Mh. Rustandi Kartakusuma
Mh. Rustandi Kartakusuma, ingkang miyos ing (lair ing Ciamis, Jawa Barat, 20 Juli 1921 – pati ing Cibubur, 11 April 2008 ing umur 86 taun) tabuh 06.15 WIB ing Panti Jompo Ria Pangyasa, Cibubur, Jawa Kulon inggih kalebet salah satunggaling sastrawan Indonésia. Rustandi kasarékaken dinten Jumat siyang ing Tempat Pemakaman Umum Pondok Rangon, Cibubur.
Mh. Rustandi Kartakusuma | |
---|---|
Lair | Ciamis, Jawa Kilen | 20 Juli 1921
Pati | April 11, 2008 Cibubur, Jawa Kulon | (umur 86)
Pakaryan | Penulis, Sastrawan, Jurnalis |
Riwayat Pagesanganipun
besutRustandi utawi ingkang asring dipunsebat “uyus” ingkang minangka sastrawan angkatan 45 punika ngantos pungkasaning gesang boten gadhah garwa. Ing wekdal piyambakipun sepuh, piyambakipun dipuntitipaken wonten ing Panti Jompo wiwit tanggal 13 November 1996, lan sadèrèngipun dalem wonten ing dalemipun kakangipun ing Kebon Sayur, Jakarta.[1]
Karyanipun Rustandi dipunserat mawi basa Indonésia lan basa Sunda ingkang karyanipun kathah kapacak wonten ing sapérangan médhia. Piyambakipun sampun naté mucal wonten ing Yale University, Amérikah Sarékat lan Harvard University, saha paring kuliah ing Massachusetts Institute of Technology awit saking undhanganipun Stichting voor Culturele Samenwerking. Piyambakipun ugi sampun naté dalem ing Welanda dangunipun satunggal taun saha sinau musik ing Muzieklyceum, Amsterdam.
Rustandi sampun naté sinau ing HBS- B ing taun 1942, lajeng nerasaken ing Sekolah Guru Tinggi ing taun 1944, ugi naté sekolah ing Sekolah Tinggi Islam ing taun 1944, lajeng naté sekolah ing Fakultas Sastra VI saking taun 1946 – 1947, lan naté sekolah ing Muzieklyceum Amsterdam saking taun 1952 – 1953. Masalah sitiran: Tenger <ref>
ora trep;
jeneng ora trep, contoné amarga kakèhan
Ing taun 1951 – 1956, piyambakipun makarya ing KBRR Paris. Ing taun 1953, piyambakipun ndhèrèk Konggrès PEN Club Internasional ing Dublin, Irlandia. Kajawi punika, piyambakipun ugi sampun naté dados redaktur kalawarta (mawi basa Sunda) Mangle saha naté makarya ing LKBN Antara. Salah satunggalipun drama asiling garapanipun, kanthi irah- irahan “Merah Semua Putih Semua” ing taun 1958, pikantuk bebungah Sastra Nasional BMKN ing taun 1957 – 1958. Karyanipun ingkang sanèsipun inggih Prabu dan Puteri (d,1950), Heddie dan Tuti (d, 1951), Rekaman dari Tujuh Daerah (ks, 1951), saha Lagu Kian Jauh (sf, 1961). Terjemahanipun inggih punika: Geisha (d karya Yamamuto Yuzo) saha Yang Mati Tak Bermakam (karya Jean-Paul Sartre).
Pangaji-aji
besut- Satya Lencana Kebudayaan saking Présidhèn Megawati Soekarnoputri awit saking jasanipun ngrembakakaken kesusastraan lan kabudayan Sunda ing taun (2004)
- Bebungah Sastera Rancagé saking Yayasan Kebudayaan Rancagé kanggé jasanipun saged ngrembakakaken basa lan sastra Sunda ing taun (1992) lan kanggé karyanipun ingkang wujud kempalan carkak, Amanat dina Napas Panungtungan (Amanat dalam Nafas Terakhir) ing taun (2005)
Karya Sanèsipun
besut- Prabu dan Puteri, Sebuah Tragedi (wujud drama, ing taun 1950)
- Rekaman dari Tudjuh Daerah (kempalan sajak, 1951)
- Heddie dan Tuti. Tonil Satu Babak Anak Muda (1951)
- Merah Semua Putih Semua (drama, 1958, pikantuk Bebungah BMKN 1960, nanging dipuntolak déning Rustandi)
Sanès-sanèsipun
besutMasalah kabudayanipun Rustandi naté gadhah prakawis kaliyan Sutan Takdir Alisjahbana.[2]
Cathetan suku
besut- ↑ [ http://tokoh.univpancasila.ac.id/?p=1763 Archived 2016-02-04 at the Wayback Machine.] Rustandi Kartakusuma (1921-2008) (dipunundhuh tanggal 24 Januari 2013)
- ↑ [1][pranala mati permanèn] Obituari: Sastrawan Rustandi Kartakusuma Berpulang (dipunundhuh tanggal 24 januari 2013)