Tuduhaké menu pokok

Kidung Sundha iku sawijining karya kasusastran basa Jawa Tengahan awujud tembang. Kamungkinan gedhé asalé saka Bali. Ing kidung iki dicaritaaké prabu Hayam Wuruk saka Majapait kang kersa nggolèk gandhèngan amarga kersa krama. Panjenengané banjur kersa krama karo putri Sundha kang asmane ing carita iki ora diarani. Nanging patih Gajah Mada ora seneng amarga wong Sundha dianggep kudu tundhuk marang wong Majapahit. Banjur ana prang gedhé ing Bubat, palabuhan panggonané wong-wong Sundha ndarat. Ing kadadéan iki wong-wong Sundha kalah lan putri Sundha kang atiné nlangsa banjur matèni awaké dhéwé (béla).

Versi kidung SundhaBesut

Sawijining ahli sastra Jawa saka Walanda, Prof. Dr. C.C. Berg, tau manemoaké pirang-pirang vèrsi Kidung Sundha. Loro ing antarané tau diwedhar lan dicithakaké.

  1. Kidung Sundha
  2. Kidung Suṇḍâyana (Lelakonan (wong) Sundha)

Kidung Sundha kang mau dhisik ing dhuwur, luwih dawa lan mutu kasustrané luwih becik. Ya versi iki kang bakal diwedharaké ing artikel iki.

RingkesanBesut

Ing ngisor iki, ringkesan Kidung Sundha dicaosaké. Ringkesan kabagé miturut pupuh.

Pupuh IBesut

Hayam Wuruk, ratu Majapahit kersa nggolèk prameswari kanggo dikrama. Banjur panjenengané dhawuh ngirim utusan-utusan manuju saubenging Nusantara (Nuswantara) kanggo nggoleki putri kang cocog. Kabèh padha nggawa bali lelukisan gambar putri-putri kang ayu-ayu. Nanging ora ana kang dikersani sang prabu. Rikala iku sang prabu mireng yèn putri Sundha misuwur banget ayuné. Banjur panjenengané dhawuh ngirim juru lukis mrana. Sawisé bali, banjur lelukisan dicaosaké marang sang Prabu. Nalika iku kabeneran uwané (pak-dhéné) Prabu Hayam Wuruk lagi niliki kaponakané, ya iku prabu Kahuripan karo prabu Dhaha. Uwané prihatin panggalihé amarga nganti seprana, prabu Hayam Wuruk durung krama.

Nuli prabu Hayam Wuruk, katarik karo lukisané putri Sundha. Banjur prabu Hayam Wuruk dhawuh mantriné kang anama Madu, dadi duta mara menyang tanah Sundha kanggo nglamar putri Sundha.

Madu teka ing tanah Sundha sawisé numpak baita nem dina. Banjur dhèwèké pinarak ing sang ratu Sundha lan matur alesané mara. Raja Sundha bungah panggalihé lan saguh. Panjenengané bangga yèn prabu Majapahit kang kasub iku kersa krama karo putriné. Nanging putri Sundha dhéwé ora akèh ngandikané..

Madu banjur bali ing Majapahit nggawa layang balesan ratu Sundha lan matur yèn kabèh padha bakal teka. Ora suwé manèh kabèh padha mangkat diiloni iringan akèh banget. Ana rong atus baita gedhé lan cacahé kabèh ana 2.000 baita cilik lan gedhé.

 
Baita jung. Mbok manawa rombongan Sundha numpak baita kaya mengkéné.

Anging yèn kabèh lagi numpak baita, katon pratandha ala. Baita kang bakal dititihi ratu Sundha, iku “jung Tatar (Mongolia/Cina) kaya akèh dienggo sawisé perang Radèn Wijaya.” (padha 1. 43a.)

Sawetara iku ing Majapahit, kabèh padha sibuk nyiyapaké katekané tamu. Mula sawisé sepuluh dina, kang akuwu utawa lurah Bubat teka lan matur yèn rombongan Sundha wis katon. Prabu Hayam Wuruk karo uwané loro banjur wis kelar mapag rombongan Sundha. Nanging patih Gajah Mada ora sarujuk. Panjenengané ngandika yèn ora sapasisirsé Ratu Agung Majapait mapag ratu Nusantara kaya ratu Sundha. Diaturi sang prabu nunggu limang wengi. Sapa ngerti ratu Sundha iku mungsuh kang amindha-mindha (nyamar).

