Kucai
Kucai | |
---|---|
Kembang kucai | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiosperms |
Unranked: | Monocots |
Ordho: | Asparagales |
Famili: | Alliaceae |
Génus: | Allium |
Spésies: | A. tuberosumA. ramosum |
Jeneng binomial | |
Allium tuberosumAllium ramosum |
Kucai (Allium tuberosum Rottler ex Spreng. lan A. ramosus), utawa bawang kucai lan godhong kucai, dikenal dadi sayuran godhong.[1] Kucai lumrahé dimasak kanthi ngiris cilik-cilik.[1] Ing Indonésia, kucai jarang dianggo kanggo nggawé masakan.[1] Kucai lumrahé dianggo kanggo nggawé masakan amarga ana budaya Tiongkok, kaya ta bubur ayam.[1] Ing masakan Tiongkok utawa Jepang, kucai kalebu bahan kanggo campuran isi Jiaozi (Gyōza).[1]
Kucai godhongé tipis lan trepes.[1] Kembang kucai wernané putih, saka kembang iki banjur dadi wiji nalika kembangé wis garing.[1] Wiji kucai bisa didhedher manèh saéngga dadi thukulan kucai anyar.[1] Saliyané nganggo wiji kucai uga bisa ditengkaraké sarana njupuk péranganing grombolan kucai banjur ditandur dhéwé ing panggonan kang béda.[1] Pethilan pérangan iki banjur dadi ngrembaka lan mbentuk pérangan dhompolan wit kucai manèh.[1]
Kucai béda karo lokio ("bawang batak", A. chinense), A. schoenoprasum L (chives).[1] Tuwuhan iki godhongé silinder lan ana bolongan ing tengahé.[1] Kucai ambuné mirib kaya bawang tinimbang kaya lokio, saéngga ing basa Inggris, kucai diarani garlic-chives lan ing basa Jerman kucai diarani Knoblauch-Schnittlauch.[1]
Godhong kucai ambuné kuat lan krasa rada kenthel, béda karo ambuné godhong prei (A. porrum) utawa daun bawang (A. cepa, A. fistulosum, A. ascalonicum).[2] Saliyané godhongé, kembang kucai uga kena kanggo bumbu utawa rempah-rempah kang nggawé sedhep masakan.[2]
Yèn dideleng saka kandhutan giziné, kucai utawa Allium tuberosum gandhut gizi kang apik.[2] Saliyané iku sayuran kucai uga ngandhut akèh serat pangan, vitamin lan mineral.[2] Nanging kucai bisa njalari ambune awak lan pérangan tutuk nduwéni aroma kang ora énak.[2] Bau badan iki disebabaké amarga kucai ngandhut sulfur kang nalika kucai dipangan sulfur iki banjur mèlu ngresep ing aliran darah.[2] Sawisé iku banjur ditokaké dadi kringet liwat kulit.[2] Ambuné tutuk kang ora énak amarga ana sisa kucai ing untu kang keri nalika mangan kucai.[2] Sisa kucai iki nggawé tutuk rada ora énak ambuné.[2]
Sanajan ngono, sulfur kang ana ing kucai ora saakeh bawang.[2] Nanging ambu tutuk kang ora énak iki lumayan ngganggu.[2] Kucai kang digoréng ambuné luwih sithik tinimbang kang dimasak nalika seger.[2] Iki amarga sulfur ora kuwat nalika dipanasaké.[2]
Cathetan suku
besut
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |