Naraguna:Wirjadisastra/Alexis Tsipras
Karir pulitik 1999-2015
besutSawisé Parté Kuminis Yunani metu saka kowalisi Synaspismos ing taun 1991, Tsipras panggah ing kowalisi iku. Ing sasi Mèi 1999, dhèwèké dadi panitra kapisan ing golongan kanoman Synaspismos aran Kanoman Synaspismos. Ing mangsa iku, dhèwèké minangka sèntris. Mangkonoa, ing mangsa candhaké nalika dadi lurahé Synaspismos, dhèwèké kasuwur ndhoyong marang golongan kiwa radhikal. Dhèwèké menang akèh pangaji ing nalika iku. Ing sasi Novèmber 2003, kalungguhané digantèni Tasos Koronakis lan dhèwèké ngalih menyang parté babon.
Minangka panitra Kanoman Synaspismos, dhèwèké katut ing rékadaya yasa Forum Sosiyal Yunani lan akèh laku protès nulak globalisasi néyoliberal. Ing sasi Dhésèmber 2004 ing Konggrès Synaspismos 4, dhèwèké kapilih dadi lid Kumite Pulitik Séntral uga ing Kapanitran Pulitik parté iku. Ing Kapanitran Pulitik iku, dhèwèké minangka kang tanggung jawab ing babagan panggulawenthahan (pangajaran) lan kanoman.[1]
Tsipras tembé mlebu ing pulitik Yunani ilèn baku (mainstream) ing mangsa pilihan umum enggonan 2006. Nalika iku, dhèwèké nyalonaké dadi Walikutha Athína sarana kampanyé "Anoihti Poli" (Yunani: Ανοιχτή Πόλη, "Kutha Binuka") saka parté Syriza. Dhèwèké olèh swara 10,51% saka warga Athína lan mandheg ing tataran katelu. Tsipras olèh kalungguhan ing rad Kuthamadya Athína amarga jenengé kapacak ing urutan siji ing pratélané parté Syriza.[1][2] Dhèwèké ora nyalonaké dadi lid Parlemèn Yunani nalika pilihan umum 2007, nanging milih ngrampungaké mangsa kalungguhané minangka lid rad Kuthamadya Athína.
Tsipras kapilih dadi lurahé Synaspismos ing konggrès kalima ing tanggal 10 Fèbruari 2008 amarga lurah sadurungé, Alekos Alavanos, mutusaké sèlèh jalaran alesan pribadi.[3] Tsipras dadi lurah Synaspismos nalika umur 33, mula karan lurah enom dhéwé ing parté pulitik Yunani kawit taun 1931. Ing pilihan umum 2009, dhèwèké kapilih mlebu ing Parlemèn Yunani tumrap tlatah Athína A lan ing tembé kapilih mutlak dadi lurahé golongan parlemènter Syriza.[4][5] Tsipras mandhégani SYRIZA lumantar pilihan umum 2012, nyeksèni alihan swara 22% menyang parténé, lan dadi Pangarep Oposisi lan lurah Kabinèt Wayangan Alexis Tsipras.
Ing sasi Dhésèmber 2013, Tsipras minangka calon kapisan kang diusulaké GUE/NGL (Kiwa Manunggal Éropah/Kiwa Ijo Nor) tumrap kalungguhan présidhèn ing Komisi Uni Éropah. Olèhé dicalonaké iku kanggo pilihan umum tumrap Parlemèn Éropah ing Mèi 2014 kang bakal ditindakaké nagara-nagara anggota Uni Éropah.
Tsipras kampanye minangka sawiji calon saka nagara-nagara tapel wates kidul. Ing kawitan sasi Mèi 2014, ing siji sesorah ing Berlin, dhèwèké njlèntrèhaké manéka rupa kalungguhané kanggo lumawan ilèn pulitik néyoliberal ing Éropah kang diwengku (didhominasi) Merkel. Tsipras tetawa rancangan owah-owahan gedhé kang luwih becik tumrap wong Éropah kang bakal katon 10 taun ing tembé buri. Dhèwèké nyebut péhak-péhak kang ora kuwawa nangani krisis ardana (financial) saka taun 2008 tekan 2014 kang njalari akèhé wong tuna karya kang ora kinira mligi ing Uni Éropah. Sesorahé nganggo basa Inggris kanggo wong-wong Jerman lan kanggo kasiyaraké ing saindengé Éropah.[6] Sanajan menang ing Yunani, kanthi menang enem saka 21 kursi Yunani ing Parlemèn Éropah, GUE/NGL mandheg ing urutan kalima ing saindengé Éropah.