Dadi prabu Hayam Wuruk ora sida tindak menyang Bubat, nurut aturé patih Gajah Mada. Para abdi dalem karaton lan para mantri kagèt kerungu warta iki, nanging ora ana kang wani suwala.

Banjur ing Bubat dhéwé, wong-wong wus kerungu warta isyu prakara pungkasan ing Majapait. Mula ratu Sundha ngirim duta, ya iku patih Anèpaken supaya lunga menyang Majapahit golèk warta. Panjenengané dikancani para abdi ratu telu liyané lan bala prajurit 300 cacahé. Kabèh padha njujug kapatihan. Ing kono banjur ngandika yèn ratu Sundha kersa kondur ing tanah Sundha lan rumangsa yèn prabu Hayam Wuruk mblènjani janjiné. Banjur padha padu gègèran lan horeg. Mèh waé ana perang ing kono yèn ora dipisah karo Smaranata, pandhita ing kedhaton. Banjur bali manèh wong-wong Sundha sawisé dikandhani yèn ing wanci rong dina kaputusan pungkasan prabu Hayam Wuruk bakal diwènèhaké marang wong Sundha.

Sawetara iku ratu Sundha sawisé mireng kabar iki, ora saguh atur bekti kaya déné ratu vasal. Mula sang ratu ngandika yèn luwih becik matia kaya satriya tinimbang urip nanging disoraké wong-wong Majapait. Para abdi kabèh padha saguh mbéla lan ndhèrèk sang ratu.

Banjur ratu Sundha manemoni garwané lan putriné. Kabèh dikon mulih waé nanging ora saguh. Kabèh kapéngin ngancani lan nunggoni sang ratu.

Pupuh II (Durma)Besut

Banjur kabèh wus asiyaga. Ana duta dikirim saka kubu Majapait marang kubu Sundha nggawa layang isiné sarat-sarat. Wong Sundha sawisé maca banjur nepsu lan perang ora bisa ditulak manèh.

Wadya bala Majapait kabangun ing para prajurit ing ngarep, banjur buriné para tandha lan mantri, patih Gajah Mada, lan pungkasané prabu Hayam Wuruk lan uwané loro.

Banjur para prajurit miwiti padu ing rana. Paprangané horeg banget. Mula-mulané wong Majapait akèh kang palastra. Anging entèk-entèkané wong Sundha padha dipatèni kabèh déning wong Majapait. Anèpaken dipatèni ing Gajah Mada banjur ratu Sundha dipatèni bésané dhéwé: ratu Kahuripan lan Dhaha. Pitar iku dadi sawiji-wijiné prawira Sundha kang isih urip. Amarga dhèwèké amindha mati ing antarané mayit-mayit Sundha. Banjur bisa lolos lan gelis teka marang ing pasanggrahan ratu ayu lan putri Sundha. Kabèh dadi padha nlangsa atiné lan banjur matèni awaké dhéwé (béla). Kabèh bojo prawira Sundha kang palastra ing rana uga nekani layon-layoné banjur abéla kabèh.

Pupuh III (Sinom)Besut

Prabu Hayam Wuruk rumangsa ora kepénak panggalihé mirsani paprangan iki. Nuli rawuh ing pasanggrahan putri Sundha. Nanging panjenengané wis lampus. Prabu Hayam Wuruk banjur nlangsa banget manandhang sangsara. Panjenengane kersa awor karo wanita idamané.

Sawisé iku, dilaksanaake upacara sembahyangan kanggo para arwah. Ora sawatara suwé prabu Hayam Wuruk séda saking manandhang nlangsa sangsaraning panggalih.

