Gunung Seorak
Gunung Seorak inggih punika puncak paling inggil saking Rerangkèning Pegunungan Taebaek (태백산맥), dumunung wonten ing provinsi Gangwon, sisih wétan Koréa Kidul.[1] Gunung Seorak dipunsebut ugi Seolsan utawi Seolbongsan.[2] Dipunsukani nama Seorak (雪嶽; "Gunung Salju") amargi salju ingkang mandhap wonten ing mriki tahan dangu utawi gunung-gunungipun awerni pethak kados déné salju.[2]
Gunung Seorak | |
---|---|
Èlevasi | 1,708 metres (5,604 ft) |
Nama Koréa | |
---|---|
Hangul | 설악산 |
Hanja | 雪嶽山 |
Alihaksara Koréa Kang Sinampurna | Seoraksan |
McCune–Reischauer | Sŏraksan |
Gunung Seorak minangka gunung paling inggil angka 3 wonten ing Koréa Kidul sasampuning Gunung Halla ing Pulo Jeju lan Gunung Jiri ing Gyeongsang Selatan. Saking 30 buah puncakipun, ingkang paling inggil inggih punik Daecheongbong (대청봉) (1.708 m).[3] Pérangan utama kawasan punika kasusun saking granit lan gneiss ingkang wujud pagunungan kanthi watu-watu.[1]
Taman Nasional Gunung Seorak
besutGunung Seorak dipuntetepaken minangka cagar alam nalika tanggal 5 November 1965 lan minangka taman nasional ingkang kaping 5 Koréa wonten ing taun 1970.[3]
Wiyar Taman Nasional Gunung Seorak inggih punika 398,539 km², kabentang ing sapérangan tlatah kabupatèn lan kutha kados Kabupatèn Inje, Goseong, Yangyang lan Kutha Sokcho.[3] Seorak Lebet (Naeseorak) dumunung wonten ing Inje, déné kawasan Seorak Njawi (Oeseorak) dumunung wonten ing tlatah Sokcho, Yangyang, lan Goseong.[3]
Wonten ing taun 1982, Gunung Seorak dipuntetapaken minangka Distrik Pelestarian Biosfer (Biosphere Preservation District) déning UNESCO.[3] IUCN (International Union for Conservation of Nature) ngakoni kawasan punika wigati minangka papan perlindungan kanggé keanekaragaman hayati.[3] Wonten langkung saking 2.000 spésies fauna ingkang urip wonten ing kawasan punika, kalebet kéwan langka kados goral, musk deer (Moschus moschiferus) lan beruang ireng asia (Selenarctos thibetanus).[1] Spesies flora ingkang urip wonten ing kawasan punika dumugi 1.400 jinis[3], minangka tipe vegetasi alpen nanging wonten ing daerah ingkang langkung andhap dipundominasi déning hutan rontok berdaun lebar kados oak (Quercus mongolica), cemara merah (Pinus densiflora) lan Acer pseudo-sieboldianum.[1]
Heundeulbawi lan Ulsanbawi
besutUlsanbawi (울산바위; 'WBatu Ulsan) inggih punika sawijining watu ingkang saged dipundugi kanthi nyusuri jalur 800 anak tangga. Ing tengah margi wonten Kuil Buda lan Watu Heundeul (Heundeulbawi, 흔들바위) ingkang dumunung wonten ing nginggil watu ingkang langkung ageng. Watu punika inggilipun 5 mèter lan jaréné namung saged dipunpindhahaken kanthi sakedhik nguras tenaga, nanging boten wonten satunggal tiyang ingkang nathanyaé saged nindakaken.
Miturut legenda, Ulsanbawi asalipun saking kutha Ulsan ing tenggara Koréa. Nalika Gunung Geumgang (금강산) dipunciptakaken, Ulsanbawi mlapah dhateng lèr kanggé makili Ulsan. Nanging Ulsanbawi telat lan boten wonten malih papan ingkang sisa. Ulsanbawi dados wiirang lan wangsul malih dhateng kidul. Wonten ing sawijining dalu, piyambakipun saré ing tlatah Gunung Seorak. Ulsanbawi ingkang rumaos Gunung Seorak éndah sanget milih dumunung wonten ing mrika.
Gladri
besut-
Patung Buda di pintu masuk Taman Nasional
-
Sinheungsa.
-
Ulsanbawi
-
Air terjun Biryong.
-
Gwongeumseong
-
Heundeulbawi di Kyejo-am
Pranala njaba
besutCathetan suku
besut- ↑ a b c d Biosphere Reserve Information of MOUNT SORAK, unesco. Undhuh:17-03-2013.
- ↑ a b East Coast & Natural Beauty of Mt. Seorak Archived 2011-08-09 at the Wayback Machine., triptokorea. Undhuh:17-03-2013.
- ↑ a b c d e f g Seoraksan Archived 2017-05-09 at the Wayback Machine., knps. Dipunundhuh:17-03-2013.