Mahamantri
besutMangsa kapisan (Januwari–Agustus 2015)
besutSyriza nalika dipimpin Tsipras menang pilihan umum kang kagelar ing tanggal 25 Januwari 2015, sanajan kurang rong kursi supaya dadi mayoritas ing parlemèn. Ésuké, Tsipras ngadani mupakatan karo parté Yunani Mardika, kang kondhang minangka populis kiping tengen, saperlu yasa kowalisi.
Ing dina kang padha, minangka Mahamantri kang enom dhéwé ing sajarah Yunani kawit 1865 dhèwèké dikepyakaké Présidhèn Karolos Papoulias nganggo ukara "Ingsun mratélakaké lumantar jeneng, kaurmatan, lan budi ingsun sedya negakaké undhang-undhang lan ukum-ukumé."[7] Tsipras uga minangka mahamantri kapisan kang nganggo sumpah kalungguhan sipil, dudu sumpah agama. Kang mangkono nandhani sudané prabawa budaya upacara ortodhok Yunani.[8] Sanajan kandha yèn parténé isih sesambungan becik karo gréja, dhèwèké njalari gendra nalika patemon karo Mahabiskop Ieronymos. Tsipras mratélakaké yèn dhèwèké ora bakal nganggo sumpah kalungguhan agama amarga dhèwèké atéis kang ora pikrama sarana upacara agama lan ora mbaptis anak-anaké.[9]
Kang kapisan ditindakaké Tsipras sawisé kepyakan iku nekani Sasana Panambegan Kaisariani. Dhèwèké ndokok mawar abang kanggo mèngeti wong 200 kang mbélani Yunani kang diperjaya Wehrmacht Jerman ing tanggal 1 Mèi 1944.[10]
Ing patemon kapisan saka kabinèt anyar, Tsipras ngumumaké prakara-prakara kang kudu tinengenaké pepréntahan saperlu ngrampungi "krisis kamanungsan" ing Yunani, rundhingan-rundhingan karo Uni Éropah lan IMF kanggo ngambali nata utangé Yunani, lan pangecaké jangji-jangjiné SYRIZA kaya déné mbusek niti-niti swastanisasi saka pepréntahan sadurungé.[11]
Ing tanggal 3 Fèbruwari, Tsipras nindakaké lawadan kaprajan resmi kang kapisan marang Mahamantri Itali Matteo Renzi ing Roma. Wong loro iku nggelar pasamuwan près barengan kanggo nyatakaké rasa prihatiné tumrap rékadaya pangéman kang dicakaké Kumisi Juncker lan wènèh panemu manawa undhak-undhakan ékonomi minangka sawiji cara kanggo metu saka krisis. Sarampungé pasamuwan près, Renzi mènèhi Tsipras bebungah dhasi Itali. Tsipras, kang kondhang amarga ora tau nganggo dhasi, ngaturaké panuwun marang Renzi lan kandha bakal nganggo dhasiné ing acara slametan nalika Yunani kasil ngambali rundhingan bab rékadaya pangeman mau.[12]
Ing tanggal 20 Fèbruwari, Eurogroup mupakatan karo Yunani saperlu ndawakaké mangsa bailout Yunani nganti patang sasi.[13] Tsipras uga martakaké lungané menyang Mosko ing tanggal 8 April saperlu ngéntukaké panyengkuyungé Ruslan.[14]
Ing tanggal 31 Mèi, Tsipras njlèntrèhaké panyruwéné lan rancangané minangka dudutan saka kadadéan-kadadéan kawit pamilihan umum. Pepuntoning panemuné ya iku ana saorané rong gegayuhan kang adu arep kanggo integrasi Éropah. Leloroné ora silih laras lan ana péhak mirunggan kang duwé "obsèsi" anggoné ngecakaké program tèhnokratiké dhéwé.[15]
Ing tanggal 22 Juni, Tsipras medharaké proposal Yunani kang anyar, kang isiné kalebu ngundhakaké umur pènsiyunan baka sathithik dadi 67 lan matesi pèsiyun gasik. Proposal mau uga nawa owah-owahan gedhé ing tata pajeg winuwuhan aji (value-added-tax) supaya tarip pokoké dadi 23 persèn.[16] Ing tanggal 29 Juni, bang-bang Yunani panggah tutup lan Tsipras kandha kang mangkono kanggo ngendhalèni pawitan. Dedagangan panduman lan obligasi Yunani uga kaendheg.[17][18]
Réferèndhum bailout
besutIng tanggal 27 Juni 2015, Tsipras ngumumaké réferèndhum kanggo mutusaké kudu-orané Yunani nampa wewaton bailout kang diusulaké Kumisi Juncker barengan karo IMF saha Bang Séntral Éropah.
Tsipras mrayogakaké wong-wong supaya mènèhi swara "Ora". Ing tanggal 3 Juli, dhèwèké sesorah ing sangarepé udakara wong 250.000 ing alun-alun Syntagma ing arepé parlemèn. Ing kono, dhèwèké nulak pepéliké sawatara pangarep, ya iku yèn kasilé pilihan umum ing dina Minggu iku "Ora", Yunani bisa katundhung saka laladan yuro. Dhèwèké ngumumaké "Ing dina Minggu, awak dhéwé ora mung mutusaké supaya tetep ing Éropah, nanging awak dhéwé mutusaké supaya panggah urip luhur ing Eropah".[19] Kasil réferèndhum ya iku 61,3 persèn milih "Ora."[20]
Fidel Castro ngirimi Tsipras layang slamet kawit wijayané swara "Ora". Ing layang iku, dhèwèké kandha yèn sudirané wong Yunani dadi gumuné wong-wong Amérikah Latin lan Karibiyah.[21]
Mupakatan bailout
besutSarampungé rundhingan sawatara dina, ing tanggal 13 Juli 2015 Tsipras wusana mupakatan karo péhak kang nyilihi dhuwit.[22] Yunani bakal olèh silihan dhuwit kèhé 82 nganti 86 milyar yuro kang bakal kawènèhaké baka sathithik kawit taun 2015 nganti sasi Juni 2018. Sawaliké, Yunani kudu (1) ngundhakaké pajeg-kawuwuhan-aji utawa VAT, (2) ngowahi tata pènsiyun, (3) mesthèkaké ELSTAT bisa lumaku mardika, (4) ngethok blanja nagara supaya olèh punjulan (surplus), (5) nganyari pangadilan supaya putusan bisa ginawé rikat, (6) nganut owah-owahan kang diusulaké OECD, (7) njabut pranatan-pranatan kang diabsahaké Tsipras kajaba pranatan kang gegayutan "krisis kamanungsan", (8) ngambali mawiti bang-bang, (9) nindakaké swastanisasi marang barang-barang darbéné nagara kang ajiné 50 milyar, lan (10) nyuda blanja ing babagan publik. Kanthi mangkono, Tsipras bakal olèh pakèt Juncker kang ajiné 35 milyar yuro kang tegesé kanggo nulungi tuwuhé ékonomi Yunani.[23] Pepréntahan Yunani kang diwengku parté Syriza iku nampa pakèt bailout kang isiné kethokan pènsiyun kang luwih gedhé lan undhak-undhakan pajeg. Prakara iku kang ditulak wong Yunani nalika réferèndhum.[24]
Ing tanggal 14 Agustus, parlemèn Yunani nyengkuyung mupakatan bailout kang anyar, sanajan 40 lid parlemèn luwih saka parté Syriza milih nulak mupakatané lan Tsipras kudu gumantung marang panyengkuyungé oposisi kang pro-Uni Éropah kaya ta parté Dhémokrasi Anyar, To Potami, lan PASOK. Tsipras ngandhani lid parlemèn manawa nagara lagi ngadhepi rong pilihan antarané "panggah urip utawa nglampus dhiri." Dhèwèké uga kandha, "Aku duwé rasa-pangrasa kang pramana manawa prayogané kita nampa iku (bailout) ing kaanan Éropah saiki kang kuwasané satimbang lan ing kaanan ékonomi lan lara ardana kang kaener marang kita."[25]
Sèrèh
besutIng tanggal 20 Agustus 2015, Tsipras sèrèh saka Mahamantri Yunani amarga pambalélané lid-lid parlemèn saka parténé dhéwé, Syriza, lan ngumumaké pilihan umum rikat.[26] Dhèwèké ngumumaké resmi kanthi siniyaraké ing télévisi. Sawurungé parté-parté oposisi yasa pepréntahan, Vassiliki Thanou-Christophilou tinanggenah Mahamantri-antara nganti pilihan umum bisa katindakaké.
Mangsa kapindho (2015–saiki)
besutPilihan umum ambalan
besutSanajan ing pilihan umum sadurungé olèh sathithik, mung 57% lumawan 64%, Tsipras olèh swara kuwat ing pilihan umum 20 Sèptèmber. Parté Syriza olèh 35,50% swara,[27] kang cukup saperlu yasa kowalisi karo ANEL.[28] Aliya saka iku, ing pepréntahan kang anyar Tsipras nanggenah Dimitris Kammenos, pulitisi ANEL, minangka wakil mantri pambangunan, pangangkudan, lan jejaringan. Pamilihé iku njalari béda panemu amarga Kammenos kaciri anti wong Yahudi, rasis, lan samatrasa (homophobic) saka kandha-kandhané ing Twitter, kaya ta ndakwa yèn wong Yahudi kang nindakaké gègèr 9/11.[29] Panulak tumrap dhèwèké wusana meksa Kammenos mundhur. Mula, dhèwèké olèhé dadi mantri ora nganti 12 jam.[30]
Pepréntahan kapindho
besutIng tanggal 27 Sèptèmber, Tsipras kandha marang Bill Clinton ing Clinton Global Initiative bab butuhé ngambali nata utangé Yunani, ngowahi administrasi publik lan nekakaké inpèstasi.[31] Ing tanggal 30 Sèptèmber, Panos Kammenos (Mantri Pangayoman) mèngeti wijayané Yunani ing perang Salamina. Tindakané njalari padudon amarga sawenèh wong ngarani olèhé mèngeti mirib tindakané junta.[32][33] Ing tanggal 9 Oktober, Tsipras karo Panos Kammenos marani gladhi militèr aran Parmenion mawa busana jakèt militèr.[34]
Ing tanggal 22 Oktober, punggawa pangumpul pajeg kang kondhang ing Yunani aran Katerina Savvaidou dilèrèhi Tsipras amarga dinuga nerusaké idin setasiyun télévisi kang mbayar pajeg pariwara 20 persèn.[35] Rékadaya kang ditindakaké pepréntahané njalari gendra. Wong-wong tani ngancam nggawa traktor-traktoré menyang Athína lan para apotèker mogok makarya.[36] Ing tanggal 7 Nopèmber, Tsipras olèh panampa sengit nalika nekani kémah-kémah wong ngungsi ing Lesbos lan diadhang protès wong satusan kang nganggo jakèt kambang (life jacket) mawa blabag kang isiné kongkong supaya Uni Éropah ngendheg pepati kanthi cara ngidinaké lan nglégalaké wong ngungsi teka menyang Éropah.[37] Ing dina kang padha, Giannis Panousis, tilas Mantri Sulih ing Pangayoman Rakyat ing kabinèt kapisan, kandha manawa ana gegayutan antarané pulitisi lan téroris lan manawa pulitisi ing pepréntahan saiki péngin matèni awaké dhéwé. Dhèwèké ndakwa Tsipras weruh prakara iku. Nanging, pandakwané ora kacihna.[38]
Ing tanggal 17 Nopèmber, sabubaré diala-ala wong anarki, ing sesorahé ing parlemèn Tsipras mbandhingaké wong-wong mau karo Golden Dawn lan kandha manawa ora butuh anané juru slamet kang ora ingundhang "kang rumangsa bisa njangka urip lan pati".[39] Ing tanggal 18 Nopèmber, Tsipras minangka mahamantri Yunani kapisan kang nekani Provinsi Izmir ing Wewengkon Ege ing Turki kawit wadyabala Yunani ngejègi Smyrna. Dhèwèké teka ing Turki saperlu patemon karo Mahamantri Ahmet Davutoğlu. Leloroné sarujuk saperlu tembayatan lan bakal ana tembayatan ing babagan tèhnik antarané jaga pasisir (coast guard) Yunani lan Turki.[40]
Ing tanggal 8 Mèi 2016, Tsipras ngukuhaké rékadaya pangéman anyar ing parlemèn kang isiné nglimputi undhak-undhakan pajeg marang wong kang pakolèhé sedhengan lan dhuwur lan ngethok ardana kang nyrambahi samubarang péhak kang bakal ngéman GDP Yunani telung persèn. Owah-owahan uga nglimputi mbusek korting ing pajeg-kawuwuhan-aji, ngethok pènsiyun, lan murungaké sawenèh pranatan. Tsipras ngajak wong-wong supaya padha sarèh, nanging uga sarujuk marang pakèt pangéman lan kandha manawa pangéman iku minangkani mupakatané karo Uni Éropah taun kapungkur.[41] Ing tanggal 22 Mèi, Tsipras ngukuhaké rékadaya pangéman lanjutan. Undhang-undhang nglebokaké rékadaya "ora dinuga" kaya ta ngethok opah lan pèsiyun, kang bakal lumaku langsung manawa tindakan-tindakané ing tembé ora mathuk karo rantaman (budget). Pajeg sigarèt, kopi, lan bir kaundhakaké, déné pajeg properti kaatur manèh supaya ngundhakaké pakolèh saka yasan-yasan gedhé. Siji agènsi swastanisasi anyar kayasa lan olèh wewenang 99 taun kanggo ngembangaké lan ngadol properti darbéné praja. Tsipras ngukuhaké anggoné nindakaké rékadaya fiskal. "Mangsa sumber (spring) bokmanawa wis mèh rampung, nanging awak dhéwé ngantu-antu sumber ékonomi lan bali nuwuhaké (ékonomi) taun iki," kandhané mahamantri marang parlemèn.[42]
Ilias Kasidiaris saka parté Chrysí Avgí teka ing protès anti-masjid ing Athína nalika tanggal 4 Nopèmber 2016. Wosé protèsé iku bab masjid kang didanani pepréntahan kang diwengku Syriza amarga manggoni palemahan Wadya Lautan Yunani lan nganggo dhuwit nagara anggoné yasa. Kaanan iku njalari panampa ala déning publik ing njero nagara lan saka manéka golongan pulitik, uga kawartakaké tekan njaban rangkah. Panampa ala iku amarga pepréntahan ngethok blanja publik kanggo warga Yunani kang pérangan gedhéné (punjul 98% [43]) wong Kristen Ortodhok Yunani.[44] Nanging, pepréntahan lan oposisi nyengkuyung yasané masjid kapisan ing Athína sanajan ana panampa ala saka warga lan parté amarga temahané ing babagan ardana lan undhang-undhang. Prakara liyané ya iku pepréntahan kang diwengku Syriza ngupaya nyuda prabawané Gréja Ortodhok Yunani ing bebrayan agung Yunani.
Ing wawancara karo the Guardian kang kababar ing tanggal 24 Juli 2017, Tsipras mènèhi panemu manawa ékonomi Yunani "mundhak" lan "kang ala-ala wis kapungkur." Dhèwèké uga pracaya manawa Yunani ora bakal gumantung manèh marang bailout lan pangawas internasiyonal ing taun 2018. Miturut lapuran médhiyah saka tengah Juli, Yunani ngrancang arep mèlu manèh pasar obligasi, kawit metu nalika taun 2014, saperlu nyilih saka pasar pawitan.[45] Tindak mangkono kinira amarga pepréntahan bisa mbabar obligasi limang taun sanalika nalika weton ing obligasi Yunani lagi cendhak-cendhaké kawit nagara iku ninggal pasar ing taun 2014.[46] Wara-warané metu sawatara dina sawisé IMF "manut asasé" nampa Yunani mawa sarat anggoné nyilih ardana kèhé $1,8 milyar. IMF mutusaké anggoné mènèhi ardana silihan gumantung marang bisané utangé Yunani pulih tanpa gumantung péhak njaba manèh, uga ndhesek nagara-nagara ing laladan yuro mènèhi pitulung marang Yunani nangani utangé.
