Kirkuk
Kirkuk (Arab: كركوك Karkūk, Basa Turki: Kerkük, Kurdhi: کەرکووک Kerkûk; Karkh-Selokh) ya iku sawijining kutha ing Irak lan mujudaké kutha krajané Kagubernuran Kirkuk ing Irak, 238 kilomèter (148 mil) sing dumunung ana pérangan lor kutha Baghdad.[2] Wewengkoné Kirkuk iki nduwé populasi sing manéka warna lan basa sing dituturaké uga rupa-rupa, kawit pirang-piran abad kapungkur. Démografiné Kirkuk ngalami owahan nalika ana urbanisasi Kirkuk ing abad ka-20, sing njalari anané manéka warna golongan ètnis mara menyang Kirkuk.[3] Wong Kurdhi, wong Turkmen, wong Arab lan wong Suryani padha carukan ngenani wewengkon iki, lan padha ndhesek tuntutan bab tanah iki migunakaké crita, lan latar wuri sajarahé kanggo nyengkuyung tuntutané dhéwé-dhéwé.[4] Wong Turkmen ing Irak nganggep Kirkuk minangka kutha krajané Turkmeneli.[5]
Kirkuk كركوك Kerkûk | |
---|---|
Kutha Kirkuk | |
Kirkuk's location in Iraq | |
Koordhinat: 35°28′0″N 44°19′0″E / 35.46667°N 44.31667°EKoordhinat: 35°28′0″N 44°19′0″E / 35.46667°N 44.31667°E | |
Nagara | Irak |
Kagubernuran | Kirkuk |
Élepasi | 350 m (1,150 ft) |
Cacah warga (2009 Est.)[1] | |
• Gunggung | 850 787 |
Zona wektu | GMT +3 |
Kutha Kirkuk iki dumunung ana ing sakupenge patilasané Kutha Kirkuk, sanané kutha kuna ing Asyur, ya iku Arrapha, saka tengahaning milénium kaping 3 SM,[6] sing prenahé ana ing sacedhaké Kali Khasa. Kutha iki disebutake ing salah sawijining tulisan kuneiform nalika jaman Sumero-Akkadian ing Asyur saka 2400 SM.[7] Wewengkon iki dadi péranganing kakaisaran Akkadian (2335–2154 SM) sing manunggalaké wong Mésopotamia sing nuturaké basa Akkadian lan Sumeria ana sangisoring siji papréntahan. Sawisé kakaisaran iki bubar, wong Gutian sing nyaturaké basa isolat, golongan ras saka Iran Kuna, nguwasani wewengkon iki suwéné sawenèh abad, lan Arrapha didadèkaké kutha krajané, banjur nalikané jaman papréntahan Mésopotamia déning wong Sumeria sasuwéné 2112-2004 SM, wong Gutian iki diusir saka wewengkon kono. Banjur kutha kasebut didunungi akèh-akèhé déning wong Hurrian sing nuturaké basa isolat saka Anatolia wétan. Tumuli, wewengkon iki digabungaké ana sangisoré Kakaisaran Kuna Asyur (2025–1750 SM). Arrapha dadi kutha ing Asyur sing penting nganti bubaré kakaisaran Asyur antarané 615–599 SM. Banjur Arrapha uga dadi salah sawijining pérangan géo-politik ing provinsi Asyur sangisoré manéka warna papréntahan asing. Ing antarané abad ka-2 SM lan ka-3 Masèhi dadi kutha krajané nagara ing Asyur Anyar ya iku Beth Garmai, nuli wewengkon iki diteluk déning kakaisaran Sassanid lan dadi pérangané Assuristan.
Wong Kurdhi[8][9] lan wong Turkmen[10] ngarani kutha iki minangka kutha sana budaya. Kutha iki dijenengi kutha "sana budaya Irak" déning kamentrèn kabudayan Irak ing 2010.[11] Kutha iki saiki akèh-akèhé didunungi déning wong Kurdhi, wong Arabs, wong Turkmen ing Irak, lan wong Asyur.
