Layang Wangsakerta

Naskah Wangsakerta iku istilah sing ngrujuk marang sakumpulan naskah sing dinuga kasusun déning Pangeran Wangsakerta pribadi utawa "Panitia Wangsakerta". Naskah iki katemokaké saka Kasultanan Cirebon déning Atja, ‘’Kepala Babagan Kepubakalaan dan Kemuséuman’’ Jawa Kulon. Naskah-naskah mau akèh katliti déning Ayatroehedi lan Edi S. Ekajati

Naskah iki isih dianggep kontrovèrsial déning para ahli sajarah Nusantara.

Manut isi Pustaka Rajya Rajya i Bhumi Nusantara parwa V sarga 5 sing pratélan pustaka, paling ora ana 1.703 naskah, lan ing antarané 1213 kasusun déning Pangéran Wangsakerta lan panitiané.

Panitia Wangsakerta besut

Ing bubuka saben naskah Wangsakerta tansah kasebutaké duk dumadiné naskah-naskah mau. Manut katrangan ing naskah-naskah mau, panitia iki kagawé déning Pangeran Wangsakerta saka pameling ramané, Panembahan Girilaya, supaya gawé naskah kang isiné carita-carita kraton-kraton ing Nusantara.

Kaya déné kaanan jaman saiki, pangeran iki banjur ngudi lan ngumpulaké para ahli sajarah saka sa-Nusantara. Para ahli mau kakumpulaké lan nganakaké ‘’gotrasawala’’ (simposium). Manut katrangan ing naskah-naskah iku, gotrasawala iku ing antarané warsa 1599 Saka (1677) M). naskah kababar nganti 21 taun (rampung 1620 Saka, 1698 M).

Karya Panitia Wangsakerta besut

  • Pustaka Rajyarajya i Bhumi Nusantara
  • Pustaka Pararatwan
  • Pustaka Carita Parahyangan i Bhumi Jawa Kulwan
  • Pustaka Nagarakretabhumi
  • Pustaka Samastabhuwana
  • Salinan kitab-kitab ukum Majapahit
  • Kumpulan carita, katha, dan itihasa
  • Pustaka prakara ratu désa dan ratu cilik
  • Salinan naskah-naskah Jawa Kuna
  • Mahabharata
  • Kumpulan kathosana
  • Salinan prasasti
  • Salinan surat-surat prajajèn
  • Naskah prakara carita para wisaya
  • Naskah ing basa-basa liya
  • Kumpulan widyapustaka
  • Pustaka kaislaman
  • Sarwakrama ratu-ratu Salakanagara
  • Sarwakrama ratu-ratu Tarumanagara
  • Sarwakrama ratu-ratu Galuh lan Pajajaran
  • Sarwakrama ratu-ratu Galuh
  • Sarwakrama ratu-ratu Jawa Tengah lan Jawa Wétan
  • Raja-ratu lan panggedhé Majapahit
  • Raja-ratu lan panggedhé Bali
  • Raja-ratu lan panggedhé Janggala lan Kadiri
  • Raja-ratu lan panggedhé Sriwijaya
  • Raja-ratu Bali, Kadiri, lan Janggala
  • Salinan naskah-naskah karya Prapanca

Kontroversi besut

Katemokaké naskah iki ing watara taun 1970-an agawé gumbira lan agawé pirembugan ramé. Boechari, ahli sajarah saka Universitas Indonésia nganggep yèn naskah-naskah iku durung bisa kagawé sumber sajarah. Malah, Boechari nganggep yèn naskah iku asli nanging palsu, ya iku digawéné ing taun antarané 1950-1970. Pranyatan iki kagandhèng klawan gathuké naskah-naskah mau (kanthi tinambahan sawatara katrangan) karo téyori-téyori para ahli sing kawetokaké antarané taun-taun iku.

Kontrovèrsi iki naté dicoba karampungaké kanthi nganakaké dhiskusi ing Universitas Tarumanagara, 6 September 1988. Sawetara ahli sing ora sarujuk antarané: Soekmono, dan Soejono, lan Edi Sedyawati. Seka pirembugan mau, kaputusaké yèn Naskah Wangsakerta isih durung bisa kadadèkaké sumber sajarah, primèr utawa sekundhèr. Isih butuh panalitèn manèh supaya naskah mau bisa pinercaya.

Luwih saka saparo naskah kataliti Pusat Penelitian Arkéologi Nasional. Kanthi cekak aos pamimpin tim panalitén Suwendi Montana angucap,"Naskah-naskah iku palsu."[1]. Pranyatan iki kanthi dhasar lembaran daluwang iku jebul ora saka kertas kuna saka kayu, nanging saka kertas manila. Ana uga wekas gurat potlot. Kajaba iku, basa Jawa Kuna sing kagunakaké ora cocog karo jamané.

Edi S. Ekajati, sing sengkud naliti naskah iki, ora sarujuk amarga durung ana panalitén sing pinercaya kanthi ilmiah mbuktèkaké naskah-naskah mau palsu.

Déné Atja nganggep kritikan Boechari ora trap amarga Boechari iku ahli epigrafi sing magepokan karo prasasti, dudu naskah. Naskah-naskah sing saka kertas manila iku uga bisa waé tinulad saka asliné.

Sawetara alesan kang kanggo landhesan antarané:

  • historis banget, isiné ora jamaké naskah-naskah sing metu ing jamané (babad, kidung, tambo, hikayat);
  • selaras karo panemuné para sarjana manca nagara (J.G. de Casparis, N.J. Krom, Eugene Dubois, lan sapanunggalané.), dadi ana praduga yèn naskah iki kasusun kanthi lelandhesan karya panemuné para ahli saka Éropah mau. (ora digawé abad angka 17);
  • naskah sing katemokaké durung kataliti kanti becik (kertas/daluang, mangsi, aksara).
  • tembung-tembung sing kagunakaké ora kaya tembung sing kagunakaké ing abad iku. panalitèn sauntara, kertasé saka kertas manila.
  1. Majalah Tempo, 22 Oktober 1988

Rujukan besut