In sasi Oktober 2017, Mahamantri Tsipras patemon karo Présidhèn Donald Trump ing Washington DC. Présidhèn Donald Trump ngandhani Mahamantri Yunani Alexis Tsipras manawa dhèwèké nyengkuyung rancangan "pitulung utang kang tanggung jawab" marang Yunani. Ngadeg ing sandhingé Tsipras ing Taman Mawar Dalem Séta (White House Rose Garden), Trump kandha manawa wong Amérikah “nyengkuyung wong Yunani pulih saka krisis ékonomi”.[47] Trump kandha yèn Yunani wis "ngliwati akèh prakara" ing kala masalah ékonomi kang dawa lan jangji manawa Amérikah Sarékat bakal tetep santosa nalika nindakaké rancangan pitulung utang. Trump uga kandha manawa pepréntahané wis ngabari Konggrès bab anané kamungkinan pangedol saperlu nganyari montor mabur F-16 ing Wadya Gegana Yunani. Blanjan iku ajiné $2,4 milyar. Tsipras kandha yèn dhèwèké lan Trump ana dol-tinuku kang prodhuktif lan "ora rumangsa kaancam sawayah-sayah" nalika sapatemon. Pangarep Yunani iku uga kandha yèn nuggal "ajèn" (value) karo Amérikah Sarékat.[48]
Urip pribadi
besutTsipras ora pikrama. Pasangané kang kadhaptar aran Peristera "Betty" Baziana, insinyur èlèktronik lan komputer. Leloroné pranggulan ing taun 1987, nalika umur 13, ing Pamulangan Luhur Cawang Ampelokipoi. Leloroné ing tembé dadi lid Kanoman Kuminis Yunani. Wong loro iku urip barengan ing Athína karo anak lanangé loro.[49] Anak lanangé kang ragil duwé jeneng tengah Ernesto kanggo ngajèni Che Guevara. Tsipras iku pandhemen bal-balan lan gedhé ing stadhiyon, nyengkuyung Panathinaikos, sabisané nekani saben tetandhingan ing jeron nagara.[50] Tsipras ngaku minangka atéis.[51][52] Kang mangkono njalari dhèwèké dadi salah siji saka rong pangarep pepréntahan lan praja ing Uni Éropah kang atéis nalika kasumpah. Aliya saka dhèwèké ya iku Présidhèn Céko Miloš Zeman.[53] [[Kategori:Wong urip]] [[Kategori:Lair 1974]]
- ↑ a b "Alexis Tsipras". Synaspismos. syn.gr. Diarsip saka sing asli ing 12 June 2011. Dibukak ing 22 May 2009.
{{cite web}}
: Unknown parameter|dead-url=
ignored (|url-status=
suggested) (pitulung) - ↑ "Coalition selects A. Tsipras for Athens mayorship". ANA-MPA. Dibukak ing 22 May 2009.
- ↑ "Tsipras new SYN leader, new CPC elected". ANA-MPA. ana.gr. Dibukak ing 26 April 2009.
- ↑ Ανανέωση αλλά και ηχηρές απουσίες στη νέα Βουλή. ANA-MPA . 9 October 2006. Dibukak ing 9 October 2009.
- ↑ "Alexis Tsipras to head SYRIZA Parliamentary group". Athina 9.84 Municipal Radio. athina984.gr. 8 October 2009. Diarsip saka sing asli ing 17 July 2011. Dibukak ing 9 October 2009.
{{cite news}}
: Unknown parameter|dead-url=
ignored (|url-status=
suggested) (pitulung) - ↑ "Archived copy". Diarsip saka sing asli ing 17 May 2014. Dibukak ing 2014-05-17.