Démografi
besutSènsus sing miyatani ngenani golongan ètnis sing ana ing Kirkuk titimangsané saka taun 1957. Tapal watesé provinsi Kirkuk diowahi, provinsiné salin jeneng dadi al-Ta'mim lan dhistrik sing akèh didunungi wong Kurdhi didadèkaké pérangané provinsi Erbil lan Sulamaniya.[12]
Étungan sènsus ing Liva (saindhengé kagubernuran) Kirkuk ing 1957[13] | ||
---|---|---|
Golongan ètnis adhédhasar basa asliné | Cacahé | Prèsentase |
Basa Kurdhi | 187,593 | 48.2% |
Basa Arab | 109,620 | 28.2% |
Basa Turkmen | 83,371 | 21.4% |
Basa Suriah | 1,605 | 0.4% |
Basa Ibrani | 123 | 0.03% |
Gunggung | 388,829 |
Étungan sènsus ing City Proper ing Kirkuk taun 1957[13] | ||
---|---|---|
Golongan ètnis adhédhasar basa asliné | Cacahé | Prèsentase |
Basa Turkmen | 45,306 | 37.6% |
Basa Kurdhi | 40,047 | 33.3% |
Basa Arab | 27,127 | 22.5% |
Basa Suriah | 1,509 | 1.3% |
Basa Ibrani | 101 | 0.1% |
Gunggung | 120,402 |
Étungan sènsus ing Kagubernuran Kirkuk[14] | |||||||
Golongan ètnis | 1957 | Prèsentase | 1977 | Prèsentase | 1997 | Prèsentase | |
---|---|---|---|---|---|---|---|
Wong Arabs | 109,620 | 28.2% | 218,755 | 45% | 544,596 | 72% | |
Wong Kurdhi | 187,593 | 48.2% | 184,875 | 38% | 155,861 | 21% | |
Wong Turkmens | 83,371 | 21.4% | 80,347 | 17% | 50,099 | 7% | |
Wong Suryani | 1,605 | 0.4% | |||||
Wong Yahudi | 123 | 0.03% | |||||
Liyané | 6,545 | 1.77% | 0 | 0% | 2,189 | 0.3% | |
Gunggung | 388,829 | 100% | 483,977 | 100% | 752,745 | 100% |
Rujukan
besut- ↑ "World Gazetteer". World Gazetteer. 26 Januari 2009. Diarsip saka sing asli ing 9 Fèbruari 2013. Dibukak ing 2009-01-26.
- ↑ "Google Maps Distance Calculator". Daftlogic.com. 12 Januari 2013. Dibukak ing 2013-03-26.
- ↑ Bet-Shlimon, Arbella. 2012. Group Identities, Oil, and the Local Political Domain in Kirkuk: A Historical Perspective. Journal of Urban History 38, no. 5.
- ↑ "Kirkuk". Cities in transition.
- ↑ Ezzat 2012, kc. 1.
- ↑ The Cambridge Ancient History – Page 17 by John Boardman
- ↑ William Gordon East, Oskar Hermann Khristian Spate (1961). The Changing Map of Asia: A Political Geography, 436 pages, p: 105
- ↑ [1] Claims in conflict: reversing ethnic cleansing in northern Iraq, Human Rights Watch (Organization), Aug. 2004, Vol.16, 54.
- ↑ Cocks, Tim (21 Juli 2009). "U.N. wants Iraq Kurds to drop Kirkuk vote-diplomat". ofReuters.
- ↑ "The Identity of Kirkuk" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 20 Agustus 2011.
Conclusion
- ↑ "Archived copy". Diarsip saka sing asli ing 30 Juni 2017. Dibukak ing 27 Dhésèmber 2009.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ Dagher, Sam (25 April 2008). "Can the U.N. avert a Kirkuk border war?". CS Monitor. Dibukak ing 2 Agustus 2012.
- ↑ a b "Iraq". www.let.uu.nl. Dibukak ing 2016-10-16.
- ↑ Part I. Kirkuk and its environs. – Chapter 2. Kirkuk in the Twentieth Century, page 43. // Crisis in Kirkuk: The Ethnopolitics of Conflict and Compromise. Authors: Liam Anderson, Gareth Stansfield. Philadelphia: University of Pennsylvania Press, 2011, 312 pages. ISBN 9780812206043
Kapustakan
besut- Anderson, Liam; Stansfield, Gareth (2011). Crisis in Kirkuk: The Ethnopolitics of Conflict and Compromise. University of Pennsylvania Press. ISBN 0-8122-0604-5.
- Bosworth (1954). The Encyclopaedia of Islam Vol. V. Brill. kc. 144–147. ISBN 90-04-06056-1.
- Edwards, I. E. S.; Gadd, C. J.; Hammond, N. G. L. (1991). The Cambridge Ancient History: Vol. 1, pt. 1. Cambridge University Press. Dibukak ing 3 Januari 2013.
- Edwards, Iorwerth Eiddon Stephen; Charlesworth, Martin Percival; Boardman, John (1970). The Cambridge Ancient History: Vol. 1, part 2. Cambridge University Press. Dibukak ing 3 Januari 2013.
Uga wacanen
besut- Dibabar ing abad ka-19
- Edward Balfour, èd. (1871). "Kirkook". Cyclopaedia of India and of Eastern and Southern Asia (édhisi ka-2nd). Madras.
- Charles Wilson, èd. (1895), "Kirkuk", Handbook for Travellers in Asia Minor, Transcaucasia, Persia, etc., London: John Murray, OCLC 8979039
- Dibabar ing abad ka-20
- "Kerkuk", Encyclopædia Britannica (édhisi ka-11th), New York: Encyclopædia Britannica Co., 1910, OCLC 14782424
- "Kerkuk", Palestine and Syria (édhisi ka-5th), Leipzig: Karl Baedeker, 1912
- Dibabar ing abad ka-21
- Michael R.T. Dumper; Bruce E. Stanley, èd. (2008), "Kirkuk", Cities of the Middle East and North Africa, Santa Barbara, USA: ABC-CLIO, ISBN 1576079198