC gadhah tugas lan fungsi sanèsipun inggih punika dados fasilitator perdagangan, ingkang gadhah wenang kanggé nunda ngantos badhé mbebasaken pajeg kanthi sarat- sarat tartamtu.[2]
Sistem penjaluran
besutWonten sekawan sistem penjaluran ingkang dipuntemtokaken déning DJBC wonten ing prosès impor. Sekawan jalur punika ing wiwitanipun dipunpérang dhedhasar nerapaken manajemen resiko dhedhasar profil importir, jinis komoditi barang, track record lan informasi- informasi ingkang wonten ing data base intelejen DJBC. Sistem penjaluran ingkang wonten ugi sampun ngginakaken sistem otomatisasi saéngga wontenipun intervensi déning petugas DJBC kanggé nemtokaken jalur- jalur kasebat ing barang tartamtu ugi langkung sakedhik. Ing taun 2007, DJBC sampun nepangaken Jalur MITA, inggih punika satunggaling jalur fasilitas ingkang mirunggan wonten ing kator Pelayanan Utama (KPU). Sekawan jalur kasebat inggih punika:
- Jalur prioritas ingkang mirunggan kanggé importir ingkang gadhah track record saé sanget. Kangge importir jinis punika, barangipun dipunwedalaken kanthi otomatis ingkang dados prioritas saking sisih pelayananipun. saking sisih pengawasan, mila importir jinis punika badhé kénging sistem Post Clearance Audit (PCA) lan sapisan- pisan kanthi acak déning sistem komputer badhé dpuntetepaken kanggé pemeriksaan fisik.
- Jalur hijau, jalur punika dipun-ginakaken kanggé importir kanthi track record saé lan saking sisih komoditi impor gadhah sipat resiko andhap.
- Jalur Kuning, jalur punika kanggé importir kanthi track record saé.
- Jalur Merah inggih punika jalur umum ingkang dipun-ginakaken déning importir énggal, importir ingkang dangu nanging gadhah cathetan- cathetan mirunggan, importir kanthi resiko inggil amargi gadhah track record boten saé.
Cathetan suku
besut- ↑ Kantor Pengawasan dan Pelayanan Bea dan Cukai TMP B Makassar Archived 2012-09-23 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 28 Januari 2013
- ↑ Situs resmi dipunundhuh tanggal 28 Januari 2013