{{cite web}}
: Unknown parameter|dead-url=
ignored (|url-status=
suggested) (pitulung)CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ "Greek Elections: Alexis Tsipras sworn in as the new Greek Prime Minister". newsit.gr. 26 January 2015. Dibukak ing 10 February 2015.
- ↑ "A courteous distance". The Economist. 26 January 2015. Dibukak ing 10 February 2015.
- ↑ "Tsipras explanation to Archbishop over lack of religious oath of office". Proto Thema. 26 January 2015. Dibukak ing 10 February 2015.
- ↑ Helena Smith (26 January 2015). "Alexis Tsipras pays homage to Greek communists at site of Nazi atrocity". The Guardian. Dibukak ing 14 February 2015.
- ↑ ""Ανατροπές παντού -Αλλάζουν όλα σε ΔΕΗ, Παιδεία, Δημόσιο, ιδιωτικοποιήσεις" (Total recall - Everything changes in Public Power Corp., Education, Public Sector and privatizations)". iefimerida.gr. Dibukak ing 28 January 2015.
- ↑ "Tsipras, il tour anti-austerità a Roma. Padoan: "Crescita priorità per la Grecia"". Repubblica.it. 3 February 2015.
- ↑ "Eurozone chiefs strike deal to extend Greek bailout for four months". theguardian.com. Dibukak ing 20 February 2015.
- ↑ Khan, Mehreen (6 April 2015). "Isolated Greece pivots east to Russia, China and Iran. But will it work?". The Daily Telegraph. London. Dibukak ing 6 April 2015.
- ↑ lemonde.fr: "Alexis Tetep :" Non à une zona euro à deux vitesses "", 31 Mei 2015
- ↑ "Yunani nawakake rencana anyar kanggo menging default, tukang kredit ndeleng sawetara pangarep-arep", Reuters, 22 juni 2015
- ↑ Mark Thompson (28 June 2015). "Greece shuts banks in bid to prevent collapse". CNNMoney.
- ↑ "Greek debt crisis: Banks to stay shut, capital controls imposed". BBC News.
- ↑ "Greece PM urges 'No' vote to 'live with dignity in Europe'". Yahoo News UK. 3 July 2015.
- ↑ Δημοψήφισμα Ιούλιος 2015, Ministry of Interior lan Administratif Reconstruction. (diakses 5 juli 2015)
- ↑ ""Συγχαρητήρια επιστολή Φιντέλ Κάστρο στον Αλέξη Τσίπρα" (Congratulation letter by Fidel Castro to Alexis Tsipras)". kathimerini.gr. Dibukak ing 6 July 2015.
- ↑ "Αναλυτικά τι προβλέπει η συμφωνία της Συνόδου Κορυφής". news247.gr. Dibukak ing 13 July 2015.
- ↑ "A new start for jobs and growth in Greece: Commission mobilises more than €35 billion from the EU budget". europa.eu. Dibukak ing 15 July 2015.
- ↑ Jerman-Mimpin Eurozone Ngetokake Kudeta Marang Pamaréntah Yunani. Ing Huffington Post. 12 juli 2015.
- ↑ "Greek MPs back €85bn bailout after marathon talks". bbc.com. Dibukak ing 14 August 2015.
- ↑ "Greece crisis: PM Alexis Tsipras quits and calls early polls". BBC News. Dibukak ing 20 August 2015.
- ↑ "Guardian". Dibukak ing 10 November 2015.
- ↑ "Voter Turnout in Greek Elections Drops to New Historic Low". Greek Reporter. 21 September 2015. Dibukak ing 21 September 2015.
- ↑ "Greek Prime Minister Alexis Tsipras just appointed a minister with a horrendous record of anti-Semitic comments". businessinsider.com. Dibukak ing 23 September 2015.
- ↑ ""Dimitris Kammenos resigns" Παραιτήθηκε ο Δημήτρης Καμμένος". iefimerida.gr. Dibukak ing 23 September 2015.
- ↑ ""What Alexis Tsipras said to Bill Clinton" Τι είπε ο Αλέξης Τσίπρας στον Μπιλ Κλίντον". news247.gr/. Dibukak ing 28 September 2015.
