Kuil Sam Poo Kong

Kuil Sam Poo Kong inggih punika kuil utawi klentèng ingkang dumunung ing laladan Simongan, Semarang. Panggènipun wonten ing tengah kutha Semarang. Kados gadhah sebatan ''Gedung Batu'' amargi ing dalemipun wonten guwa selo ageng ingkang dipunpitayani dados papan kawiwitan dharat lan dados markas Laksamana Cheng Ho (uga diputepang kanthi asma Sam Poo Tay Djien) kaliyan prajuritipun ing Pulau Jawa. Laksamana Cheng Ho punika saking Tiongkok, lan nglayar ngagem armada ingkang kathahipun 200 kapal lan awak kapal 2.700 tiyang kanggé misi perdamaian ing Asia lan Afrika. Ing tengah pelampahan, wonten prajurit ingkang gerah. Ing pungkasan armada punika nglabuh ing désa, ingkang gadhah asma Simongan. Laksamana Cheng Ho uga ngertos gua batu ing laladan punika lan dipundadosaken kanggé semedi lan sembahyang. Uga ngantos samangke masarakat ing Simongan ngaturi pakurmatan kanggé Cheng Ho kados matur suwun kanggé jasa piyambakipun punika.

Sam Poo Kong
Gambar Cheng Ho.

Wangunan Sam Poo Kong

besut

Kuil punika wiyar sanget lan gadhah kathah yasan. Wangunan satunggal inggih punika mirib pendhapa ingkang sadeyan hio kanggé tiyang ingkang badhé sembayang, senesipun wonten pendhapa malih ingkang nawaraken jasa foto kaliyan ngagem rasukan tradhisional China, salajengipun wonten wangunan utami inggih punika kuil atawi klentèng punika ingkang gadhah kinten-kinten wangunan piyambak. Klentèng punika dipunbikak saking jam 8.008.15 lan jam 11.0011.15. Klentèng utami punika boten kanggé dipuntingali, amargi kanggé sembahyang. Kuil Sam Poo Kong punika dados situs pamaréntahan kutha Semarang (www.semarang.go.id), wonten kinten-kinten papan ingkang dipunagem sembahyang inggih punika:

Ing tengah kuil punika wonten lapangan ingkang wiyar sanget, kaliyan kinten-kinten patung. Lan ing sisih pungkasan wonten gerbang ingkang ageng. Wonten lilin-lilin ageng ingkang wonten asma penyumbangipun.[1]

Laksamana Ceng Ho, ingkang damel Sam Poo Kong piyambak, gadhah asma asli inggih punika Ma lan Ma He utawi Ma San Bao. Kulawarganipun inggih punika pamaluk Agami Islam, ugi piyambakipun punika.[2]

Gladri

besut

Ziarah

besut

Ing Sam Poo Kong, pangujung ziarah ing pasarean prajurit Cheng Ho ingkang wonten ing latar ngajeng Gua Batu. Saking criyos ingkang wonten, masarakat percados manawi patung Cheng Ho wonten ing lebet Gua Batu punika. Masarakat Konghuchu percados, tiyang ingkang sampun séda saged maringi pambiyantu. Tiyang gadhah pamanggih manawi Cheng Ho dados déwa. Sanèsipun punika, masarakat muslim Tiongkok kathah ingkang tindak ing Sam Poo Kong kanggé ziarah ing papan petilasan Cheng Ho punika.

Sam Poo Kong dipunbikak kanggé umum ing mangsa pamaréntahan Présidhèn Abdurrahman Wahid atawi Gus Dur. Wiwit punika, masarakat Semarang lan sanèsipun tindak ing klentèng ingkang paling ageng ing Jawi Tengah punika, kanggé wisata kaliyan ziarah.

Sam Poo Kong dipeecados dados papan kanggé pikantuk berkah. Wisatawan dedonga supados pikantuk berkah wonten pinten-pinten babagan, inggih punika bisnis, kasarasan, lan jodoh.[3]

Arsitektur Sam Poo Kong

besut

Sedaya yasan gadhah warna abrit kas wangunan China.[4]. Wujud yasan klentèng inggih punika wangunan tunggal ingkang gadhah payon susun. Bènten kaliyan tipe klentèng sanès, klentèng punika boten gadhah serambi piyambak. Ing sisih tengah wonten papan pamujan Sam Po.[5]. Arsitektur ing Sam Poo Kong dipunwiwiti saking wujud payon limasan ingkang minangka kas Jawi, arsitèktur payon China lan interioripun, lan kinten-kinten rerenggan sèla ingkang mirib pahatan candhi ing Jawi. Sanèsipun, wonten papan kabongan ingkang bentukipun kados labu, kalih buntut naga, kas China.[6]

Cathetan suku

besut
  1. www.jalanjajanhemat.com(dipuntingali tanggal 23 Oktober 2011)
  2. www.xuezhengdao.com Archived 2012-02-04 at the Wayback Machine.(dipuntingali tanggal 23 Oktober 2011)
  3. koran-jakarta.com[pranala mati permanèn](dipuntingali tanggal 24 Oktober 2011)
  4. seputarsemarang.com(dipuntingali tanggal 23 Oktober 2011)
  5. visitsemarang.com(dipuntingali tanggal 23 Oktober 2011)
  6. www.wikimu.com Archived 2012-11-13 at the Wayback Machine.(dipuntingali tanggal 23 Oktober 2011)