Sawisé layoné diobong ing tumangan lan kabèh upacara wis bubar, uwané loro rembugan. Kabèh nyalahaké patih Gajah Mada. Dhèwèké kaanggep kang dadi mula pambukané malapataka iki kabèh. Mula gelis ta loroné njujug kapatihan. Gajah Mada dhéwé rumangsa yèn wanciné wis teka. Banjur dhèwèké nganggo kabèh upakarané lan nggempur tapa, yoga samadi. Sawisé iku dadi moksa (ilang) manuju ing niskala.

Nuli ratu Kahuripan lan ratu Dhaha, kang mèmper “Siwa lan Buda” kondur marang nagarané sowang-sowang amarga ora bisa manggon ing Majapait. Amarga kabèh barang ngelingaké ing kadadéan sedhih iku.

AnalisaBesut

Kidung Sundha iku kudu kaanggep sawijining karya sastra. Iki dudu babad, lan dudu kronik historis kang akurat uga. Sanadyan mangkono, bisa waé carita iki dhedhasar kadadéan faktual.

Miturut garis gedhé, bisa diungkapaké yèn tèks carita kang dibèbèraké ing kéné iki gaya basané lugas lan lancar. Ora njlimet ruwet nganti peteng kaya karya sastra sajenis. Caritané bisa apik ngaworaké unsur romantis lan dramatis. Panggunan gaya basa kang urip iki, bisa nggawe para protagonis carita iki ya dadi urip. Conthoné adegan wong-wong Sundha kang misuh-misuhi patih Gajah Mada bisa dilukisaké dadi urip, sanadyan kasar. Banjur Prabu Hayam Wuruk kang nlangsa nangisi Putri Sundha uga bisa dilukisaké apik kang nggawe para pamaca trenyuh.

Banjur kandha kang dicaritaaké ing Kidung Sundha bisa diarani logis lan masuk akal. Kabèh kang dicaritaaké iku kadadéan réalita, kajaba mbokmanawa moksané patih Gajah Mada. Bab iki uga ora padha karo sumber-sumber liyané, kaya ta kakawin Nagarakretagama, uga delengen ing ngisor iki.

Ing kéné perlu diomongaké yèn sang panulis carita iku, luwih mbélani pihak Sundha tinimbang pihak Majapait. Prakara iki lan liyané uga séjé karo sumber-sumber liyané. Kaya ta prakara sédané prabu Hayam Wuruk lan patih Gajah Mada, panulisané uga béda karo kakawin Nagarakretagama.

Terus ana prakara liya kang menarik, katoné ing kidung Sundha, asma sang ratu, praméswari lan putri Sundha ora diarani. Putri Sundha ing sumber liya kerep diarani Dyah Pitaloka.

Prakara liya kang menarik iku, sajeroning tèks, dibédaake pangertèn bab Nusantara lan tanah Sundha. Wong-wong Sundha dianggep dudu wong Nusantara, kajaba déning patih Gajah Mada. Sawetara iku kang diarani wong Nusantara: wong Palembang, wong Tumasik (Singapura), Madura, Bali, Koci (?), Wandhan (Maluku), Tanjungpura (Banjarmasin) lan Sawakung (?) (conthoné padha 1. 54 b.). Prakara iki padha karo kakawin Nagarakretagama. Ing kono tanah Sundha uga ora mau sebagai wewengkoning Majapait. Nanging ing Nagarakretagama, Madura uga ora mau.

PanulisanBesut

Kabèh naskah kidung Sundha kang diterangaké ing artikel iki, sangkané saka Bali. Nanging ora cetha apa tèks iki dikarang ing Jawa utawa Bali.

Namaning panulis tèks ora dingeetèni. Titi mangsané panulisan uga ora dingertèni pasthi. Sajeroning tèks gaman sanjata geni diaran-arani, nanging bab iki ora bisa kanggo ngukuhaké umuring tèks. Amarga wong-wong Indhonésia minimal wis tepung karo sanjata geni wiwit tekaning wong Portugis ing bumi Nusantara, ya iku ing taun 1511. Mbokmanawa wong-wong Indhonésia uga wis tepung luwih lawas manèh saka bangsa Tionghoa. Awit nalika wong Portugis teka ing Maluku, kabèh padha sinungsung ing salvo (tembakan kekurmatan).

