ENIAC

komputer èlèktronik digital pisanan

ENIAC, singkatan saka Electronic Numerical Integrator And Computer, iku komputer èlèktronik penuh pisanan kang didhesain supaya Turing-complete, kang bisa diprogram ulang kanthi cara ngatur ulang kabelé supaya bisa ngrampungaké manéka jinis masalah pangétungan.

Foto klasik kang ngatonaké ENIAC, ing Moore School.

Komputer iki didhisiki déning Z3 karya Konrad Zuse, kang bisa diprogram mawa kaseèt kanthi penuh nanging isih mékanikal lan déning komputer Colossus gawéan Inggris kang sanajan èlèktronik sapenuhé nanging dudu kanggo tujuan umum. Kaperluan kango ngatur ulang kabel ENIAC dibusak taun 1948.

ENIAC dikembangaké lan diwangun déning Angkatan Darat AS kanggo Laboratorium Panlitèn Persenjataané kanthi tujuan kanggo ngétung tabèl témbakan gegaman. Gagasan ngenani ENIAC dipikiraké lan didhesain déning J. Presper Eckert lan John William Mauchly saka Univèrsitas Pennsylvania. Komputer mau wiwit diwangun tanggal 17 Mèi 1943 minangka Proyèk PX lan diwangun ing Moore School of Electrical Engineering wiwit pertengahan 1944, lan dioperasikaké kanthi resmi wiwit Fèbruari 1946 sawisé ngentèkaké béya $500.000. Komputer iki banjur dipatèni tanggal 9 November 1946 kanggo dianyaraké lan ditingkataké memoriné. ENIAC dipamèrké marang umum tanggal 14 Fèbruari 1946 ing Univèrsitas Pennsylvania lan dipindhahaké menyang Aberdeen Proving Grounds, Maryland taun 1947. Tanggal 29 Juli ing taun kang padha, ENIAC diuripaké lan bakal terus operasi nganti jam 23:45 tanggal 2 Oktober 1955.

Sawijining tim kang kapérang saka wolu pawèstri mpogram ENIAC kanthi manipulasi èwonan kabel lan saklaré.

ENIAC olèh pawartan kang wiyar amarga ukurané kang gedhé. Komputer iki duwé 17.468 tabung vakum, 7.200 dioda kristal, 1.500 pemancar, 70.000 resistor, 10.0000 kapasitor lan watara 5 yuta sambungan kang disolder mawa tangan. Boboté 27 ton lan ukurané 2,4 m x 0,9 m x 30 m. ENIAC njupuk wiyar watara 167 m² lan ngonsumsi ènèrgi 160 kW.

Nanging ENIAC sajatiné dudu komputer kang canggih ing érané. Ora kaya Z3 gawéyané Konrad Zuse, lan MARK gawéyané Howard Aiken, ENIAC kudu diatur ulang kabelé kanggo nglakokaké program anyar (Z3 lan MARKI nglakokaké programé saka kasèt). Luwih lanjut manèh, ora kaya Z3 lan komputer modhèren liyané, ENIAC nglakokaké pangétungan sajeroning dhésimal tinimbang biner.

Wacan terusan

besut
  • Scott McCartney (1999). ENIAC: The Triumphs and Tragedies of the World's First Computer. Walker & Co. ISBN 0-8027-1348-3.
  • Herman H. Goldstine, The Computer from Pascal to Von Neumann. Princeton University Press, 1972.

Réferènsi

besut
  • H. H. Goldstine, A. Goldstine, The Electronic Numerical Integrator and Computer (ENIAC), 1946
  • J. Presper Eckert, The ENIAC (ing Nicholas Metropolis, J. Howlett, Gian-Carlo Rota, (juru besut), A History of Computing in the Twentieth Century, Academic Press, New York, 1980, kaca 525-540)
  • John W. Mauchly, The ENIAC (ing A History of Computing in the Twentieth Century, kaca 541-550)
  • Arthur W. Burks, Alice R. Burks, The ENIAC: The First General-Purpose Electronic Computer (ing Annals of the History of Computing, Vol. 3 (No. 4), 1981, pp. 310–389; komentar kaca 389-399)

Pirsani uga

besut

Pranala njaba

besut