Prasasti Pucangan

Prasasti Pucangan, uga ingaran Watu Kalkuta (Inggris: Calcutta Stone), iku siji prasasti kang tinulis mawa aksara Kawi lan migunakaké basa Sangsekerta lan Jawa Kuna.[1] Prasasti iki tinulis mawa sengkala taun 963 Saka utawa 1042 Masèhi. Prasasti iki tetinggalan saka mangsa pepréntahané Ratu Èrlangga.[2][3] Ing prasasti iki ana wedharan bab lelakon-lelakon wigati lan sarasilahé santana dalem. Saiki prasasti iki isih sinimpen ing Musiyum Indhu ing kutha Kalkuta amarga digawa Raffles marang pimpinané Tuwan Minto nalika taun 1812.[4]

Prasastiné ingukir ing watu. Ing sisih ngarep nganggo basa Jawa Kuna lan ing sisih mburi nganggo basa Sangsekerta. Sanajan nganggo rong basa, leloroné tinulis nganggo aksara Kawi. Jeneng "Pucangan" kajupuk saka jeneng désa kang kasebut ing prasastiné. Dunungé désa mau ana ing sikilé Gunung Pananggungan kang saiki kabawah Kabupatèn Majakerta, Jawa Wétan.[5]

Peter Carey, nimpuna sajarah asal Inggris, pijer nyuwun pangrèh Indonésia saperlu nyedhaki pangrèh Indhu kapurih baliné Prasasti Pucangan.[6][7] Nanging, kapan baliné prasasti mau ora cetha nganti saiki.[6][7]

Alihaksara besut

Cuplikan isi prasastiné kaya mangkéné:[2]

  1. // svasti // tribhira piguna airu petonŗņa āvvidhānesthi tautathā pralaye aguņaiti yaħ prasiddhasta smaidhāthre namas satatam
  2. agaņi vikrama guruņā praņam yamānas surādhipe nasadã piyas trivikrama iti prathito loke namasta smai

Réferènsi besut

  1. Poesponegoro, M.D.; Notosusanto, N. (1992). Sejarah nasional Indonesia: Jaman kuno. PT Balai Pustaka. ISBN 979-407-408-X.
  2. a b Vernita Hapri, Witasari (2009). Prasasti Pucangan Sansekerta 954 Saka (Suatu Kajian Ulang) (PDF). FIB Universitas Indonesia. kc. 22–42.
  3. Ekspedisi bengawan Solo: laporan jurnalistik Kompas : kehancuran peradaban sungai besar (ing basa Indonesia). Penerbit Buku Kompas. 2008. ISBN 9789797093907.
  4. Raffles, Sir Thomas Stamford, (1817), The History of Java, Vol. II, London:Black, Parbury, and Allen.
  5. Kern, H., (1917), Steen van den berg Pananggungan (Soerabaja), thans in’t India Museum te Calcutta, Verspreide Gescriften VII, 85-114, Gravenhage: Martinus Nijhoff.
  6. a b "International Institute for Asian Studies". iias.asia (ing basa Inggris). Dibukak ing 2018-09-17.
  7. a b Carey, Peter B. "A Tale of Two Governor Generals: Lord Minto and Jean-Chretien Baud and the Return of Indonesian National Heritage" (ing basa Inggris). {{cite journal}}: Cite journal requires |journal= (pitulung)