Gendèr

(Kaelih saka Gendér)

Gendèr iku salah siji piranti gamelan Jawa.[1] Gendèr ing gamelan sléndro duwé 11-12 wilah kang tipis lan digawé saka logam, manawa ana ing gamelan pélog duwé 12-13 wilah, nanging ana uga gendèr kang mung duwé 7 wilah.[1] Wilah-wilah iku ditata ana ing tali kang dipasang ing kayu kang ana ing kiwa tengené.[1] Ana ing sangisoré wilah-wilah mau dipasang bumbung, kang gunané kanggo kothak swara.[1] Bumbung-bumbung iku dikethok kanthi ukuran manéka rupa.[1] Kanggo nadha kang paling ngisor, bumbungé utawa pringé dikethok kang paling ngisor rosé.[1] Kanggo nadha kang luwih dhuwur dikethokaké pring utawa bumbung kang luwih dhuwur.[1]

Gambar Gendèr

Piranti kang kanggo nabuh utawa tabuh gendèr racaké luwih cendhèk ketimbang gambang kang digawé saka kayu.[1] Instrumèn gendèr ditabuh nganggo tabuh kang wujudé bundher (dilapisi nganggo kain) kanthi cekelan kang cendhak.[2]

Carané nyekel gendèr yaiku antarané driji tuding karo driji tengah.[1] Driji-driji saka tangan tengen utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa ngemèk wilah iku, supaya swarané mandheg.[1]

Ana ing pakeliran wayang, gendèr minangka ngiringi carita, dialog utawa gunem antarané tokoh utawa paraga wayang.[1] Gendèr yaiku salah siji ricikan gamelan kang fungsiné kanggo instrumén mélodi.[3] Anané gendèr ing péntas gamelan kalebu wigati.[3] Ing pagelaran wayang kulit ricikan gamelan gendèr duwé fungsi kanggo nguripaké swasana, nuntun dhalang.[3] Ing pagelaran wayang, panabuh gendèr duwé peran kang utama, kudu nabuh instrumèn kang ora tau mandheg sawengi muput.[2]

Jinisé gendèr

besut

Jinise gendèr kapérang dadi telu, yaiku:[1]

  1. gendèr penembung yaiku gendèr kang gedhé dhéwé,
  2. gendèr barung, duwé wilah logam utawa métal kang ukurané sedhengan lan titi nadhané saoktaf luwih cilik ketimbang gendèr penerus.[4]
  3. gendèr penerus, duwé wilah kang paling cilik lan titi nadhané saoktaf luwih dhuwur ketimbang gendèr barung.[4]

Rumus nabuh gendèr

besut
 
Wong lagi nabuh gender

Rumusé nabuh gendèr utawa kunciné ana 12 jinis tabuhan, yaiku:[5]

  1. Tabuhan gendèr gembyang mbukak
  2. Tabuhan gendèr gembyang nutup
  3. Tabuhan gendèr gembyang minggah
  4. Tabuhan gendèr gembyang mandha
  5. Tabuhan gendèr kempyung mbukak
  6. Tabuhan gendèr kempyung nutup
  7. Tabuhan gendèr kempyung minggah
  8. Tabuhan gendèr kempyung mandhap
  9. Tabuhan gendèr gantungan gembyang
  10. Tabuhan gendèr gantungan kempyung
  11. Tabuhan gendèr mipil
  12. Tabuhan gendèr imbal (kanggo lancaran, srepeg, palaran)

Saliyané iku ana rumus liya kang mirunggan minangka ngiringi suluk (pedhalangan) wayang, yaiku:[5]

  1. Tabuhan gendèr pathetan
  2. Tabuhan gendèr ada-ada
  3. Tabuhan gendèr grambyangan

Cathetan sikil

besut
  1. a b c d e f g h i j k l [Mertosedono, Amir.1986.Sajarah Wayang. Semarang:Dahara Prize] (halaman 45)
  2. a b Gender[pranala mati permanèn](diundhuh tanggal 29 Maret 2011)
  3. a b c Gender Barung Archived 2011-09-21 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal29 Maret 2011)
  4. a b Perangkat Gamelan Jawa(diundhuh tanggal 29 Maret 2011)
  5. a b Rahasia Nabuh Gender Barung Archived 2011-03-15 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 29 Maret 2011)