Ikébana (生花?) inggih punika seni anggènipun ngroncé sekar ingkang nganggé manéka jinis sekar, suket-suketan, lan taneman kanthi ancas medalaken kaéndahan [1][2]. Ikebana punika asalipun saking Jepang nanging sampun wiyar ing donya. Wonten ing Basa Jepang, Ikebana ugi dipunmangertosi kanthi istilah kadō (華道? ka, sekar; do, lelampahanipun gesang) ingkang langkung mligi ing aspek seni supados dumugi kasampurnan anggènipun ngrangke sekar. Wonten ing Ikebana wonten manéka jinis aliran ingkang saben aliran punika gadhah caranipun piyambak kanggé ngrangé manéka jinis sekar. Aliran tartamtu ngedahaken tiyang supados mirsani rangkean sekar saking pérangan ngajeng, déné aliran sanèsipun punika ngedahaken tiyang mirsani rangkéan sekar ingkang wujud tiga dhimènsi minangka barang kalih dhimènsi kemawon. Padatanipun, sekar ingkang dipunrangké mawi teknik perangkaian saking kulon (Barat) (flower arrangement) katingal sami éndahipun saking samubarang sudut pandang kanthi tigang dhimènsi lan boten prelu dipunpirsani saking ngajeng. Benten kaliyan seni ngrangké sekar saking Kulon punika asipat dekoratif, Ikebana damel harmoni awujud linier, ritme lan warna. Ikebana bonten nginggilaken sesawanganipun sekar nanging wonten ing aspet anggènipun nata sekar miturut garis linier. Bentuk-bentuk wonten ing Ikebana dhedhasar tigang titij ingkang dados sesulihipun langit, bumi, lan manungsa.

sekar ingkang dipunrangke kanthi cara Ikebana

Sajarah seni ngrangké sekar

besut

Miturut literatur klasik kados Makura no sōshi ingkang nyariosaken babagan adat istiadat Jepang, tradisi remen kaliyan sekar kanthi cara nugel pang saking sekar ingkang sampun kawiwitan saking jaman Heian. Mulanipun, sekar dipunparingaken wonten ing wadhah ingkang sampun wonten sadèrèngipun lajeng nembé dipundamel wadhah mirunggan kanggé vas sekar. Ikebana kanthi wujud ingkang kados sapunika nembé kawiwitan déning para biksu ing kuil Chōhōji Kyoto nalika tengahan jaman Muromachi. Para biksu kuil Chōhōji kanthi turun temurun manggon wonten ing kamar () ing pinggiring kolam (ike), saéngga aliran énggal Ikebana ingkang dipunwiwiti punika dipunsebat Ikenobō. Nalika wonten ing tengahan jaman Edo, manéka kepala aliran (Iemoto) lan mahaguru kepala (Sōke) nyipta seni ngrangke sekar kanthi gaya Tachibana utawi Rikka ingkang dados mapan wonten ing kala punika. Wonten ing tengahan jaman Edo dumugi pungkasan jaman Edo, Ikebana ingkang rumiyinipun namung saged dipunnikmati déning kalangan bangsawan utawi kaum samurai sansaya dangu wiwit dipunremeni déning rakyat alit. Kala punika Ikebana gaya Shōka (seika) dados kondhang wonten ing kalangan rakyat. Aliran Mishōryū, aliran Koryū, aliran Enshūryū lan aliran Senkeiryū nglairaken kathah mahaguru lan ahli Ikebana ingkang gadhah tèknik tingkat inggil ingkang lajeng misah lan damel aliran sanèsipun. Ikebana wiwit dipuntepangaken dhateng Éropah nalika pungkasan jaman Edo dumugi wiwitan éra Meiji nalika karemenen tiyang Éropah dhateng kabudayan Jepang nembé inggil. Ikebana dipunanggep paring prabawa dhateng seni ngrangké sekar Éropah ingkang nyonto Ikebana wonten ing line arrangement. Saking jaman Edo lair kathah aliran ingkang kalebet pecahan saking aliran Ikenobō. Ing wulan Maret 2005 kecathet wonten 392 aliran Ikebana ingkang mlebet wonten ing pratélan Asosiasi Seni Ikebana Jepang.

Gaya Rerangkèn dalam Ikebana

besut

Wonten 3 gaya ing Ikebana, inggih punika : rikka, shoka lan jiyuka [2].

Aliran ingkang kondhang

besut

Organisasi

besut

Aliran

besut

Tokoh Ikebana

besut

Cathetan suku

besut
  1. Ikebana[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 28 Fèbruari 2013)
  2. a b Ikebana Seni Kuno Dan Selalu Indah[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 28 Fèbruari 2013)

Pranala njawi

besut