Lenga atsiri (cara Inggris: volatile oil utawa essential oil) iku cuwèran kenthel sing ora bisa nyampur ing banyu.[1] Lenga atsiri ngandhut senyawa-senyawa sing gandané saka manéka jinis tetuwuhan.[1] Lenga atsiri padatan dikasilaké kanthi cara destilasi, uga bisa dikasilaké kanthi prosès èksprèsi lan ekstrasi pelarut.[1] Lengan atsiri minangka lenga wangi, wedhak, kanggo rasa ing panganan lan ombé-ombénan, uga ing prodhuk-prodhuk kanggo ngresiki piranti omahan.[1] Lenga atsiri uga bisa minangka kasarasan, tuladhané ngrumat kulit nganti nambani kanker.[1] Nanging, kagunan utama lenga atsiri saiki ya iku kanggo kapreluan aromaterapi, salah sawijiné tetamba alternatif sing mènèhi èfèk nambani sawatara lelara.[1] Lenga atsiri dikasilaké saka prosès penyulingan buwah, godhong, lan oyod tuwuhan atsiri.[2] Sawatara jinis tuwuhan atsiri sing tuwuh subur ing Indhonésia ya iku pala, cengkèh, nilam, serei, oyod wangi, panili, kayu legi, lsp.[2]

Godhong Nilam, salah sawijiné bahan baku nggawé lenga atsiri

Ciri-ciri

besut

Lenga atsiri sing wis disuling dhapuré cuwèran kanthi kandhutan senyawa sing gampang ngabar, akèh sithiké saenyawa volatil iku gumantung saka akèhé senyawa sing ngandhut oksigèn ing lenga atsiri.[3] Ciri-ciri lenga atsiri padatan ngandhut senyawa terpene, struktur kimiané mbentuk ranté lurus lan ora nyabang-nyabang.[3] Lenga atsiri ana sing duwé Senyawa Benzene.[3] Kualitas lan murniné saka sipat lenga atsiri bisa katon saka gedhéné spesific gravity ing suhu 15 °C.[3] Lenga atsiri ing sushu 15 °C nuduhaké perbandhingan antarané aboté lenga atsiri ing suhu 15 °C karo volume banyu sing kaandhut ing jero lenga atsiri.[3]

Para ahli uga nganggep, lenga atsiri iku metabolit sekunder kang padatan migunani minangka piranti pertahanan dhiri supaya tuwuhan ora dipangan kéwan (ama) utawa minangka agen kanggo saingan tetuwuhan liya anggoné nahanaké ruwang urip.[4] Dadi lenga atsiri kang kaandhut ing tetuwuhan iku bisa ngalang-ngalangi kéwan supaya ora ngganggu.[4]

Kagunan

besut

Ing Indhonésia, kagunan lenga atsiri akèh banget lan bisa digunakakè kanthi manéka jinis cara.[5] Tuladhané dikonsumsi langsung wujud panganan utawa ombé-ombénan kaya ta jamu sing ngandhut lenga atsiri, bahan penyedhep panganan, nambahi rasa ing ès krim, permèn, lan odol.[5] Déné kanggo kagunan ing njaba awak kaya ta kanggo mijet, lulur, balsem, sabun, sampo, obat tatu, lan lenga wangi.[5] Kanggo napas bisa kanggo inhalasi utawa aromaterapi kaya ta pewangi ruwangan, pewangi tisu, nglegakaké napas, nuwuhaké rasa seger, uga kanggo wewangian liyané.[5]

Cara Nggawé

besut

Lenga atsiri bisa digawé kanthi cara destilasi (penyulingan) lan cara ekstrasi pelarut (solvent extraction).[1] Destilasi lengan atsiri dilakokaké kanthi cara nadhahi bahan baku saka tuwuhan, kaya ta godhong, kulit kayu, wiji, lan oyod ing piranti destilasi ing dhuwur banyu.[1] Nalika banyu dipanasaké, uwab banyu bakal ngliwati bahan baku mau lan mèlu nguapaké lenga atsiri.[1] Uap lenga atsiri bakal ngalami prosès kondensasi saéngga dadi cuwèran manèh. Cairan iku banjur ditadhahi ing piranti kanggo nadhahi.[1] Cairan iku diarani hidrosol utawa hidrolat. Tuladha hidrosol sing misuwur ya iku banyu mawar lan banyu lavender.[1]

Cara ekstraksi pelarut (solvent extraction) minangka ngasilaké lenga atsiri sing sithik banget kanggo diperes. Cara iki digunakaké pelarut, kaya ta heksan utawa karbondioksida superkritis kanggo ngekstraksi lenga atsiri.[1] Ekstrak sing dikasilaké pelarut heksan utawa pelarut hidrofobik liyané diarani concretes sing ngandhut campuran lenga atsiri, lilin, resin lan senyawa larut lenga liyané saka tuwuhan.[1] Pelarut liyané ya iku etil alkohol, minangka misahaké komponèn lenga atsiri saka concretes.[1] Alkohol diilangaké liwat prosès destilasi tahap sing kapindho, saéngga ninggal komponèn lenga atsiri sing diarani absolute.[1] Pelarut karbondioksida superkritis digunakaké minangka pelarut ing prosès ekstraksi cuwèran superkritis.[1] Karbondioksida superkritis ngekstraksi lilin uga lenga atsiri ing concrete.[1] Lilin bakal dipisahaké saka lenga atsiri kanthi cara ngudhunaké temperatur ekstraksi, banjur sawisé ekstraksi rampung, tekanan diudhunaké saéngga karbondioksida owah dadi gas.[1]

Sawatara jinis lenga atsiri

besut

Jeneng lenga atsiri padatan miturut bahan baku sing digawé lenga atsiri, tuladhané:

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r Minyak Atsiri Archived 2012-12-11 at the Wayback Machine.(diundhuh 4 Dhésèmber 2012)
  2. a b Minyak Atsiri-Essential oil(diundhuh 4 Dhésèmber 2012)
  3. a b c d e Makalah Produksi Minyak Atsiri(dipunundhuh 7 Dhésèmber 2012)
  4. a b Kegunaan Minyak Atsiri Archived 2012-12-20 at the Wayback Machine.(diundhuh 31 Dhésèmber 2012)
  5. a b c d Penggunaan Minyak Atsiri di Indonesia[pranala mati permanèn](diundhuh 4 Dhésèmber 2012)