Bawang putih
Bawang putih
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Asparagales
Famili: Alliaceae
Subfamili: Allioideae
Tribe: Allieae
Génus: Allium
Spésies: A. sativum
Jeneng binomial
Allium sativum
L.

Bawang utawa ing Basa Indonésia bawang putih (jeneng Latin: Allium sativum, Linn.) iku jeneng tetuwuhan saka génus Allium lan jeneng umbi sing diasilké.[1] Umbi saka tuwuhan bawang putih minangka bahan utama kanggo bumbu dhasar masakan Indonésia.[1]

Bawang mentah sugih senyawa-senyawa sulfur, kalebu dat kimia sing karan alliin sing agawé bawang putih mentah krasa getir utawa angur.[1]

Bawang kalebu familia Liliaceae.[1] Tuwuhan iki uga kalebu tuwuhan usuman.[1]

Bawang bisa ditangkaraké saka umbiné.[1] Pérangan umbi sing ndhuwur dipèngkès utawa dikethok, banjur ditandur kanthi dicublekaké ing lemah.[1]

Bawang luwih apik ora dipangan mentah amarga ngganggu asem lambung.[1] Bawang luwih becik dimasak dhisik kanthi digodhog, digorèng utawa dipanggang dhisik.[1]

Kandhutan dat besut

Bawang ngandhut lenga atsiri, aliin, kalium, saltivine, lan diallysulfide.[1]

Dasanama besut

Jeneng Latin: Allium sativum, Linn.[2]

Jeneng lokal: Garlic (Inggris), bawang putih (Indonésia), bawang (Jawa); bawang bodas (Sunda), bawang handak (Lampung); kasuna (Bali), lasuna pute (Bugis), bhabang pote (Madura); bawa bodudo (Ternate), Kalfeo foleu (Timor).[2]

Jeneng tlatah liyané:

Klasifikasi besut

  • Divisio: Spermatophyta[3]
  • Sub divisio: Angiospermae[3]
  • Kelas: Monocotyledonae[3]
  • Bangsa: Liliales[3]
  • Suku: Liliaceae[3]
  • Marga: Allium[3]
  • Jinis: Allium sativum[3]
  • Jeneng umum: bawang putih[3]

Khasiyat besut

Kanggo obat lelara hipertensi, asma, watuk, masuk angin, lara sirah, lara kuning; sesek napas, busung banyu, ambeien, sembelit, njarem utawa abuh, abses; tatu bendha landhep, dicokot gegremet, cacingen, angèl turu (insomnia).[2]

22 khasiyat besut

Paédah besut

Bawang putih kanggo bumbu sing digunakaké tumrap mèh saben panganan lan masakan Indonésia.[1] Sadurungé dianggo bumbu, bawang dijur kanthi dipenet nganggo lading (dikeprèk) sadurungé dirajang alus lan ditumis ing wajan nganggo lenga gorèng sethithik.[1] Bawang bisa uga dialuské kanthi diuleg bebarengan karo bumbu-bumbu liyané.[1] Bawang kena diwuwurna ing mi utawa soto lan masakaan liyané.[1] Bawang kang diwuwurna ing masakan yaiku bawang kang digorèng.[1] Saliyané kanggo bumbu masakan, bawang bisa nyegah lelara jantung.[1]

Bawang ngandhut lenga atsiri.[5] Saliyané iku bawang uga duwé sipat antibakteri lan antisèptik.[3] Bawang duwé khasiat minangka antibiotik alami.[1] Dat allicin lan aliin kalebu dat kang nduwé daya anti kolèsterol.[3] Dat iki uga bisa nyegah lelara jantung koronèr, tekanan getih dhuwur utawa hipertènsi.[3]

Asil olahan besut

Bawang bisa diolah dadi bawang gorèng lan bumbu instan.[6] Sadurungé diolah, bawang luwih dhisik digaringna.[6] Bawang kang garing, kadhar banyuné sithik, saéngga luwih krasa gurih yèn diolah.[6] Saliyané iku, asil olahané uga luwih kemriyuk.[6] Saiki ana piranti kanggo nggaringaké bawang, saliyané kanggo nggaringaké bawang, piranti iki uga kena kanggo nggaringaké brambang.[6] Piranti iki kanggo nggaringaké bawang kanthi kapasitas 5-6 kuintal.[6] Saben prosès penggaringan mbutuhaké wektu kurang luwih 15 jam.[6] Déné suhu kang kanggo nggaringaké yaiku 42-45 drajat Celcius.[6]

Gladri besut

Chatetan sikil besut

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q warintek.ristek.go.id[pranala mati permanèn](diundhuh tanggal 19 April 2011)
  2. a b c iptek.net.id Archived 2010-05-22 at the Wayback Machine.(diundhuh 19 April 2011]
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p kamusilmiah.com[pranala mati permanèn](diundhuh tanggal 19 April 2011)
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v kabarinews.com(diundhuh tanggal 19 April 2011)
  5. nyonyameneer.com(diundhuh tanggal 19 April 2011)
  6. a b c d e f g h balitbangjatim.com(diundhuh tanggal 19 Mèi 2011)

Deleng uga besut

Pranala njaba besut

Cithakan:Bumbon crakèn