Mpu Sindok inggih punika raja ingkang angka pisan saking Karajan Medang periode Jawa Timur ingkang jumeneng nata antawis taun 929947, kanthi gelar Sri Maharaja Rakai Hino Sri Isana Wikramadharmottunggadewa.[1]

Prasasti Mantyasih

Mpu Sindok kaanggep minangka pendiri dinasti énggal kanthi nama Wangsa Isana.[1]

Asal-Usul

besut

Mpu Sindok nalika masa pamarentaha Dyah Tulodhong njabat dados Rakai Mahamantri Halu, denen nalika masa papréntahan Dyah Wawa, minggah pangkat dados Rakai Mahamantri Hino. Kekalih kalungguhan punika minangka kalungguhan ingkang inggl ingkang naming saged dipunisi déning kulawarga raja. Kanthi makaten, Mpu Sindok minangka sawijining bangsawan kelas inggil wonten ing Karajan Medang.[2]

Mpu Sindok gadhah garwa ingkang nama Sri Parameswari Dyah Kebi putri saking Rakai Bawa. Sejarawan Poerbatjaraka nganggep Rakai Bawa sami kaliyan Dyah Wawa. Kanthi makaten, Mpu Sindok dipunanggep minangka mantu saking Dyah Wawa. Nanging, Rakai Baawa punika minangka nama sawijining kalungguhan, déné Dyah Wawa punika nam satunggaling tiyang, saéngga kekalihipun boten saged dipunsebut sami.[2]

Stutterheim manggihaken tokoh Rakai Bawang Mpu Partha, inggih punika sawijining pejabat jaman papréntahan Mpu Daksa. Miturut pamanggihipun, Mpu Partha punika langkung leres dipunsebut minangka bapak saking Dyah Kebi tinimbang Dyah Wawa.[2] Kajawi punika kapanggih ugi nama Rakryan Bawang Dyah Srawana ingkang saged ugi minangka bapak Dyah Kebi.[2]

Pamindhahan Ibu Kota Medang

besut

Pura Karajan Medang nalika wiwit jumeneng dipunprakirakaken dumunung ing laladan Mataram (caket Yogyakarta sapunika). Lajeng nalika masa pamarentahanipun Rakai Pikatan dipunpindhah ing Mamrati (laladan Kedu). Lajeng, nalika pamarentahanipun Dyah Balitung sampun pindhah malih ing Poh Pitu (taksih ing kiwa-tengené Kedu). Lajeng nalika jaman Dyah Wawa dipunprakirakaken wangsul malih ing Mataram.[2]

Mpu Sindok lajeng mindhah pura Medang ing wewengkon Jawa Timur. Wonten ing prasasti, piyambakipun nyebataken bilih karajanipun minangka kalajengan saking Karajan Medang ing Jawa Tengah. Kados ingkang kapanggih ing kalimat Kita prasiddha mangraksa kadatwan rahyangta i Bhumi Mataram i Watugaluh.[3]

Miturut téyori van Bammelen, pura Medang ing Mataram risak akibat jeblugan Gunung Merapi ingkang sesarengan kaliyan lindhu saha jawah material vulkanik. Boten dipunmangertosi kanthi pesthi punapa bencana alam punika kadadosan nalika jaman papréntahan Dyah Wawa utawi jaman pamarentahanipun Mpu Sindok.[3]

Mpu Sindok mimpin penduduk Medang ingkang slamet pindhah tumuju ing sisih wétan. Piyambakipun yasa kutha krajan énggal ing laladan Tamwlang (prasasti Turyan,929). Lajeng pura dipunpindhahaken ing Watugaluh (prasasti Anjukladang,937). Tamwlang punapa déné Watugaluh dipunprakirakaken sapunika wonten ing kiwa-tengené wewengkon Jombang.[1]

Kapustakaan

besut
  • Marwati Poesponegoro & Nugroho Notosusanto. 1990. Sajarah Nasional Indonesia Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka
  • Slamet Muljana. 2005. Menuju Puncak Kemegahan (terbitan ulang 1965). Yogyakarta: LKIS
  • Slamet Muljana. 1979. Nagarakretagama dan Tapsir Sejarahnya. Jakarta: Bhratara

Cathetan suku

besut
  1. a b c [1]
  2. a b c d e [2]
  3. a b [3]


Didhisiki déning:
Dyah Wawa
{{{jabatan}}}
929? – 947
Diganti déning:
Sri Isana Tunggawijaya