Fragmèn tèksBesut

Ing ngisor iki sawetaraning cuplikan utawa fragmèn tèks ing basa Jawa Tengahan katulis. Banjur jarwané ing basa Jawa samangké uga didhokok ing ngisoré. Jarwané ditulis ing basa lugu gancaran, ora nganggo guru laguning tembang. Tèks dijupuk saka édhisi C.C. Berg (1927) lan pasang aksarané (ejaan) disesuaikan.

Gajah Mada kang dipisuhi utusan Sundha (padha 1. 66b – 1. 68 a.)Besut

Ih angapa, Gajah Mada, agung wuwusmu i kami, ngong iki mangkw angaturana sira sang rajaputri, adulurana bakti, mangkono rakwa karěpmu, padha lan Nusantara dédé Sundha iki, durung-durung ngong iki andhap ring yuda.
Abasa lali po kita nguni duk kita aněkani jurit, amrang pradésa ring gunung, ěnti raméning yuda, wong Sundha kagingsir, wong Jipang amburu, praptâpatih Sundha apulih, rusak wadwamu gingsir.
Mantrimu kalih tinigas anama Lěs Bélétèng angěmasi, bubar wadwamu malayu, anânibani jurang, amurug-murug rwi, lwir patining lutung, uwak sétan pating burěngik, padâmalakw ing urip.

.

Mangke agung kokohanmu, uwabmu lwir ntuting gasir, kaya purisya tinilar ing asu, mèngkéné kaharěpta, tan pracura juti, ndi sasana tinutmu gurwaning dustârusuh, dadi angapusi sang sadubudi, patitânêng niraya atmamu těmbe yèn antu.

Jarwa:

  • “Ih angapa, Gajah Mada, gedhé celathumu iki marang kita, awaké dhéwé iki saiki arep ngaturaké sang rajaputri. Banjur karepmu iku kudu aduluran bekti? Dadi padha lan Nusantara? Awaké dhéwé séjé, wong Sundha iki. Durung tau awaké dhéwé kalah ing paprangan.
  • Kaya-kaya lali ta kowé mbiyèn duk perang ing pradésaning gunung. Horeg ramé papranganing, wong Sundha kagingsir, dioyak wong Jipang. Nanging rawuh ta patih Sundha, banjur wadya balamu rusak kabèh.
  • Mantrimu loro kang jenengé Lěs lan Beleteng ditigas lan mati. Wadya balamu bubar mlayu. Ana kang tiba ing jurang, kenèng ri. Kabèh mati kaya lutung, uwak lan sétan. Pating brengik, padha jejaluk urip.
  • Saiki omonganmu gedhé, ababmu kaya entuting gangsir, kaya kotorané kang ditilar asu. Saiki karepmu iku ora sopan lan nyidrani. Ajaran apa kang kok-turut, saliyané kowé pèngin dadi guru kang dustha lan rusuh. Ngapusi wong-wong kang atiné becik, nyawamu bakal tiba ing naraka yèn kowé mati!”

Raja Sundha kang nulak syarat-syarat Majapait (padha 2.69 – 2.71)Besut

[...], yèn kitâwĕdhîng pati, lah age marĕka, i jĕng sri naranata, aturana jiwa bakti, wangining sĕmbah, sira sang nataputri.
Wahu karungu dénira sri narèndra, bangun runtik ing ati, ah kita potusan, warahĕn tuhanira, nora ngong marĕka malih, angatĕrana, iki sang rajaputri.
Mong kari sasisih bahuné wong Sundha, rĕmpak kang kanan kéri, norêngsun ahulap, rinĕbatèng paprangan, srĕngĕn si rakryan apatih, kaya siniwak, karnasula angapi.

Jarwa:

  • [...],yèn sira wĕdhi ing pati, lah age pinaraka, ing sampéyan dalem Sri Prabu, lan aturana jiwa bekti, wangining sĕmbah, sira sang Rajaputri.
  • Lagi waé iki dipirengaké Raja <Sundha>, banjur muntab panjenengané: “Eh kowé kabèh para duta! Laporna ing bendaramu yèn aku ora sudi pinarak, angateraké sang Rajaputri!
  • Mbok arepa kariya sasisih lengené wong Sundha, utawa remuk ing kiwa tengen, ora bakal aku sulap, asor ing paprangan! Sang patih <Sundha> uga nepsu, kaya disuwek kupingé ngrungu swara (ala wong Majapait).

