Kacang brol
Arachis hypogea
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Tracheophyta
Subdhivisi: Angiospermae
Klas: Magnoliophyta
Ordho: Leguminales
Famili: Papilionaceae
Subfamili: Faboideae
Tribe: Aeschynomeneae
Génus: Arachis
Spésies: Arachis hypogeae L.
Arachis tuberosa Benth.
Arachis guaramitica Chod & Hassl.
Arachis idiagoi Hochne.
Arachis angustifolia (Chod & Hassl) Killip.
Arachis villosa Benth.
Arachis prostrata Benth.
Arachis helodes Mart.
Arachis marganata Garden.
Arachis namby quarae Hochne.
Arachis villoticarpa Hochne.
Arachis glabrata Benth.
Jeneng binomial
Arachis hypogaea
L.

Kacang brol, kacang una, suuk, kacang jebrol, kacang bandung, kacang tuban, kacang kole, kacang banggala (Grikenlan: Arachis hypogaea L., Inggris: peanut, groundnut, ,(Basa Indonésia:Kacang tanah) iku tuwuhan polong-polongan utawa legum saka famili Fabaceae, naomer loro paling wigati sawisé kedhelé ing Indonésia.[1] Kacang brol minangka tuwuhan tropika. Kacang brol tuwuh kanthi perdhu dhuwuré 30 nganti 50 cm (1 nganti 1½ kaki) lan ngetokaké godhong-godhong cilik.[1]

Tuwuhan iki wujud siji saka rong jinis tuwuhan budidaya saliyané kacang bogor, Voandziea subterranea sing wohé mateng ing njero lemah. Yèn woh sing isih anom kena cahya, prosès pamatengan wiji kaganggu.[1]

Sajarah

besut

Tuwuhan iki asal saka Amérika Kidul persisé saka Brazillia, nanging saiki wis nyebar ing saindhenging donya sing duwé iklim tropis utawa subtropis Mlebuné kacang brol ing Indonésia ing abad kaping-17 dikira-kira amarga digawa déning pedagang-pedagang Spanyol,Cina,utawa Portugis nalika lelayaran saka Mèksiko menyang Maluku sawisé taun 1597 Ing taun 1863 Holle nglebokaké Kacang brol saka Inggris lan ing taun 1864 Scheffer nglebokaké pula Kacang brol saka Mesir Republik Rakyat Cina lan India saiki minangka pengasil kacang brol gedhé dhéwé ing dnya.

Pusat tetuwuhan

besut

Kacang brol wiwitané munjer ing India, Cina, Nigeria, Amérika Sarékat lan Gombai, banjur nyebar menyang nagara liya.

Ing Indonésia

besut

Kacang brol munjer ing Pulo Jawa, Sumatra Lor, Sulawesi lan saiki wis ditandur ing ngendi-endi

Pamanfaatan

besut
 
Kacang brol sing wis diwetokaké saka polongé

Tuwuhan Kacang brol bisa kanggo panganan kéwan, déné wijiné dimanfaataké minangka sumber protèin nabati , lenga lan liya-liyané[2].

Minangka tuwuhan budidaya, kacang brol mligi dipanèn wijiné sing sugih protèin lan lemak.[3] Wiji iki bisa dipangan mentah, digodhog, digorèng, utawa disangrai.[3] Ing Amérika Sarékat, wiji kacang brol diprosès dadi sajinis selé lan minangka indhustri pangan sing nguntungaké.[3] Prodhuksi lenga kacang brol ngancik watara 10% pasaran lenga masak donya ing taun 2003 miturut FAO.[1] Saliyané dipanèn wiji utawa polongé, kacang brol uga dipanèn (godhong lan wité) kanggo makanan kéwan utawa kanggo pupuk ijo.[3]

Jinis

besut

Kacang brol budidaya ing Indonésia dipérang dadi rong jinis

  • jinis tegak

Jinis Kacang iki tuwuh kenceng utawa miring sethithik mendhuwur, wohé ana ing ros-rosan cedhak rumpun, lumrahé cendhak génjah lan kemasakan wohé bareng.

  • jinis mrambat.

Jinis iki tuwuh kasisih, wit utama ukurané dawa, wohé dumunung ing ros-rosan sing ana ing cedhak lemah lan lumrahé umuré dawa. Tipe mrambat luwih disenengi amarga duwé potènsi asil luwih dhuwur.

Varietas

besut

Barkas:Peanut 9417.Kacang brol lan polongé Varietas unggul kacang brol ditandhani kanthi karakteristik ing ngisor

  • Daya asil dhuwur.
  • Umur cendhak (genjah) antara 85-90 dna.
  • Asilé stabil.
  • Tahan marang lelara utama (karat lan bercak godhong).
  • Tolèran nmarang hawa garing utawa lemah bècèk.

Varietas kacang brol ing Indonésia sing misuwur ya iku

  • Kacang Brul, umur cendhak (3-4 sasi).
  • Kacang Cina, umur dawa (6-8 sasi).
  • Kacang Holle, minangka jinis campuran asil persilangan antara varietas-varietas sing ana. Kacang Holle ora bisa dipadhakaké karo kacang liya amarga pancèn béda varietas.

Rujukan

besut
  1. a b c d Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng d
  2. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng a
  3. a b c d Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng b

Pranala njaba

besut

http://migroplus.com/brosur/Budidaya%20kacang%20tanah.pdf Archived 2011-11-17 at the Wayback Machine.