- ↑ ""Kammenos in Salamina: rocky islets, fundamentalism and EPIC photos" Καμμένος στη Σαλαμίνα: Βραχονησίδες, φονταμενταλισμός και ΕΠΙΚΕΣ φωτογραφίες". news247.gr. Dibukak ing 30 September 2015.
- ↑ ""See Kammenos like another fighter of Salamina....against Xerxes" Δείτε τον Καμμένο σαν άλλο Σαλαμινομάχο κατά... Ξέρξη". www.protothema.gr. Dibukak ing 30 September 2015.
- ↑ ""In the military exercise Parmenion was Al. Tsipras" Στη στρατιωτική άσκηση "Παρμενίων" ο Αλ. Τσίπρας". www.naftemporiki.gr. Dibukak ing 9 October 2015.
- ↑ "Greece's top tax collector sacked by Tsipras". Financial Times. Dibukak ing 22 October 2015.
- ↑ "Tsipras' biggest stress tests yet to come". Reuters. Dibukak ing 2 November 2015.
- ↑ "Alexis Tsipras receives angry reception at Lesbos refugee camp". Independent. Dibukak ing 7 November 2015.
- ↑ ""Panousis: politicians who are connected with terrorists threaten my life" "Βόμβες" Πανούση: Πολιτικοί που έχουν σχέση με τρομοκράτες απειλούν την ζωή μου". www.iefimerida.gr. Dibukak ing 7 November 2015.
- ↑ ""Tsipras for anarchists: Uncalled saviors who think that they can determinate life and death." Τσίπρας για δήθεν αντιεξουσιαστές: Αυτόκλητοι σωτήρες που νομίζουν ότι ορίζουν τη ζωή και το θάνατο". www.protothema.gr. Dibukak ing 17 November 2015.
- ↑ ""Tsipras: We must cooperate with Turkey on the refugee crisis" Αλ. Τσίπρας: Πρέπει να αντιμετωπίσουμε από κοινού με την Τουρκία το προσφυγικό". www.naftemporiki.gr. Dibukak ing 18 November 2015.
- ↑ "Tsipras defies protesters, austerity measures pass". thebricspost. Dibukak ing 9 May 2016.
- ↑ "Athens agrees fiscal measures in exchange for debt relief talks". ft. Dibukak ing 22 May 2016.
- ↑ "The World Factbook — Central Intelligence Agency". www.cia.gov. Dibukak ing 17 May 2018.
- ↑ Bouras, Stelios (4 November 2016). "Greek Police Clear Anti-Mosque Demonstrators as Golden Dawn Vows to Fight On". Dibukak ing 17 May 2018.
- ↑ Amaro, Silvia (2017-07-18). "Greece could return to the bond markets as early as next week". Dibukak ing 2017-07-24.
- ↑ "Greece looking at bond market return" (ing basa Inggris). Dibukak ing 2017-07-24.
- ↑ "Trump welcomes Greece's Tsipras to White House". Financial Times (ing basa Inggris Karajan Manunggal). 2017-10-18. ISSN 0261-3077. Dibukak ing 2017-10-18.
- ↑ "US President meets Greek Prime Minister". ABC News. 2017-10-18. Dibukak ing 2017-10-18.
- ↑ Έγινε πατέρας ο Αλέξης Τσίπρας . cosmo.gr. 17 May 2010. Diarsip saka sing asli ing 20 May 2010. Dibukak ing 16 October 2010.
{{cite web}}
: Unknown parameter|dead-url=
ignored (|url-status=
suggested) (pitulung) - ↑ Andy Denwood (14 May 2012). "Profile: Alexis Tsipras, leader of Syriza". BBC News.
- ↑ Smith, Helena (18 September 2014). "Pope Francis the 'pontiff of the poor', says Greece's Alexis Tsipras". The Guardian.
Alexis Tsipras – a radical leftist and self-described atheist
- ↑ "Greece's far left: The company he keeps". The Economist. 4 October 2014.
Mr Tsipras, an atheist
- ↑ "These are the religious beliefs of Europe's leaders—including the atheists". Dibukak ing 28 January 2015.