Maléo sènkawor

Maleo Senkawor
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Kéwan
Filum: Chordata
Klas: Manuk
Ordho: Galliformes
Famili: Megapodiidae
Génus: Macrocephalon
Müller, 1846
Spésies: M. maleo
Jeneng binomial
Macrocephalon maleo
S. Müller, 1846

Maleo Senkawor utawi Maleo punika sato kéwan jinis manuk ingkang gadhah nama ilmiah Macrocephalon maleo.[1] Maleo Senkawor punika salah satunggaling jinis manuk gosong ingkang gadhah ukuran sedang saha dawanipun antawis 55 cm.[1] Maleo Senkawor punika tunggal-tunggaling manuk ingkang wonten génus tunggal Macrocephalon.[1] Ingkang nggumunaken, nalika nembé netes saking tiganipun, manuk maleo punika sampun saged mabur.[1] Ukuran tigan manuk maleo awratipun 240 gram ngantos 270 gram saben tiganipun, ukuran dawanipun kirang langkung 11 cm.[1] Manawi kabandingaken kaliyan tigan ayam ukuranipun langkung ageng kaping gangsal ngantos wolu.[1]

Nanging sapunika, manuk maleo senkawor kathah ingkang sampun pejah saéngga saged cures.[2] Bab punika amargi habitat utawi panggénan gesangipun ingkang sangsaya cupet saha tigan-tiganipun manuk maleo senkawor ingkang kathah dipunpendheti déning manungsa.[2] Cacahipun manuk maleo senkawor sapunika dipunètang kirang langkung kirang saking sedasa èwu manuk.[2]

Ciri-Ciri besut

Manuk maleo senkawor punika gadhah wulu ingkang warninipun cemeng, kulit sacedhaning mripat ingkang awerni jene, iris mripat abrit radi coklat saha sikil ingkang awerni ngawu layan, cucuk saha wulu pérangan ngandhap ingkang awerni abrit ném radi pethak.[1] Maleo gadhah sungu utawi jambul ingkang warninipun cemeng.[1]

Populasi besut

Boten ing sadaya panggénan ing Sulawesi saged manggihi maleo.[1] Maleo namung saged kapanggih wonten ing laladan ingkang gadhah sajarah géologi ingkang wonten gayutan lempeng pasifik utawi Australasia.[1]Populasi kéwan endemik Indonésia punika namung kapanggih wonten ing wana tropis dhataran cendhèk pulau Sulawesi mliginipun ing laladan Sulawesi Tengah inggih punika wonten ing laladan Kabupatèn Sigi (Désa Pakuli saha Kabupatèn Banggai.[1]

Cathetan suku besut

  1. a b c d e f g h i j k indosiar.com Archived 2010-02-16 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 7 Oktober 2011)
  2. a b c pariwisataluwukbanggai.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 7 Oktober 2011)