Wit Kencur
Kencur (Kaempferia galanga L.).
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Zingiberales
Famili: Zingiberaceae
Subfamili: Zingiberoideae
Génus: Kaempferia
Spésies: K. galanga
Jeneng binomial
Kaempferia galanga
(Linn.)

Kencur kang nduwè jeneng ilmiyah Kaempferia galangal L. yaiku empon-empon kang isih sakulawarga karo Zingiberaceae, nduwè woh kang dagingé empuk lan ora nduwè serat.[1][2][3] Empon-empon iki duwé jeneng liya yaiku ceuko utawa tekur (ing Acèh), kaciwer (ing Batak), cakue (ing Minang), cikur (ing Sunda), sikor (ing Kalimantan), cekuh (ing Bali), cakuru (ing Makasar), asauli utawa sahalu (ing Ambon), ukap (ing Irian), sekur (ing Lampung), lan kencor (ing Madura).[1][2][4] Yèn ing njaba, kencur diarani humula (ing Benggala), kamung (ing Burma), prao utawa shan nai (ing Cina), lan herbe a kemfer (ing Perancis).[1]

Wujud lan Uripe

besut

Empon-empon kencur kalebu wit kang nduwè gagang semu lan rungkut.[1] Wit iki nduwè godhong kang bunder lan amba kanthi pucuké manciut, rada kandel.[1] Godhong wit kencur thukulé nglèngsrèh ing dhuwur lemah.[1] Wit iki nduwè godhong kang jumlahé akèh lan gagang godhongé awarna rada putih.[1] Kembang kencur awarna ungu semu putih, bentukè cilik, mambuné wangi, thukulé ing sela-selané godhong, lan gampang prithil.[1] Wit kencur nduwè oyod kang thukulé nggerombol, yèn oyodé dibelèk katon daging oyodé kang awarna putih lan kulit oyodé awarna soklat tuwa.[1] Saliyané iku, ambuné oyod kencur krasa ènak yèn dibandingakè jinis Zingiberaceae liyanè.[1]

Wit kencur asalé saka India, sadurungé kasebar ing Asia.[1] Yèn ing désa, kencur gampang digolèk amarga kencur biyasa thukul ing tegalan utawa ing kebon.[5] Saiki, wit kencur gampang tinemu ing pot utawa latar omah minangka bumbu pawon utawa jamu.[1] Wit iki apik ditandur ing lemah kang gembur, subur, lan ana pasiré sithik. Budidaya kencur kalebu lumayan gampang yaiku pilih oyod kang tuwa, nanging isih seger banjur ditandur ing lemah. Oyod kang ditandur iku bakalé thukul tunas.[1] Saliyané iku, bisa uga oyod kang seger iku disimpen ing gudhang sasuwené 1-2 minggu nganti thukul tunasé, banjur tunas iku kang bakalé ditandur.[1]

Kandhungan Kimia

besut

Kencur nduwè kandhungan kimia kang apik kanggo kasarasan awak, yaiku:[1][2][6]

  • Minyak atsiri, (0,02 %) kang kapérang dadi:
  • borneol
  • sineol
  • ethyl kumarat
  • kaempferin
  • kaempferol
  • champhor
  • methyl-p-cumarin acid
  • cinnamicacid ethyl ester
  • pentadecane
  • cinnamic aldehyde
  • camphene
  • mineral (13,73 %)
  • alkaloid
  • flavonoid
  • pathi (4,14 %)

Kasiyat

besut

Kencur nduwé kasiyat akèh, yaiku bisa nambani keseléo, ngilangaké rasa lara (analgetik), obat watuk, peluruh dahak (ekspentorans), karminatif, nyegeraké awak, nambah napsu mangan, nambani rématik lan pegelinu, nambani radhang lambung, ngurangi abab kang mambuné ora énak, nambani masuk angin.[1][2][7] Kencur uga duwé kasiyat bisa nambani lara tetanus, keracunan témpé bongkrèk, lan keracunan jamur.[1] Saliyané nduwè kasiyat minangka jamu, damel swanten saé, kencur uga nduwè kasiyat bisa dadi bumbu pawon nalika masak.[5]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q [Mulisah, Fauziah. 2001. Taman Obat Kulawarga. Jakarta: Panebar Swadaya. Hal 34-36. ISBN 979-489-308-0]
  2. a b c d [Wijayakusuma, Hembing. 2006. Resep Alami dari Pakar Herbal Atasi Asam Urat & Rematik Ala Hembing. Jakarta: Puspa Swara. Hal 34. ISBN 979-24-4807-1]
  3. "(diakses tanggal 2 Maret 2011)". Diarsip saka sing asli ing 2010-04-04. Dibukak ing 2011-03-01.
  4. "Địa liền - Có tác dụng gì, giá bao nhiêu, mua ở đâu? Kiều Gia Đường". Kiều Gia Đường cung cấp cây dược liệu - cây thuốc quý (ing basa Vietnam). Diarsip saka sing asli ing 2019-03-27. Dibukak ing 2019-03-08.
  5. a b [Inu, Ade. 1981. Kebun Apotik. Jakarta: Aries Lima. Hal 14-15.]
  6. "(kajupuk tanggal 2 Maret)". Diarsip saka sing asli ing 2011-11-06. Dibukak ing 2011-03-02.
  7. [Lembaga Penelitian Pengembangan dan Pemberdayaan Lingkungan. 2000. Panduan Khusus Pemanfaatan Tumbuh-Tumbuhan Alami untuk Keséhatan dan Pengobatan Alternatif. Jawa Tengah: Jaya Madani. Hal 43]