Wangsa Isana (Carakan: ꦮꦔ꧀ꦯꦅꦯꦴꦤ) inggih punika sawijining dinasti ingkang nguwaosi Karajan Medang periode Jawa Timur nalika abad ke-10 dumugi wiwitan abad ke-11.[1]

Silsilah Wangsa Isana

Asal-Usul

besut

Tembung Isyana saking nama Sri Isyana Wikramadharmottunggadewa, inggih punika miangka gelar Mpu Sindok sasampunipun dados raja Medang (929947). Dinasti punika nganut agama Hindhu aliran Siwa.[1]

Adhedhasar agama ingkang dipunanut, Mpu Sindok dipunprakirakaken minangka keturunan Sanjaya, pendiri Karajan Medang periode Jawa Tengah. Salah satunggaling pamanggih nyebataken bilih Mpu Sindok punika wayahipun Mpu Daksa ingkang maréntah antawis taun 910–an. Mpu Daksa piyambak nepangaken panganggéan Sanjayawarsa (kalender Sanjaya) saperlu nedahaken bilih piyambakipun minangka keturunan asli saking Sanjaya. kanthi makaten, Mpu Daksa saha Mpu Sindok saged dipunwastani minangka anggota saking Wangsa Sanjaya.[1]

Karajan Medang ing Jawa Tengah risak, lebur akibat jebluganing Gunung Merapi miturut téyori van Bammelen. Mpu Sindok lajeng mindahaken kutha krajan Medang saking Mataram pinuju Tamwlang. Ing sawatawis wekdal, lajeng dipunpindah malih dhumateng Watugaluh. Kekalih pura énggal punika dumunung ing tlatah Jombang.[2]

Mpu Sindok boten namung mindahaken pura Medang ing Jawa Timur, nanging piyambakipun ugi dipunanggep sampun mbiyangun dinasti énggal kanthi nama Wangsa Isana.[2]

Nanging ugi wonten pamanggih ingkang boten nampi kawontenanipun Wangsa Sanjaya saha Wangsa Isana, antawisipun Prof. Poerbatjaraka, Pusponegoro, sarta Notosutanto. Miturut versi punika, wonten ing Karajan Medang namung wonten satunggal dinasti kémawon, inggih punika Wangsa Syailendra, ingkang wiwitanipun kanthi agama Hindhu. Lajeng medal Wangsa Syailendra kapérang amargi wonten ingkang agama Buda.[3]

Kanthi makaten, versi punika gadhah pamanggih bilih Mpu Sindok minangka anggota Wangsa Syailendra ingkang agama Hindhu Siwa, saha ingkang mindahaken pura Karajan Medang ing Jawa Timur.[3]

Silsilah Kulawarga

besut

Silsilah Wangsa Isana kapanggihaken ing prasasti Pucangan taun 1041 kanthi nama Airlangga, sawijining raja ingkang ngaku keturunan Mpu Sindok. Prasasti punika ingkang maringi pamanggih babagan medalipun sawijining dinasti énggal minangka kalajenganipun saking Wangsa Sanjaya.[4]

Cikal bakal Wangsa Isana tamtu kémawon, Mpu Sindok utawi Maharaja Isana. Piyambakipun gadhah putri ingkang nama Sri Isyanatunggawijaya ingkang palakrama kaliyan pangeran Baliingkang nama Sri Lokapala. Saking palakrama punika patutan Makutawangsawardhana, ingkang salajengipun gadhah putri ingkang nama Mahendradatta, inggih punika ibu saking Airlangga.[5]

Rama saking Airlangga inggih punika Udayana Warmadewa raja Bali. Wonten ing prasasti, nama Mahendradatta utawi Gunapriya Dharmapatni dipunsebut langkung rumiyin tinimbang garwanipun. Bab punika nedahaken bilih kedudukan Mahendradatta langkung inggil tinimbang Udayana. Mbok manawi nalika iku Bali minangka nagara andhahanipun Jawa. Penaklukan Bali dipunprakirakaken kadadosan nalika jaman pamaréntahan Dyah Balitung (antawis taun 890900–an) [5]

Prasasti Pucangan ugi nyebataken sawijining raja ingkang nama Dharmawangsa Teguh, mertua saha kerabat Airlangga. Para sejarawan langkung sarujuk bilih Dharmawangsa inggih punika putra Makutawangsawardhana. Pamanggih punika katambahan déning prasasti Sirah Keting ingkng nyebataken Dharmawangsa kanthi nama Sri Maharaja Isyana Dharmawangsa.[6]

Kanthi makaten, Dharmawangsa saged kapesthikaken minangka keturunan Mpu Sindok, éwadéné prasasti Pucangan boten nyebataken kanthi pesthi.[6]

Kapustakaan

besut
  • Marwati Poesponegoro & Nugroho Notosusanto. 1990. Sajarah Nasional Indonesia Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka
  • Slamet Muljana. 1979. Nagarakretagama dan Tapsir Sejarahnya. Jakarta: Bhratara

Cathetan suku

besut
  1. a b c "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2016-03-05. Dibukak ing 2012-12-06.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  2. a b "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-03-03. Dibukak ing 2012-12-06.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  3. a b [1]
  4. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2016-03-06. Dibukak ing 2012-12-06.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  5. a b "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-11-10. Dibukak ing 2012-12-06.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  6. a b [2][pranala mati permanèn]