Prabu Hayam Wuruk nangisi Putri Sundha kang wis lampus (padha 3.29 – 3. 33)Besut

Sirêñanira tinañan, unggwani sang rajaputri, tinuduhakěn anêng madé sira wontěn aguling, mara sri narapati, katěmu sira akukub, pérěmas natar ijo, ingungkabakěn tumuli, kagyat sang nata dadi atěmah laywan.
Wěněsning muka angraras, nétra duměling sadidik, kang lathi angrawit katon, kéngisning waja amanis, anrang rumning srigadhing, kadi anapa pukulun, ngké pangeran marěka, tinghal kamanda punyaningsun pukulun, mangke prapta angajawa.
Sang tan sah anêng swacita, ning rama réna inisthi, marmaning parěng prapta kôngang mangkw atěmah kayêki, yèn si prapta kang wingi, bangiwèn pangéraningsun, pilih kari agěsang, kawula mangke pinanggih, lah palalun, pangdaning Widy angawasa.
Palar-palarěn ing jěmah, pangéran sida kapanggih, asisihan éng paturon, tan kalangan ing duskrěti, sida kâptining rawit, mwang réna kalih katuju, lwir mangkono panapanira sang uwus alalis, sang sinambrama lěnglěng amrati cita.
Sangsaya lara kagagat, pětěng rasanikang ati, kapati sira sang katong, kang tangis mangkin gumirih, lwir guruh ing katrini, matag panědhěng ing santun, awor swaraning kumbang, tangising wong lanang istri, arěrěb-rěrěb pawraning gělung lukar.

Jarwa:

  • Banjur para dhayang-dhayang didangu, panggonané sang Rajaputri. Nuli dituduhaké ana ing tengah, ana panggonan turu. Sang prabu marani, dipirsani dhèwèké kukuban, ana ing latar alas kain emas ijo. Banjur dibukak kukubané. Sang prabu kagèt amarga wis dadi layon.
  • Pucet rainé ayu, sosocané rada mbukak, lathiné katon éndhah. Wajané kang ora katutup katon manis, kaya-kaya arep nyaingi wohing srigadhing. Panjenengané kaya ngruruhi: “Sinuwun, mangga pinaraka wonten ngriki. Mugi dalem yangipun sampéyan dalem dipunpirsani. Sapunika sampun dhateng ing tanah Jawi.
  • Ingkang tansah wonten ing panggalihipun ingkang rama kaliyan ibu saha dipunkersani. Punika ta alsanipun sadaya sami ndèràken rawuh. Anging sapunika kados makaten. Menawia sampéyan dalem sampun rawuh kala winginipun, mbok bilih dalem taksih gesang. Dalem sapunika rak dipunkramani. Lah, kejem sanget punika pangdaning Hyang Widi Ingkang kuwasa.
  • Sumangga dipunarep-arep kemawon, Sinuwun, supados siyosa wiwahanipun. Saged asandhingan jèjèr wonten pasaréan. Boten dipunalangi tiyang nyidra ala. Siyos ta kersanipun kakalih ingkang rama ibu.” Kaya mangkono ta pangruruhaning priyayi kang lagi waé lampus iku. Sing diruruhi dadi nandhang brangta panggalihé.
  • Sangsaya suwé saya anglarani gumawé petenging panggalih. Kapati-pati sang prabu sangsaraning. Tangisi saya seru kaya swaraning guruh ing mangsa Katiga*, kang mbukak mekaring kembang, awor swaraning kumbang. Kaya ngono ta tangising wong lanang wadhon, gelunging rambut padha ucul rusak.

*Mangsa Katiga iku kurang luwih mbarengi sasih September, kang isih bisa diarani mangsa kemarau. Dadi swaraning guruh ing mangsa iki, nggambaraké kaanan kang ora lumrah.

RéferènsiBesut

Uga delengenBesut